Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

30+ Contoh Tembang Mijil dan Artinya [ Pengertian, Sejarah, Watak & Paugeran ]

Tembang mijil tegese lair utawa sing kapisan metu saliyane iku mijil ana magepokane karo wijil kang padha tegese karo lawang. Tembung lawang uga nduweni teges arane woh-wohan kang kembange mambu wangi. Kembang iku ing Bahasa Latin diarani : Heritiera littoralis. Tembang mijil nduweni watak asih, pangajab, utawi wedharipun raos.

Tembang Mijil dan Artinya

Tembang mijil berada pada urutan kedua setelah tembang maskumambang. Secara filosofis mijil menggambarkan kondisi manusia saat masih bayi yang baru saja dilahirkan dan secara kemampuan belum bisa melakukan apa-apa. Dalam kondisi ini dia sangat bergantung kepada pertolongan orang lain atau kedua orang tuanya. Oleh karena itu di dalam tembang ini berisi tentang ketentuan-ketentuan serta himbauan tentang bagaimana manusia yang bisa berguna dan bisa mengatasi permasalahan dalam hidupnya. Dalam dakwah Islam, kata " keluar" terkandung faktor-faktor waktu, tempat dan keadaan. Maka ketika dakwah harus memperhatikan :

  1. Waktu yang sesuai, misalnya jangan sampai menetjang pendek atau jangan menggunakan waktu yang sangat diperlukan sendiri oleh yang bersangkutan atau pada waktu ada kejadian yang tidak sesuai atau yang dirasa kurang pada tempatnya.
  2. Tempat yang berarti "empan-papan"dimana dakwah itu sedang dilaksanakan perlu memilih tempat yang cukup untuk menampung pendengar dan bebas gangguan, 
  3. Keadaan orang yang menerima dakwah, umumya, tingkat pengetahuannya, golongannya dan sebagainya. Dalam hal ini bahannya hams sesuai jangan "meloncat jauh" dari pengetahuan mereka  

Menurut sejarah, tembang mijil diciptakan oleh Wali songo untuk berdakwah, menyebarkan agama Islam di Pulau Jawa. Poedjasoebroto (1978:194-207) menjelaskan bahwa tembang ini diciptakan oleh Sunan Gunung Jati.  Adapun paugeran tembang mijil : 

Guru gatra tembang mijil

Guru gatra yaiku cacahing larik saben sapada. Dalam tembang mijil guru gatrane tiap sapada yakni 6 ( memiliki 6 larik atau baris kalimat )

Guru lagu tembang mijil

Guru lagu yaiku dhong dhing utawa tibaning swara ing pungkasaning gatra. Dalam tembang mijil guru lagunya : 

  1. Gatra kapisan   : i
  2. Gatra kapindo  : o
  3. Gatra katelu      : e
  4. Gatra kapapat   : i
  5. Gatra kalima     : i
  6. Gatra kanem     : u      

Guru wilangan tembang mijil

Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. Dalam tembang mijil guru wilangannya sebagai berikut :
  1. Gatra kapisan    : 10 manda
  2. Gatra kapindho : 6 wanda
  3. Gatra katelu      : 10 wanda
  4. Gatra kapapat   : 10 wanda
  5. Gatra kalima     : 6 wanda
  6. Gatra kaenem   : 6 wanda
Setelah memahami pengertian, filosofi, watak, guru lagu, guru wilangan dan guru gatra dari tembang mijil. Dikesempatan kali ini, admin akan memberikan beberapa contoh tembang mijil buatan sendiri dan maknanya yang bertemakan pendidikan, lingkungan serta tema hidup bermasyarakat. Berikut contohnya :
  

Contoh Tembang Macapat Mijil 


Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur

Tegese : 
Dedalane tegese dalan utawa upaya. Dalan supayane dadi wong kang migunani lan sekti, wong sing kaya mangkono iku kudu andhap asor. Wani ngalah iku regane dhuwur. Ngalah ora ateges kalah. Manuta menawa diseneni. Marang nesune ibu lan bapak, marang nesune pimpinan lan nesune alam. Inggatana tindhak-tandhuk ing asipat seneng-seneng. Inggatana guneman-guneman sing ora migunani.    


Sing waspada sarta padha eling 
Aja nganti lowong 
Sregep ndedonga lan prihatine 
Asih tresna aja padha lali 
Tumraping sasami 
Srawung sarta tulung

Tegese : 
Yang selalu waspada dan ingat 
Jangan sampai terlewat 
Rajin berdoa dan prihatin 
Cinta kasih jangan dilupakan 
Bagi sesama 
Bermasyarakat dan suka menolong


Singgah singgah suminggah sumisih,
Sumisih kang adoh,
Suminggaha mring mula asale,
Sumisiha saka praja mami,
Sun caraka balik,
Paringing
Hyang Agung.

Tegese : 
Doa untuk menyingkirkan sesuatu yang buruk, agar dapat segera pergi,
Pergi menjauh,
Kembalilah ke tempat asal mula,
Pergilah dari negaraku,
Saya panjatkan doa,
Pemberian dari Yang Maha Kuasa.

