Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

20 Geguritan Tema Corona Bahasa Jawa Terbaru. Wajib Kamu Tahu !!!

Geguritan Tema Corona Singkat - Ada banyak cara bagi kita untuk mengungkapkan rasa empati dan keprihatinan kita terhadap wabah virus corona yang melanda hampir semua negara di seluruh dunia. Beberapa orang mendonasikan penghasilannya untuk para korban, beberapa lagi ikut terlibat dalam mengkampanyekan pentingnya menjaga kesehatan dan melaksanakan protokol kesehatan dalam kehidupan sehari-hari.


Geguritan Tema Corona Bahasa Jawa
Geguritan Jawa Tema Virus Corona


Bagi anak sekolah, membuat puisi dalam Bahasa Jawa atau geguritan bertema tentang virus corona adalah salah satu bukti bahwa mereka ikut merasakan dampak dari pandemi ini. Tidak bisa bertatap muka secara langsung dan harus mengikuti pembelajaran online yang melelahkan mata, adalah konsekuensi yang harus mereka jalani. 

Dalam geguritan jawa yang mereka buat, maka kita bisa mengerti, apa saja harapan mereka. Beberapa diantaranya mengungkapkan kerinduan akan situasi yang normal, dimana kita semua bisa hidup tanpa ada rasa kekhawatiran dan bisa menjalani aktifitas sehari-hari tanpa ada rasa takut akan tertularnya virus ini.


Berikut ini adalah contoh geguritan [ puisi ] Jawa bertemakan virus corona dalama bahasa Jawa ngoko & singkat karya siswa-siswi sekolah yang telah kami rangkum dari beberapa sumber, mari kita simak sampai selesai :D  

Geguritan Tema Corona Bahasa Jawa Ngoko

Jalaran Corona
Nazli Amaliya Ramadhani
X MIPA 8/25

Karnamu
Masker dados kebutuhan
Isolasi dados pilehan
Social distancing dados himbauan
Wijik dianjurkan
Nang omah wae diwajibkan

Ngumpul dados prohibisi
Panggon ibadah sepi
Mall sunyi
Hotel nuni
Panggon upados hibernasi
Para panyambut damel dipeksa cuti

Teng kitha minim pamikantukan
sakmenika psbb diberlakukan
lajeng mudik dados awisan
nembe kabetahan lajeng tindak

pengen bantuan
ngarep-arep sumbangan
pengen digatekna
ngarep-arep dientengna

sing sugih berkecukupan
sing sederhana mencemaskan
sing miskin mengharukan

omahku di lockdowon
tugas tugas podo ngejak smackdown
dompetku dadi kopong

mugi mugi kabeh ndang buyar
dunia seng kuat,
corona virus ndang minggat






"Corona"
Cahyani Dyah Rofiani
X mipa 8 / 10

Corona
Sliramu macak ayu
Nanging ndadekno perkara
Wujudmu kaya latu
Nanging kowe dadi satru

Corona
Wujudmu agal glepung
Ora ngetok, nanging medeni
Ora krungu, nanging nglarani

Corona
Playumu lonjong banter
Ngalahi motor jupiter
Amarga kowe
Manungsa dadi ngajeni
Ngajeni alam kang lestari
Nanging kowe nglarani
Kowe nglarani sopo wae
Manungsa dadi korbane
Ora nyawang enom tua
Ora nyawang cilik gede
Kabeh rekadaya dilakoni
Nanging kowe ora ngerti

Corona
Nganti kapan kowe ana
Taun wuntu dadi sengsara
Manungsa kudu waspada
Muga sang kuasa
Minggatno kowe saka ndunya




CORONA

Wujudmu ora katon
Nanging ngaboti kaya beton
Moro moro teka
Marai donya sengsara

Dina kepungkur
Nglampahi wektu ning omah
Akeh wong gugur
Gawe resah lan gawe kekaprah

Gara gara pandemi iki
Sekolah prei
Dalan sepi
Mutus silaturahmi

Sepurane duh gusti..
Aku asring sambat
Lali yen duwe gusti
Mulane kula nyuwun pangapunten lan tobat
Muga corona ndang ilang saka jagad iki

Muhammad Clark Rizqullah Suhermanto
X Mipa 8 / 22




CORONA
Razzan Aldrich Yudhistira
X MIPA 8 / 28

Virus Corona
Tekamu marai petaka
Ora ana wong seng nyongko
Ora ana wong seng ngiro

Wong wong padha sumelang
Pasar ora kagungan wong dagang
Wayang kulit kelangan dhalang
Cah sekolah ora pethuk para rencang

