Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

50+ Contoh Geguritan Bahasa Jawa Dalam Berbagai Tema : Pengertian, Arti & Ciri

Pernahkah kalian mendengar kata geguritan Jawa atau kita lebih mengenalnya sebagai puisi Jawa ?. Dulu sewaktu kita duduk di bangku sekolah, seringkali kita diberikan tugas membuat geguritan Bahasa Jawa singkat terutama untuk memperingati hari pendidikan dengan tema guru, sekolah, ibu ataupun dengan tema lingkungan. Namun sejatinya, apakah kita sudah mengerti pengertian dari geguritan itu sendiri ? Apa yang menjadi ciri-cirinya dan apa yang membedakan karya sastra ini dengan karya sastra lainnya?. Di kesempatan kali ini admin akan sedikit membahas tentang geguritan Jawa mulai dari pengertian, makna dan contohnya dalam berbagai tema baik itu geguritan Jawa kuno [ gagrak lawas ] maupun modern. Berikut ulasannya :

Contoh Geguritan Bahasa Jawa

Pengertian Geguritan 

Geguritan memiliki beberapa pengertian yaiku sastra kuna yang memiliki ciri sastra lama atau klasik yang bersifat anonim yaitu tanpa nama pengarang atau penulis. Selain pengertian di atas geguritan memiliki beberapa pengertian lain seperti yang diungkapkan oleh Padmosoekotjo (1960: 1920). Menurutnya geguritan atau guritan berarti kidung atau tembang.

Geguritan adalah susunan bahasa seperti syair yang termasuk dalam golongan puisi Jawa baru dan berisi pengungkapan perasaan penyair secara indah yakni keindahan secara obyektif dan merujuk pada pengalaman estetik serta tidak terikat oleh aturan kebahasaan.

Geguritan yaiku golongane sastra edi ( puisi ) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kelair basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging ora usah kecancang ing patokan-patokan, wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipating tembang macapat lan sapanunggalane - Hadiwijaya 1967:129

[ Geguritan adalah golongan sastra yang indah ( puisi ) Jaa cara baru yang mengungkapkan perasaan senang, ungkapan bahasa yang sesuai dengan keindahan rasa tetapi tidak berpedoman pada aturan guru gatra, guru lagu, dan guru wilangan tertentu, berbeda dengan macapat dan sebagainya ].

Dalam perkembangannya puisi Jawa sendiri dibagi menjadi dua, yakni puisi Jawa tradisional dan puisi Jawa modern. Puisi Jawa Tradisional terdiri menjadi beberapa jenis, diantaranya : tembang, parikan, guritan, singir, dan tembang dolanan anak-anak. Yang termasuk ke dalam tembang diantaranya : (1) puisi tembang macapat, (2) puisi tembang tengahan, dan (3) puisi tembang gedhe. 

Makna Geguritan

Dalam tradisi sastra Jawa tradisional, karya sastra ditulis untuk memberikan pendidikan kepada masyarakat. Namun menurut Sastroatmodjo (1989:60) sastra Jawa ditulis tidak hanya sebagai perlambang (simbol) atau sindiran, tetapi juga terkandung beberapa maksud diantaranya :

  1. Sebagai wujud rasa saling menyentuh dan memiliki antarmanusia
  2. Sebagai ungkapan saling mengoreksi diri sendiri atau mengoreksi terhadap kemanusiaan
  3. Sebagai ekspresi keberanian dan pembaharuan dan lingkungan hidup yang tidak terbatas oleh ruang dan waktu
  4. Sebagai bentuk rasa mulia yang berkaitan langsung dengan kelestarian bumi, tanah, dan air. 

Geguritan di dalam sastra Jawa memiliki berbagai macam makna dan tema yang berkaitan dengan kehidupan manusia seperti kaitannya dengan alam, pendidikan, sekolah, budi pekerti, kebersihan, budaya, ibu, katresnan, sampah, agama, pahlawan, katresnan dan masih banyak lainnya. Semuanya mendidik kita agar kita lebih mawas diri dan mencintai terlebih alam sekitar kita, mendekatkan diri dengan Tuhan sang pencipta dan mengajak kita untuk memiliki semangat nasionalisme dan cinta kepada tanah air serta cinta kepada pahlawan bangsa.


