Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

40+ Contoh Tembang Dandhanggula dan Artinya dalam Beberapa Tema

Contoh tembang dandhanggula dan artinya - Salah satu tembang macapat yang cukup populer adalah tembang dandhanggula. Sama seperti macapat lainnya, tembang ini memiliki guru gatra, guru lagu serta guru wilangan yang berbeda dengan yang lainnya. Selain itu tembang dandhanggula memiliki nilai filososfi yang berhubungan dengan pandangan dan pegangan hidup manusia. Sebuah karya sastra dinilai bermutu, apabila memiliki pesan-pesan moral yang ingin disampaikan dari generasi ke generasi dengan nilai-nilai estetis dengan citarasa seni tinggi. Hal ini pulalah yang bisa kita jumpai pada tembang macapat dandhanggula.

40+ Contoh Tembang Dandhanggula dan Artinya

Siapakah penulis tembang dandhanggula ? Terdapat dua sumber tentang asal usul tembang ini. Ada yang menyebutkan bahwa tembang ini diciptakan oleh Sunan Kalijaga pada abad ke 15-16. Catatan lain menyebutkan bahwa tembang dandhanggula sudah ada sejak jaman kerajaan Kediri yakni abad ke 12. Nama kidung yang dimaksudkan diambil dari nama raja Kediri yang bernama Prabu Dhandhanggendis. 

Baca juga : 35+ Tembang Pangkur, Contoh, Watak dan Pengertiannya

Di artikel kali ini, admin akan sedikit membahas mengenai tembang dandhanggula dan contohnya dalam berbagai tema, diantaranya : tema pendidikan / sekolah, tema lingkungan, katresnan serta dandhanggula buatan sendiri. Berikut ini ulasannya :


Daftar isi

Pengertian Tembang Dandhanggula

Dandhanggula sendiri merupakan bahasa Jawa dan terdiri dari dua suku kata. Yang pertama adalah dandhang yang berasal dari kata Gegadhangan yang memiliki arti keinginan, cita-cita atau harapan. Kata yang kedua yakni gula yang memiliki arti manis. Dari kedua kata tersebut dapat ditarik kesimpulan bahwa tembang dandhanggula merupakan tembang macapat yang berisikan cita-cita atau keinginan luhur yakni harapan untuk bisa hidup bahagia.

Watak Tembang Dhandanggula

Setiap tembang macapat memiliki wataknya masing masing. Seperti halnya dengan tembang dandhanggula. Watak dari tembang dandhanggula yakni : adiluhung, luwes, pitutur baik. Selain itu tembang ini juga bersifat universal dan serta merasuk hati. Tembang ini dapat digunakan sebagai sarana untuk memberikan nasehat pada situasi apapun,

Paugeran atau Aturan Tembang Dandhanggula

Apa yang dimaksud dengan paugeran ?? Paugeran disebut juga dengan wewaton, kaidah maupun ciri-ciri. Paugeran ini dibuat agar tembang Dhandanggula yang telah digubah cakepan atau liriknya tidak berbeda dengan tembang aslinya.

Guru Gatra

Guru gatra adalah rangkaian aturan yang terdapat dalam tembang macapat Jawa. Tembang macapat dandhanggula haruslah terdiri atas 10 gatra, maksudnya adalah setiap pembuatan tembang Dhandanggula versi baru haruslah terdiri atas 10 baris lirik dalam setiap baitnya.

Guru Lagu

Pengertian dari guru lagu ialah : jatuhnya suara vokal pada setiap akhir gatra atau baris. Pada tembang Dhandanggula baris atau gatra pertama akan diakhiri vokal i, baris kedua diakhiri vokal a, baris ketiga diakhiri e dan seterusnya. Guru lagu tembang dandhanggula : 

i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

Guru Wilangan

Seperti yang sudah kita ketahui sebelumnya. Guru wilangan adalah banyaknya jumlah suku kata (wanda) dalam setiap baris. Dalam tembang dandhanggula memiliki guru wilangan : 

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 

Artinya : baris pertama tembang ini harus terdiri dari 10 suku kata, baris kedua 10 suku kata, baris ketiga terdiri dari 8 suku kata dan seterusnya.