Lockdown dadi kebijakan
Tapi masyarakat kangelan golek pangan
Social distancing dilaksanaake
Nanging minim kasile

Corona Corona,
Tekane ora ana seng kondho
Kabeh seng padha waspodo
Kabeh seng padha ndedungo
Mugi aman lan sehat sedoyo




VIRUS CORONA

Awale iki saka wuhan
nyebar dikabeh benua lan segaran
nggawe akeh insan tiba kelaran
Covid -19 Ngamcem kabeh peradaban

kerja, ibadah , sekolah wis diomahake
rasane donya njaba wis tiada
ati iki anyak meronta-ronta
Akankah Sedaya rampung kaliyan sae

jaga antara wis dadi pedoman
Masker wis dadi kanca
wisuh sanuli dianakne
kabeh kudu dilakoke kanggo pencegahan

pamerentah wis menghimbau punika
tinggal awake dhewe mayokake dheweke utawa ora
aja nganti anak putu tertular
ayo bebarengan awake dhewe lakoke

Doa awake dhewe panjatkan bareng
Usir virus corona
supaya urip dadi sempurna
Nang omah kabeh wae




"Korona Enggal Lunga"
Yuvinda P. A.
XMIPA 8/36

Ora ana rupa nanging bisa dirasa.
Ora ana swara nanging bisa nyengsaraake jalma.
Ora ana rupa nanging bisa lelana sak jagad raya.
Donya geger marga tekamu ora dinyana-nyana.

Korona senadyan kowe gawe sengsara manungsa.
Manungsa mbok elingake raket kaluwarga.
Jalma manungsa mbok ajari eling sesama.
Embuh kapan kowe ninggalake donya.
Siji mesti kowe tarsa dielengi wong sak donya.

Wujudmu ora nyata nanging kowe bisa paring eling.
Manungsa iku amung lemah sing ora ana rega.
Manungsa iku ringkih lan papa.
Mbokmenawa iku pepeling saka Gusti.
Yen menungsa iku kudu tansah eling lan waspada.
Manungsa kudu ngabekti mring Gusti kang Mahakuasa.




"Amarga Corona"
Regita Nadia Putri
X MIPA 8 / 29


Teka mu ora diduga
Teka mu ora dipingini
Teka mu tiba - tiba
Teka mu gawe sengsara
Kowe ngunjungi macem - macem bagian ing jagad iki
Teka mu gawe kabeh wong kaget
Teka mu sisan gawe kabeh wong dadi susah
Kowe ibarat maling sing teka ing wengi, sing njupuk kabeh barang sing larang regane

Wujudmu cilik banget
Malah ora katon mripat
Kowe nyebar kanthi cepet
Malah mung sawetara detik

Kowe gawe donya sedhih
Kowe gawe donya iki lara
Kowe gawe donya iki sisan susah
Iku kabeh amarga kowe

Kowe tenan ora kita pengini
Amarga kowe, kita susah
Nanging, kowe wenehi pesan moral gawe kita
Kowe ndadekake kita ngerti prekara sing penting banget

Kowe ngajari kita
Supaya njaga lingkungan tetep resik,
Tresna bumi kita,
Lan ngrawat bumi kita

Saiki kita ngerti,
Yen sifat kita pancen egois
Kita rakus kanggo alam semesta
Kita mung mikir gawe kepentingan kita, tanpa mikir kahanane alam semesta

Mbok menawi, kowe dadi peringatan gawe kita
Lan tandha yen jagad iki murub
Saiki kita ngerti manawa kita kudu njaga, ngrawat bumi, alam semesta
Kowe gawe kita ngerti kesalahane kita

Saiki wes cukup gawe kowe singgah ing bumi kita
Cepet - cepet muliho ing papan sing kowe mesthine.
Lan aja teka maneh ing bumi iki
Matur nuwun wis wenehi pelajaran sing penting banget gawe kita



VIRUS  ANYAR
Yuri Aditya Rahmad Ramadhan
35
X MIPA 8

Corona virus...
Virus anyar sing nembe muncul
Nggawe perkara lan sengsara
Kanggo manungsa ing alam donya

Ora jelas tekan endi
Ora jelas sebabe saka apa
Katon dadi mungsuh manungsa
Mungsuh sing paling mbebayani

Donya dadi sumelang lan sedhih
Warta duka ing endi endi
Amarga akeh manungsa sing mati
Akibat corona virus iki

Watesan sosial ditindakake
Kanggo medhot penyebarane
Kanggo keslametan manungsa
Nanging gumantung kita arep nglakoni apa ora

Wijik dadi tumindake
Masker dadi rewangne
Manungsa padha waspada
Saka virus sing nggawe sengsara