 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Dalam Berbagai Tema


Geguritan Tema Pendidikan

    Sekolahku
[ Satrio Adi W ]

Bangunan kang megah
Ayem, endah lan asri
Nambahi bungah atiku
Nambahi semangat siswa siswine
Golek ilmu kanggo mbesukke
Saben dino aku ngrungokke piwulange guru
Ora tau mbadal yen dituturi
Merga aku ngerti yen guru iku digugu lan ditiru
Tambah dina tambah marem atiku
Sekolah menyang SMP
Sing tambah maju prestasine

    Cita-Citaku 
[ Yunda Dayanti ]

Esuk budhal sekolah
Sore nyekel buku
Awan daknggo turu
Mung arep nggayuh cita-citaku
Yen dak roso ora ono wektu dinggo senenge atiku
Aku sinau saben dina
Tansah manut dhawuhe wong tuwaku
Supaya aku dadi bocah pinter
Ing tembe bisa mujudake cita-citaku
Bisa mendhem jero lan mikul dhuwur marang wong tuwa
Bisa mulyakne wong tuwaku
Lan utamane bisa bekti marang wong tuwaku
Ya mung kanti cita-cita iki aku bisa semangat
Semangat sinau
Lan uga semangat nggayuh kabeh keinginanku

  
Geguritan Bahasa Jawa tema pendidikan

Geguritan Tema Sekolah

            Kelasku 
[ Aprilia Tri Mawarni ]

Kelasku...
Kelas kang resik lan apik
Kelas kang muride akeh
Kabeh muride guyup rukun
Murid kang senengane sinau

Kelasku... 
Bocahe ayu-ayu
Sing lanang yo bagus-bagus
Watake beda-beda saben bocah
Nanging saben dina saben diwulang rame banget
Nganti nggawe gurune duka

Kelasku...
Ing tembok-tembok kelas
Akeh tempelan kertas asilku sinau
Akeh tulisan-tulisan sing nginspirasi aku

Kelasku...
Ngarepan kelas mesthi resik
Ora ono sampah secuil wae
Mula njero kelas hawane seger
Aku seneng manggon ing kelasku


    Ruang Kelasku
[ Yulia Wulansari ]

Kelasku...
Kelas kang apik lan rapi
Bocahe pinter-pinter
Bocahe wadon yo ayu-ayu
Bocahe lanang senengane rame

Kelasku...
Bocahe gedhe-gedhe
Ana sing cendhek lan sing dhuwur
Yen wayah ora diwulang rame koyo pasar
Crita ngalor lan ngidul ora karuan
Aku seneng ing kelas
Amarga kelasku resik lan tumata
Bocahe kompaq
Nandangi apa wae kanti bebarengan


Wayah Esuk
[ Dela A.P ]

Jago-jago wus padha kluruk
Adzan subuh wus keprungu
Aku banjur njupuk banyu wudhu
Sholat subuh daktindakke kanthi ikhlas

Banyu adem nalesi awakku
Ebun esuk tumetes ing lemah
Srengengene wis njedul saka etan
Para tani budhal menyang sawah
Nggawa pacul lan ubarampe

Bocah-bocah padha budhal sekolah
Numpak pit lan nyangklong tas
Ngiwati dalan sapinggire sawah
Katon asri lan endah

Swasana ayem tentrem
Ora ana keluk motor lan polusi
Hawa resik lan seger dakrasakne

Geguritan Tema Guru

    Guruku
[ Pita Nadasari ]

Guruku
Saben dina mulang aku
Ngantuk ora dipaelu
Nggugah aku sregep sinau
Guruku
Sing mulang aku dadi pinter
Pinter maca lan nulis
Guruku pancen sugih ilmu


        Guruku
[ Asharaya Mulia I ]

Guruku...
Panjenengan ingkang mbimbing lan ndidik kula
Saking mboten mangertos dadi mangertos
Saking mboten saged dados saged

Guruku...
Pitedah panjenengan mboten badhe kula supenaken
Ndadosaken kula tiang ingkang migunani

Guruku...
Namung panjenengan ingkang dados pepujan
Paring ilmu mboten ninggali wekdal
Kulo mboten lali dating sedaya kasaean panjenengan
Matursuwun guru