Contoh Tembang Dandhanggula


Contoh Tembang Dandhanggula Tema Pendidikan Sekolah

Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kaweruh ing kukum
Kang ibadah lan kang wirangi
Sukur oleh wong tapa ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhanana

Artinya  :

Jika engkau hendak menuntut Ilmu
Pilihlah manusia sejati
Yang baik martabatnya
Serta mengenal hukum
Yang taat beribadah dan menjalankan ajaran agama
Apalagi mendapat orang suka perihatin yang sudah mumpuni
Yang tak berpikir pemberian orang lain
Itu pantas kau berguru padanya
Serta belajar padanya


Ki Hadjar Dewantara duk alit
Raden Mas Soewardi Soeryaningrat
Ingkang kalih Mei miyose
Ki Hadjar datan kasdu
Awit saking era koloni
Ingkang saged sekolah
Turun landa amung
Klawan prayi sugih bandha
Panyaruwe Ki Hadjar Marang Walandi
Ki Hadjar diasingkan


Sapungkure Ki Hadjar sing Landi
mBangun pawiyatan Taman Siswa
Kuncara Filososofine
Pratap Triloka iku
Pantes lamun mangka palupi
Ing ngarsa sung tuladha
Kalih lajengipun
Lan ing madya mangun karsa
Sarta ketiga Tut Wuri Handayani
Sesanti paugeran


Contoh Tembang Dandhanggula Tema Lingkungan

        Mawas Diri

[ Dening : Sri Adi Harjono ]

Guladrawa bebukaning gupit
Pemut adi miring pra kadang samya
Mring kabeh para panggede
Gegedug negari gung
Nenggih Nuswantara kiyi
Yitna nastiti poma
Mawas dhiri anggung
Anggrayang githok priyangga
Gawang-gawang bencana alam dumadi
Ndalidir tanpa sela

Apa daya bebendu dumadi
Dadya tandha bendu kang murbeng Rat
Mara denraras samangke
Katha lupute menus
Menus ngangsa tumindak juti
Tan tidha ngrusak alam
Alas gundhul sampun
Pam bumi denungkrah-ungkrah
Ngeruk kulit lan isi dinodhos tapis
Puput mangrove(e) denbabat

Wonten malih lampah kang nalisir
Sasat kadi tan agawe tuna
Nanging ta ndrawati tembe
Mbuwang wuh lan pakewuh
Wekasane ambuntu kali
Liya anjog samodra
Ndrara karya letuh
Lethek murugaken gila
Luwih meneh uwuh plastik mbebayani
Nora bosok slaminya

Mula aja keduwung ing wingking
Kenging bendu krodhanira alam
Lemah longsor lindhu gedhe
Dyan lesus lir pinusus
Sarwi banjir bandhang ngelebi
Bablas tsunami nrajang
Njeblug gunung-gunung
Nenggih kathah korban jiwa
Wahya jaima kadya gabah denpateni
Nitik kang dadya wija

Bisa uga bencana dumadi
Dadya coba pandadaring lampah
Laku gesang kang tan suwe
Wruh pasrah kang satuhu
Angidhep mring kang murbeng satuhu
Lila lamun kelangan
Nora getun ngungun
Narima nadyan kataman
Kataman ing sak serik saking sesami
Mrih legawa ing driya


Contoh Tembang Dandhanggula Tema Kehidupan

Lan tekade wong kang wani mati
Iku dadya makaning kasuran
Lara wirang tan tinoleh
Ewa samono lamun
Ungas sanget amingis-mingis
Pinintoken sakala
Kalane kawuwus
Kawanteren umuk ombag
Iku bakal kinira wong kurang wani
Bakal kuwanenira

Kang mangkana tanpa pamatawis
Wuwusira nora winaranan
Kasusu sukaning tyase
Katona wanteripun
Tan kuwana nayuting kapti
Anguja nepsu hawa
Nora awas emut
Labete tanpa warana
Mung kumudu mintonken yen sarwa wani
Iku nora prayoga

  
Ngaku dadi gegedhunging bumi
Sumbar-sumbar obrol kabrabeyan
Jubriya tekabur bae
Angkuhe kumalangkung
Ngaku kendel ngungkul-ungkuli
Ngungkuliwong sapraja
Iku nora mungguh
Ngadate wong kang mangkana
Mung samono kewala katoging budi
Prapteng don liron kamal 

Contoh Tembang Dandhanggula Tema Corona

Corona Sirna

Jaman iki kudu ngati-ati
Kasarasane tansah dijaga
Aja sakarepe dhewe
Eling kiwa tengenmu
Nganggo masker tan kena lali
Jaga jarak prayoga
Resikna astamu
Iku padha ditindakna
Lan dedonga muga pulih wingi uni
Corona enggal sirna

Corona Virus

Iki jamane virus corona
Ayo podho sregep wisuh tangan
Anjagani kesehatan
Ten griyo iku kudu
Dilakoni kangge anjagani
Wabah virus corona
Ampun podho ngumpul
Kangge jaga jarak awake dhewe
Amargi corona katah ingkang tiyang sedo
Kita kudu waspada


Covid 19

Kita sedya ayo diwigati
Ya uga padha dipirengna
Dandhanggula caritane
Corona aran virus
Pageblug iki nggegiirisi
Ngati-ati waspada
Taberi uripmu
Tansah jaga karesikan
Lingkungan, ageman, lan dhiri pribadi
Ginanjar bagas saras
 