Kang kadulu reroncen melathi 
Malela katongton 
Rina wengi amung dadi impen 
Pepunthone pantes digoleki 
Dununge wong manis 
Ingkang maweh wuyung 

Solah tingkah karem tyas tan yukti
Satemah salah ton
Tilar tata kramane rinemeh
Yen mangkana wekasaning wuri
Tan wun sira keni
Kinembong ambeg dur

Ginaguru prapteng wuri-wuri
Wuruke linakon
Dene ingkang minangka wisane
Ulah budi tanduk kang sarwedi
Iku lamun pamrih
Remen reh tan ayu

Akeh ardi, kang nyimpen wewadi
Tan bisa katinon
Wujudipun, edi nengsemake
Nora nyana ngemut sela agni
Panas nggegirisi
Janma datan wantun

Ardi Kelud, Sinabung Merapi
Tansah gawe kejot
Saben-saben, ngaton prawirane
Ngumbar hawa kanepsoning ati
Sakersaning dhiri
Njalari dahuru

Kabeh iku bukti pangwasaning
Gusti Sang Hyang Manon
Payo kita, suwawi ndhedhepe
Anyenyadhong paring pangaksami
Keh luputing dhiri
Mrih tansah katuntun

Lawan maning yen sira wus bangkit
Karya sukaning wong
Myang galihing bangsa ruhur kabeh
Tetep dadi tuking tata krami
Wus pantes linuri

Myang menaki tyasira sasami
Sinamun ing pasmon
Saking sampun sugih aksamane
Atemahan amung angayemi
Manahing sasami 
Samaning tumuwuh

Pra linangkung muwah among tani
Ingkang andhap asor 
Ingesoran sasolah bawane
Anoraga dening anuruti
Sasosiking janmi
Lawan wacana

Tembang Mijil dan Artinya

Kang mangkana punika sayekti
Tansah kapanujon
Ing sasama sanya resep tyase
Nadyan ana ing liyan nagari
Akeh kang samya sih
Seneng anunungsung

Marma den wruh traping ngawula ji
Ing tyas den mirantos
Ngilangena sakserik ing ngabeh
Ngayemana manahing sasami
Sasamining ngabdi
Prihen raket rukun

Ngilangana kamurkaning kapti
Den sumeh ing pasmon
Neng pasamuwan den sareh arereh
Mung mahyakra saliring weweling
Myang pali pepeling
Wuwulang linuhung

Lan agunging kabisan binudi
Dimene dumados
Tutuladhan sumambahing ngakeh
Yen mengkono para kang miyarsi
Yekti samya asih
Kelu kapiluyu

Kabeh tresna nganggep bapa bibi
Nadyan sang akatong
Muwah para putra santanane
Samya rena wekasan ulas asih
Sadasih pinurih

Suka-suka pepeka ing kapti
Satemah tanpadon
Dene weweka prayitna jro tyase
Upamine wong anumpet sari
Nadyan luwih remit
Makasih kongas arum

Myang patraping met yudanagari
Yeka yen kapergok
Apagut tan ulat pakewede
Tan wruh moring wicara kang werit
Lan keclaping liring
Manambunging tembung

Ing wusana raosing ngling
Temah karya ewoh
Mring kang smya awawan gineme
De kang dadi kuciwaning abdi
Bilih tuna budi
Bodho buteng pengung

Dupi aneng ngabyantareng Gusti
Kalantur Andongong
Saking sanget kalimput tyas supe
Awit dening kamurkaning kapti
Wekasan ginalih 

Yuke tetep wong murka sawukir
Yen sira mangkono
Iyamangsa den andela maneh
Babasane sapa ta kang bangkit
Amareki kori
Myang warangsa anggung

Kumarenges gayami ngucemil
Ri ratri tan towong
Saking ngendi bisane ing tembe
Awidada dennya switeng Gusti
Lan maning manawi
Pinitayeng ratu

Ulah budi udaling lulungit
Sira den waspaos
Kudu awas waskitha ing tyase
Wruh samuning panuksma kang remit
Namar mara sandi
Saduning ripu dur   




Dimen kabeh mak plong
Hangayahi karya kwajibane
Ngupaboga kanggo sagung batih
Ngupadi rejeki
Tanpa rasa rangu

Waton kabeh gelem angugemi
Manut mring wewaton
Paugeran kang murih becike
Mrih luputa sakehing bilai
Luput king pepati
Satemah rahayu

Aja ngeyel nut karsaning dhiri
Ngguguk nguthawaton
Elinga maring sanak-kadange
Mrih rahayu kluwarga kinasih
Nora nenulari
Mula kudu manut

Ariyadi ora bisa bali
Atine ngendhelong
Datan bisa kumpul kluwargane
Wus sawarsa nggennya nganti-anti
Jugar tanpa dadi
Satemah pinupus

Sagung janmi sanitya anganti
Babaring lelakon
Muga enggal oncat Coronane
Bali mring kamulanira kaki
Mrih titah sabumi
Hamanggih rahayu

Yen ta iki pepelinge Gusti
Mring sira lan ingong
Murih padha eling kwajibane
Kang tinitah mapan ana bumi
Anggunga ngabekti
Satulusing kalbu

Mung pamuji mring Kang Maha Suci
Gusti Sang Hyang Manon
Apuranta sadaya dosane
Sagung janmi myang dosa wakmami
Paringa aksami
Mring titah sadarum

Demikian penjelasan tentang tembang macapat mijil, contohnya secara lengkap disertai dengan beberapa artinya. Semoga artikel ini bisa bermanfaat bagi kita semuanya. Apabila ada kesalah kata mohon untuk dimaafkan

Posting Komentar untuk "30+ Contoh Tembang Mijil dan Artinya [ Pengertian, Sejarah, Watak & Paugeran ] "