Panjenengan pahlawan wonten gesang kula
Kulo mboten saget mbales kasaengan panjenengan
Kula among saget nderek ndendonga marang pangeran


        Guruku Pepujaku
[ Windy Adellia Kusuma ]

Guru...
Mung sliramu sing dadi pepujaku
Paring ilmu ora nyawang wektu
Aku ora bakal lali marang kabeh jasa-jasamu

Guru...
Swaramu tansah dak ilingi
Pituturmu ora bakal dak lali
Ndadekna aku manungsa sing migunani

Guru...
Wayah esuk sliramu rawuh
Panase srengenge ora ndadekna sungkawa
Esem lan donga ndandekna aku mangerti donya

Guru...
Kesele ragamu ora dirasa
Laraning atimu tansah ditampa
Nanging sliramu tetep sareh uga prasaja


Geguritan Tema Kesehatan

        Corona

Tekamu tan kinira
Nora katon ing netra
Anjalari lelara
Nuwuhaké bêbaya saindenge ndonya

Polahmu agawe cilaka
Agawé bingung nayakaning praja
Nyebabaké doktêr...suster uga warga koncatan nyawa
Ninggalake rasa sungkawa
Lan panalangsa
Kiprahmu aja dibacut-bacutake

Énggala sumingkir saka kene
Anggonmu mothah krana Gusti kang ndhawuake
Sakabèhing titah ora bisa nyaruwe
Ananging wis dadi kawigatene
Mula énggala bali mring ngarsane
Mugya dadi pepiling selawase

Geguritan Tema Pahlawan

    Pahlawanku
[ Hendra Majid ]

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadak awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, awan bengi nantang maut
Nglawan misil-misil kang semrawut
Kabeh lawan koe ajak gelut
Ra peduli najan awak podo benjut 

Pahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia dihormati

Pitulas Agustus taun papat lima
Opo sing diimpekke dadi nyata
Saiki Indonesia wes merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia
Indonesia merdeka !!!
Indonesia merdeka!!!
Kabeh mergo perjuanganmu


Pahlawan Ibu Pertiwi
[ Humaimah Ariqah ]

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangarsane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhe bektimu
Jiwa, raga, bandha, donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdeka !!!


        Ksatria Negeriku
[ Prayudha Dwi Wicaksana ]

Tumetesing waspamu
Milining ludiramu
Ora bakal muspra
Apa meneh sia-sia
Adus kringet bela pertiwi
Kok terjang tanpa rasa koder
Mung kanggo mulyaning negeri iki
Ksatria negeriku
Gumrengah tanpa owah
Ksatrian pinunjul kang gagah

Geguritan Tema Alam

    Endahe Alam
   [ Ageng Rizqi ]

Yen mandheng alam iki
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kanggo jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah

Yen ndelenguwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo pandange duniya iki

Puji syukur marang Gusti Allah
Marang keindahan isi bumi
Sing kudu dijaga lan dilestarikne
Tanpa ngilangake keindahane

    Bumiku 
[ Noviar Adi.W ]

Bumiku...
Kabentang indahe bumiku
Tan katon ijo royo-royo
Para kewan pada manut mring ndarane
Ana ing sawah anggarap siti

Nanging, saiki ora koyo mbiyen
Saiki bumiku wis rusak
Koyo-koyo ora ono ijo-ijoan maneh
Karono ulahe manungsa

Leno marang wektu
Lan ngirwakake kewajiban
Marang Gusti
Sing akaryo jagad


Geguritan Tema Budi Pekerti

        Ngabekti
[ Yulia Mutiara A ]

Gusti Allah kang maha tunggal
Umate padha manembah
Rina wengi limang wektu
Usaha lan ikhtiyar

Uga lelaku becik tumraping sapodo
Gumregah yen mireng
Adzan kang kumandang
Nuli mblayu henetepi wajib
Tindhak suro langgar
Enjing siang kala awan ratri
Golek sangune mati

Allah bakal menehi piwales
Yen manungsa setya lan tuhu
Urusane ndoyo akherate
Sedyo kasembadan


Geguritan Tema Kebersihan

Njogo Keresikan Lingkungan
    [ Hilmi Fawwaz fa"ad ]