Contoh Tembang Dandhanggula Lan Artine

Urip iku ing donya tan lami
Upamane jibeng menyang pasar
Tan langgeng neng pasar wae
Tan wurung nuli mantuk
Mring wismane sangkane uni
Ing mengko aja samar
Sangkan paranipun
Ing mengko padha weruh
Yen asale sangkan paran duking nguni
Aja nganti kesasar

Yen kongsia kesasar dening pati
Dadya tiwas uripe kesasar
Tanpa pencokan sukmane
Saparan-paran nglangut
Kadya mega katut ing angin
Wekasan dadi udan
Mulih marang banyu
Dadi bali witing bradhag
Ing wajibe suksma tan kena ing pati
Langgeng donya akhirat

( Babad Demak, Dandhanggula ) 

artinya : 

Hidup di dunia itu tidak lama
Ibarat orang ke pasar
Tak abadi di pasar saja
Kemudian juga pulang
Pada rumah asalnya itu
Nantinya jangan cemas
Asal mulanya tadi
Pada saatnya sama tahu
Kalau asal mula kehidupan tersebut
Jangan sampai kesasar



Seni budaya maneka warni
Ngrembaka wiwit jaman semana
Rumasuk jiwa wargane
Janeng trebang lan kentrung
Rebana lan kasidah ugi
Ndolalak sumadya
Jaran kepang maju
Langen tani mbiyen kondhang
Kethoprak manggung seminggu kaping kalih
Dhalang wayang yo ono

Artinya :

Seni budaya beraneka warna
Berkembang sejak dulu kala
Menjadi jiwa warganya
Janeng, trebang, dan kentrung
Rebana dan juga qasidah
Ndolalak tersedia
Kuda kepang maju
" Langen Tani " dulu tersohor
Ketoprak yang pentas dua kali dalam seminggu
Dalang wayang kulit juga ada 


Werdining kang wasita jinarwi
Wruh ing kukum iku watekira
Adoh marang kanistane
Pamicara puniku
Weh resepe ingkang mijarsi
Tatakrama punika
Ngedohken panyendu
Kagunan iku kinarya
Ngupa boga dene kalakuan becik
Weh rahayuning raga


Artinya : 

Makna hakiki ajaran Jawa
Hendaknya taat pada hukum
Jauh dari kenistaan
Perkataan yaitu
Agar menyenangkan pihak lain
Tata krama sebenarnya
Menjauhkan sifat tercela
Ketrampilan dapat digunakan
Mencari nafkah dengan kelakuan baik
Agar diri menjadi selamat 


Contoh Tembang Dandhanggula Buatan Sendiri

Semut ireng ngendhog jroning geni
Peksi merak memitran lan boyo
Keyong sekenong matane
Tikuse podho ngidung
Kucing gering ingkang nunggoni
Kodhok nawu segoro
Oleh bantheng sewu
Precile ingkang anjaga
Semut ngangrang angrangsang gunung merapi
Wit ranti awoh dlima


Manungsa diciptaake Gusti
Saka lemah bali dadi lemah
Kudu taat perintahe
Le sholat gangsal wektu
Akeh-akehna lehmu zikir
Kerepa maca Al Quran
Ojo lali tahajud
Aja manut napsu setan
Ngibadaha sing rajin saka saiki
Mesthi mlebu swarga




Contoh Tembang Dandhanggula Tema Katresnan

Lamun arsa, antuk jatu krami
Den prayitna ing pamilihira
Aja waton wadon wae
Aja milik wong ayu
Kaping pindho milik wong sugih
Ping telu pangkat drajad
Marga iku bisa karut
Kena sambang sarawungan
Kapilut ing widara kang manis-manis
Marmane den prayitna

Artinya : 

Jika ingin memilih pendamping hidup
Berhati-hatilah dengan pilihanmu
Jangan memilih orang sembarangan
Jangan ( hanya ) memilih orang yang rupawan
Jangan ( hanya ) memilih orang yang kaya raya
Ketiga jangan ( hanya ) memilih orang yang berpangkat tinggi
Karena itu bisa berantakan
Dalam lingkungan pergaulan engkau dapat
Terlena dengan manis-manis
( Maka ) sebaiknya berhati-hatilah

Tembang Dandhanggula Serat Nitisruti

Mamanising wasita kaesthi
Nitisruti kang sinudarsana
Tinulad ing sapantese
Penetan kang pakantuk
Ing jamaking jaman samangkin
Tujuning kamajengan
Asedya arjayu
Yuwananing nuswa Jawa
Aywa kongsi kalantur-lantur kawuri
Kewraning pangawikan