Sekolah, nyambut gawe, sembahyang dadi dilakoni saka omah
Dalanan dadi sepi, arang ana kendaraan
Kaya langit tanpa mega
Kaya donya tanpa penguripan

Akeh wong kelangan penggawean
Akeh wong kelangan penghasilan
Atine sumelang lan nelangsa
Pengin nangis ndeleng kahanan kulawarga

Nanging corona wis mulang kita
Mulang carane nglindhungi alam
Mulang carane njaga kabersihan
Lan ngelingake marang Sang Kuasa

Bebarengan ndedonga marang Gusti Allah
Nyuwun pangapura lan tobat
Supaya diparingi keslametan
Lan supaya corona sirna saka jagad



Asmanipun Corona
Amaylia Bennita W
X MIPA 8
03

Makhluk cilik ora katon mata
Tekamu dumadakan ora aba-aba
Anamu bisa nyengsarake manungsa
Nggawe manungsa eling dunga

Yen ngeneki ora mandang rupa
Yen nemploki ora menehi tandha
Sugih mlarat dadi korbane
Mbarai egois marang wong liyane

Sejatine iki peringatan
Saka sing Kuasa
Urusaning dunya pancen ayahan
Nanging urusan akhirat kuwi sing utama




Garda Terdepan
Adelia Desi Sekar Anggrainingrum
X MIPA 8
01

Donya saweg ngalami musibah
Sedaya panik uga gelisah
Nanging sampeyan para pejuang salajeng nyambut damel tanpa lelah
Nyukani semangat ing kita sedaya sedaya kaliyan esem merekah

Donya saweg berduka
Warta kepejahan enten dipunpundi-pundi
Nanging amargi sampeyan enten harapan ing antawis kami sedaya
Ugi harapan dhateng donya konjuk mantun kados semula

Mboten enten badai ingkang terus nempuh
Sedaya badhe nglajeng ing wancinipun
Kula, sampeyan, siro, ngga sareng kita sedaya berjuang
Kajengipun sedaya saged berbahagia kados semula

Matur nuwun dhateng siro garda ngajeng
Ngga sareng kita sedaya nyetunggalaken doa
Tulung tetep tilar ing griya
Konjuk mbiantu piyambake sedaya ingkang saweg berjuang mbiantu kita sedaya

Siro para pejuang garda ngajeng
Kita sedaya kersa ngantosaken matur nuwun dhateng sampeyan
Mugi-mugi Tuhan sanguh membalas kebaikan siro sedaya




Monster Cilik
Alvira Risna / 02

Corona..
embuh kepriye carane kowe teka
ket kowe teka akeh guyu dadi tangisan
mewabah kaya angin sing kahembus

corona..
amarga kowe teka 
manungsa tambah kelangan sisi kamanungsaane
kowe bener bener virus mateni

corona..
aku dungo sesuk cerito babaganmu wis buyar
wis cukup kok hancurke donya iki
wis akeh kuripan sing redup amargamu




Corona Sepalih Saking Iman
Moch. Wildanun Solikh
X MIPA 8
20

Kita sedaya kelajeng mangu
Kagem ngakenipun
Uga nyobi madosi
Macem-macem e alibi
Ingkang nate dipuntumindakake Samiri
Kagem mblenjani kaum Nabi Musa

Kita sedaya kelajeng gengsi
Kagem ngakeni setunggal keleresan
Menawi corona yaiku prajurit Sang Illahi
Ingkang semanten dangu tapane
Ing setunggal wana kacluthakan
Ingkang kita sedaya rabuk uga rumat kaliyan kajemawaan
Mila,
Menawi kita sedaya sampun ngantos ing puncak e
Sumeleh kamawon
Ngakeni kamawon
Amergi Corona yaiku sepalih saking iman
Ingkang dipundathengaken Allah
Kajengipun kita sedaya tambah iman




Corona

Sampeyan kaya tentara ing jero
operasi meneng Nggambar ewu wong
ing saindenging jagad kanthi peluru kuatir,
sanajan kita mung wong biasa sing ora
Duwe gaman, sing mesthi percaya
perang mung kanggo prajurite.

Sopo ae, Corona?
Dina iki, kita wis pungkasane ngunci
Ing omah, nanging kita ora nyerah.
Kita nyiapake peluru saka pandonga
sing kita rapidize kabeh. Kita duwe iman
kang surem kabeh wektu raheut.

Nanging sopo ae, Corona.
Apa sampeyan mung rawuh minangka pengecut, yaiku
nyerang nalika kita wuta. Nek awake dhewe sering digatekake
ngagetake geni iman ing bosone. Nalika kita uga
seneng karo dunia sing murup, lan lali
dosa.