Iki wis mangsa rendheng
Saben ndino
Njawah teko
Kalenan mampet kesumpet reged
Iki lumrahe
Banjir iso teko
Para warga padha bingung lan nggersulo
O...warga
Ayo padha nyawiji gugur gunung
Resik-resik ana desa
Kanggo njogo karesikan deso
Yen mangsa rendheng teko
Wis padha ayem tentrem


            Banjir
[ Tria Puspitasari ] 

Banjir...
Banjir dadi bencana
Amarga ulah tangan manungsa
Sing ora nduwe tatakrama
Banjir...
Manungsa padha sengsara
Manungsa padha kelangan karya
Kanggo nyukupi kebutuhan anak lan kaluwarga
Banjir...
Saiki ora mung ing kutha
Nanging uga ing desa 
Kali-kali padha reget
Amarga akeh sampah
Penyakit dadi mungsuh manungsa
Saengga dadi nyebabna lelara
Ayo kanca padha eling
Supaya kitha ora kena lelara


Geguritan Tema Budaya

 
Geguritan Tema Budaya

 


 Kabudayan Jawa
[ Rodrigo Rayhard ]

Zaman saiki kabeh wis padha lali
Lali karo kabudayan Jawi
Kabudayan kang mbiyen diuri-uri
Saiki rangerti mbuh nangendi

Wayang, jathilan, krama alus nangdi saiki
Kabeh podho ora peduli
Kabudayan jawi wis ilang saking bumi

Bocah saiki mung isoh dolan wira-wiri
Dangdutan wayah bengi
Kelingan zaman saiki
Mung agawe nangis lan loro ati

Ayo para bocah-bocah
Agawe kabudayan jawi dadi lestari
Kanggo merdekaake negeri iki
 

Geguritan Tema Ibu

        Ibu
[ Ririn Triasih ]

Rasa asihmu marang siwi
Kadidene banyu mili
Kang ora pedhot ing margi
Senadyan kebak pepalang
Oyot, uwuh, lendhut ugo watu
Ora bisa mbendhung rasa asihmu
Marang anakmu

Nalika bumi isih sepi
Nalika tengah wingi durung lingsir
Isih ketutup pedhut
Nalika anakmu isih mesem ngguyu ing alam impen
Ibu wiwit gumregah
Mbasuh pasuryan toya suci
Tumungkul pangestu puja
Masrahke jiwa lan raga
Nyenyuwun marang murbeng dumadi
Dimen diparingi pepadhang dalan bebrayan
Dimen diparingi pepadhang, marang putra putrine
Nggayuh gegayuhan
Kanggo sanguning urip ing tembe
Lelabuh lan rasa asih kang tanpa kendhat
Lumintu
Rasa asih marang siwi
Tansah kaya banyu mili





Geguritan Jawa Tema Alam

        Pantai
[ Nur Iman P.S ]

Pantai...
Pantai yen disawang amba tenan
Nganti ora ketug aku nyawang
Banyune akeh, njalari dadine ombak
Ombak gedhe gawe apikke pantai
Nanging uga gawe giris
Amarga bisa nyilakaake manungsa

Pantai...
Ing kana akeh iwakke
Kang minangka  rejekine titah
Uga akeh wit-witane
Kang minangka paru-parune donya
Lan uga nambahi endahe sesawangane pantai
Pantai...
Aja nganti ana sampah sing ngraupi parupane
Mergo iku bisa ngrusak keindahane pantai


            Alam
[ Maulana Hendrato ]

Alasmu rupane katon royo-royo
Kalimu biru seger lan asri
Tetuwuhan tasih katon ijo
Yen disawang saja dirgantara kowe pancen edi

Tapi kowe saiki wis remuk
Tetuwuhan wis pada mati
Negara dadi geger lan remuk
Dirusak kaliyan manungsa sing ora nduwe ati

Pemerintah wis nduwe rencana
Kangge negara lan generasi penerus
Ben alam maringi guna
Mangga kita reksa alam ben asri 

Geguritan Tema Agama

Tawakal Marang Gusti
    [ Dian Yustika ]

Ing sepine wanci
Kakdelok rasa rasaning kawedenku
Marang panjenengan
Ati lara tanpa upama
Eling marang sakkabehing polahku