Nguni-uni pra paramengkawi
Kawileting ring reh pangawikan
Kang mikani ing kajaten
Temah katrem katungkul
Kanikmaten kawruhing pati
Dadya kadunyanira
Kawuri kalantur
Awit datan ginraita
Marma mangkya karsaning pra sarjanadi
Binudi mring midagda


Widada ing kadunyan supadi
Bangkit dadya ruhuring darajad
Wrih kapraptan sakajate
Nanging aywa kalimput
Tilar taler tataning nguni
Nitisruti tinilas
Talesing sedyayu
Supadya tanceping cipta
Aywa oncat careming carita Jawi
Mangkana kang wasita


Jatinira tyas kadya angganing
Sinilem ing samodra dahana
Nging paksa tumimbul bae
Satemah sinung pemut
Nujweng ari budhaka manis
Sura candra purnama
Ing warsaka : Wawu punang sangkala kaetang
Bahni maha astra candra duk manganggit
Nitisruti pustaka


Ya marmanta apaksa manggupit
Kadarpeng tyas mamardi mardawa
Mrih widada sawadine
Mung raharjeng rat ketung
Myang nititia neninggali
Saulah bawaning lyan
Nadyan tan pakantuk
Wus tan rinasa ing driya
Awit saking kirang wiwekaning kapting
Katenta paprenesan


Ing reh pindha nurat kalam jari
Nanging kedah ingalema wignya
Marma pamintaba mangke
Mring sagung kang sedyayun
Manungkara wuryaning ruwi
Wawarah ngayawa
Den aksameng kalbu
Wit ning sarasaning gita
Pindha janma awuru saari-ari
Nging paksa sung wasita

    
Wawadine kang warsita nguni
Mung met wara kang wus katriwal
Rinuruh ing sakadare
Sing reh pra sujana nung
Myang sarjana ung nguni-nguni
Kang wus samya kasusra
Sru pratemeng kawruh
Wasis ulah kawaskithan
Myang satata kertata sung wasitada
Wis dadya puruhita


Nalaring srat ingran Nitisruti
Lire iya jatining wiweka
Iku pan dadi ambeke
Para pandhita putus
Tyasnya pindha candhana adi
Sansyan tinegora
Pinecela muhung
Asung ganda marbuk ngambar
Wit tyas wiyar resik lir akasa keksi
Kesisan ima manda

Gilutane anggelung pangawrin
Myang jroning tyas tan pegar tumedah
Asung kadarman ring akeh
Saking sampun amungkur
Sumingkiring ring reh tan yukti
Tyasnya sukci legawa
Paramarta arum
Berbudi bawa laksana
Myang dyatmika nirmala ngumala wening
Yayah pasthika maya



Rina wengi tarlen kang kaeksi
Mung arjaning jagad pramudhita
Gunung sinidhikara ing reh
Pinulata ginilut
Legutanuya dimene dadi
Tuladhaning pra mudha
Cinandhi kang cundhuk
Candhake lan jaman mangkya
Mangsa borong dennya met darsana sidi
Kasidaning parasdya



Surasanya kang pinurweng ruwing
Kang minangka lengganing pandhita
Yen sampun leres rarase
Nulusa raosipun
Jroning nala tanpa aling-aling
Dening sampun waspada
Dununging panebut
Atanapani kang sinembah
Dadi gambuh ngambuh ing kaanan jati
Jati mulyeng kasidan


Rarasing kang mangkana sayekti
Tan kabuka neng manahing janma
Kang tanpa pangawikane
Muwah jang mudha punggung
Bodho bundhu datanpa budi
Marmanira kumedah
Tyas kalaten atul
Met tuladha puruhita
Maring para pandhita putusing jati
Jatining kanindhitan


Kartining tyas yen wus teken jati
Pan wus sirna reregeding angga
Ruwat sagung mamalane
Kadi sarira ayu
Kang mangkana yeka manawi
Trus prapteng jero jaba
Babarane jumbuh
Ning wening tan kawoworan
Ing satemah pan wus keni den wastani
Syuh sirna manungsanya

Tatelane kang mangkono yekti
Wus tan ana Gusti lang kawula
Saking wus sirna rasane
Dene ta kang tan weruh
Ing pangawruh kang wus jinarwi
Tan kena cinarita
Caraning tumuwuh
Wit wus kebak mesi wisa
Mung duraka  kewala kang den raketi
Beda  kang wus santoso





 
Demikian sedikit ulasan mengenai contoh tembang macapat dandhanggula dan artinya yang bisa admin berikan. Semoga dengan adanya artikel ini bisa menambah wawasan kita khususnya pemahaman karya sastra dalam kebudayaan Jawa. Jangan lupa untuk membaca artikel menarik lainnya di situs ini. Terimakasih. 

Posting Komentar untuk "40+ Contoh Tembang Dandhanggula dan Artinya dalam Beberapa Tema"