Gawe maksiat lan dosa
Sarta lalakon kang ala
Lelakon kang tanpa suba sita
Marang wong liya lan sepepadhan

Duh Gusti 
Ing rodane wektu
Nalika tengah wengi
Kula ngunjukkaken dedonga marang Gusti
Ingkang murba ing dumadi

Gusti paringana kawelasanMu
Kanggo nuntun aku eling marang agama
Agama kang dadi ageming aji
Agama kang bisa dadi gegamaning ati'

Geguritan Tema Alam Desa

            Kampungku
[ Rafif Mahendra Rajesh ]

Aku urip nang padesaan
Omahku adoh soko kutha
Kampungku katon tumato
Kadelok asri, becik lan nyaman

Yen wayah esuk
Krungu swarane jago kluruk
Pratandha wong wong podo nyambut gawe
Kanggo memenuhi kebutuhane urip

Kampungku, yo kowe iku panggonaku
Nang ngendi aku ngerenungke awak
Pikiran sing semrawut dadi jenjem
Ndadekake urip luwih prasaja

Geguritan Tema Kekancan

            Kanca
[ Enggar Bunga N.F ]

Kanca awit cilik
Susah lan seneng disangga bareng
Kepiye kang padha ngelingake
Ngelingake kebecikane
Kang ala tansah ditinggalne

Kanca
Awakmu kang ngancani sepiku
Sepi ing batin awakku
Tansah dieling dadi kanca
Awakmu kang ana kanggo aku
Padha ngewangi aku kang kesusahan
Kuwi jenenge kanca sing sejati


        Kancaku
[ Lena Dwi Hapsari ]

Kanca...
Panggonku pitutur ing masalah
Menawa udan kowe kang tadah
Kowe panggon crita isi atiku

Kanca...
Kowe lungguh andhap sesandhingan
Mawehi karep lan saran
Kala ingkang aku susah

Kanca...
Tansah seneng lan bungah
Anggone kesuksesanmu
Kang nggambarake lathi

Contoh Geguritan Tema Kemerdekaan

Nyawijining Bangsa
[ Ratmaya Urip ]

Nyawijining bangsa iku dudu paran utawa punagi
Amung kanggo purwakaning atur, pikir, lan laku
Tumujweng kasunyataning panggayuh
Kanggo praptaning rahayu, basuki, adil, makmur lan raharjaning bangsa
Uga kanggo mijiling kasampurnan jati tumrap nusa
Kanti olah kridha pikiran lan laku kang sak mesthine lan sak benere
Tumujweng jayaning negara
Supaya adoh saka reribeting catu lan kala bendhu
Cedhak ing guyup, rukun, rosa lan santosa
Nyawijining bangsa kuwi prapta dudu amung nawala
Nanging uga caraka kanggo yektining panggayuh
Uga marganing jangkah kanggo mijiling mongkog kang jati
Kanggo yektining adil makmur, tata titi tentrem karta raharja

Geguritan Tema Sosial

    GUYUB RUKUN
     [ Tilam Lampus ]

Dina Minggu libur ana ing dhusun
Paguyuban warga kang tansah rukun
Ngrembug perkara ngrembakaning dhusun
Resik lingkungan kaprogram lan kasusun

Gotong royong saeyek padha maju bareng
Nyingkirake samubarang kang gawe peteng
Supaya kabeh warga ngrasakake seneng
Asile kang endah edipeni bisa kadeleng
Kabeh iku mau mung kanggo sehate warga

Gotong royong guyub rukun padha dijaga
Supaya desane ayem tentrem tetep tumata
Urip bebrayan sih katresnan tansah mulya
Nanging ana uga warga kang tan ngerti sasmita
Para warga gumreget makarya saekapraya
Dheweke enak-enak sidhakep  mangku asta
Dhatan nyengkuyung kepara malah lunga

                Korupsi
[ Surya Wahyu Pratama ]

Abang putih, kajunjung dhuwur ing pratiwi
Wujud getih lan balung para pejuang
Apo kowe isih eling ?
Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal
Tumbal marang buwana kanggo kemerdekaan

Saiki apa?
Kowe ngapusi, kowe korupsi
Tuturmu amba kebak arta
Raimu gedhe, ora nduwe isin
Dijak rembug malah kepara angler
Rakyatmu kuru, kowe lemu
Rakyatmu mlarat, duitmu sakarat-karat

Sik makmur sapa ?
Kowe lan kanca-kancamu
Sing tumindak ala marang rakyatmu
Mula, ayo brantas korupsi
Ayo padha gumregah

Mbangung bangsa Indonesia kang sumringah
Bangsa kang apik ing budi lan tutur
Bangsa kang sejahtera lan makmur

Geguritan Tema Katresnan

   
Geguritan Tema Katresnan




 Nandhang Tresno
[ Virga Risiana Safitri ]

Sekar mawar kang endah
Ing taman katresnanku
Nambahi rasa sumringah
Saben dina tansah kelingan
Marang sliramu pepujaning atiku
Rina wengi mung tansah nglamun
Kelingan solah tingkah gemuyumu
Sorote sinar ing netramu

Tansah tumancep ing jero kalbu
Suaramu tansah gawe tentreming atiku
Bungah ati yen sesandhingan awakmu
Karo sliramu pepujaning atiku

Geguritan Jawa Tema Kartini

        R.A Kartini
[ Alif Fitria Indrayani ]

Senajan panjenengan wanita
Nanging gelem rekasa
Sanajan dipingit kaliyan wong tuwa
Atine tetap mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakasa
Jejere wanita
Kudu tetep siyaga
Ngowasi nasibe bangsa
Nurunake generasi muda
Duwe wawasan kang jembar
Kanggo nggayuh lintang kang sumunar
 

Geguritan Jawa Tema Sampah

      Sampah
[ Resti Wahyu ]

Sampah...
Satumpuk gunung ana mburi sekolah
Sapirang-pirang warna sampah ana kana
Saben dina ora samsaya sithik
Nanging malah samsaya akeh
Kabeh kuwi mau
Amarga saka akehe manungsa

Ireng, reget lan mambu
Kuwi sing diarani sampah
Sampah...
Dadi sumber penyakit
Nanging uga bisa dadi hiasan
Kaya intan permata

Sampah...
Sanajan reged digoleki manungsa
Sampah bisa dadi duwit
Sampah bisa dadi kompos
Kanggo nyuburake tetanduran
Kabeh kuwi seko sampah kang diolah



Geguritan Jawa Tema Sepeda

Ontane Simbah

Ning mburi cedhak sumur
Cementhel cagak
Ndhuwur tumpukan kandhang
Tak sawang rupane mblawur

Rodha-rodhanene wis gembes
Galangane padha teyeng
Nanging isih katon keker
Ndyan wis ora njamani

Eman banget manawa diumbar
Simbok mesem nywang aku
Nalika ngrumat ontane simbah
Dadi resik merbawani
Ontane simbah tak jejerke sepeda jaman now ing plataran 
Tak posting ing medsos
Melu-melu ngrameke kahanan

Telung dina ontane simbah rame ing medsos
Ora mung tangga lan kanca
Karep nduweni ontane simbah
Sak omah padha kaget lan bingung marang para tamu
Saka kutha ngrembuk marang simbok

Ontane simbah karo N-max anyar
Para kadang ana sing ndombani
Nanging ya ana sing ngrawehi
Ontane simbah kekeh ora lunga
Nadyan sepira ijole
Rebawa kang kanthil ing ontane simbah
Luwih aji karo liyane

Simbok mesem
Nyawang aku ngelus-elus ontane simbah
Katon resik merbawani


Geguritan Jawa Gagrak Lawas

Jalma mung sithik butuhe
Saajege neng rat kine
Tyang mondhok pira dangunya
Mung kangdlan manggon mulya

artinya 
Manusia hanya sedikit kebutuhannya
Selama berada di dunia ini
Orang menginap seberapakah lamanya
Hanya bersusah payah menikmati kemuliaan



Itulah sedikit penjelasan mengenai geguritan Bahasa Jawa baik itu pengertian, ciri dan contohnya. Semoga dengan artikel ini bisa memberikan sedikit gambaran kepada anda yang saat ini sedang mencari referensi untuk membuat karyanya sendiri. Terimakasih. 

Posting Komentar untuk "50+ Contoh Geguritan Bahasa Jawa Dalam Berbagai Tema : Pengertian, Arti & Ciri"