Corona, sapa wae, sampeyan ora trima maneh.
Amarga dina iki, kita tetep tetep mlebu,
ngerteni sapa sejatine kita
ing badan fana.





Corona

Teko mu mula nggarai sengsara
Mung dadiake rugi para menungso
Lan nyebabake akeh perkara

Keadaanipun dadi berubah sak iring tekamu
Sing biasane dilakoni bareng-bareng
Mula saiki kudu njaga jarak

Kabeh kudu waspada
Ora oleh sembrana
Supaya ora dadi nelangsa
Wes akeh seng dadi korban
Akeh wong kelangan sandang pangan
Kabeh pada butuh bantuan

Kita kabeh ora oleh nyerah
Kabeh kudu usaha
Pada ndungo marang Gusti Allah

Gusti....
Paringi keadaan aman lan sehat
Bebas saka wabah corona

Namung iki kabeh bisa didadeake pelajaran
Yen manungsa kudu waspada
Lan patuh marang Sang Kuasa




Piwulang saka Pandemi

Sakniki jagad disabetake dening pandemi
Kagyatan sosial kudu diwatesi
Akeh wong kelangan kerja
Wes ngilangi milyaran nyawa

Ayo padha mikir sadhela
Bumi rusak amerga polah sapa?
Manungsa asring ora marem
Manungsa pengen urip bergengsi
Asring kelangan kontrol emosi
Pingin urip paling mulya
Nanging ngrusak alam smesta

Pandemi iku balesan saka tuhan
Amerga polahe manungsa sing kebablasan
Kudune manungsa bales budi
Amerga alam iku rezeki
Alam kudu dilindungi
Aja kakehan dieksploitasi
Saengga alam tetep lestari

Ing situasi pandemi niki
Kita kudu njaga diri
Nglakoni ibadah aja lali
Tetep manut marang intruksi
Lan mung ing omah karo kaluwarga sing ditresnani

Cepet ilang pandemi
Ilang aja nganti bali



Amarga Kowe Oh Corona
Hilda Ayu AF
XMIPA8/15

Corona...
Tekamu nggemparna kabeh donya
Nggawe rusuh ing ngendi-endi
Akeh nyawa sing dadi inceranmu

Ora ndelok sapa sing kowe serang
Akeh nyawa sing melayang amarga kowe
Awal tekamu dianggep remeh
Tapi saiki kowe nggawe dheweke kabeh tunduk karo kowe

Akeh wong sing rugi amarga awakmu
Akeh tangis lugur ing tanah
dheweke kabeh ngerasa kelangan
Wiwit saka kerjoan, sampe keluarga kowe renggut kabeh
Ndang ngaliho
Ojo ngganggu kita kabeh
Wes cukup nyawa sing dadi korbanmu
Cukup... ojo maneh





Gesang ing Pandemi
Nur Chikmatul M
26 X MIPA 8

Gesang ing tengah pandemi
Manungsa mung kedhah ngati ati
Amargi mboten wonten tiyang sakti
Saged ayem ing lebeting pandemi

Saben dina saba mesjid pangarepku
Nanging mung adzan kang kapireng
Peteng ndhedet sepi mamring desaku
Sedaya ndhelik ing gubug anteng

Enjing asrep nganthi surup
Ayem tentrem nganthi lampu murup
Pandunga dhateng Gusti saben sempet
Padha nyuwun dipunparingi slamet

Oh.. ingkang jembar segarane
Menawi dusa pun nyundul langit
Saestu kawula nyuwun
Agunging pangapunten
Oh.. ingkang jembar krawuhe
Paring bagas waras dhateng kawula alit
Saestu kawula nyuwun
Rahayu slamet cekap semanten




Jerite Ati
Anindya Raissa Putri
X MIPA 8/05


Jerite ati
Wengi kang sepi
Esuk kang sunyi
Angin kelangan laku
Kabeh kewan bisu

Ora ero punapa teka
Dumadakan teka
Wis nyebar nang kabeh daerah
Bingungake manungsa sedaya

Alamku tansah nelangsa
Manungsa wis ira isa
Mripat wis ra isa pirsa
Dunya wis ra tenang
Saben dina sukma ilang

Mung saiki
Monggo sami-sami
Dungo marang gusti
Mugi cepet dipungkasi





Corona

Cornelia Andaru A. 
X MIPA 8 / 11

Taun iki kaben beda
Tanpa prayaan
Tanpa kempalan
Donya krasa tambah kosong

Manungsa kepeksa tetep meneng
Mikirake kabeh kesalahan
Meneni istirahat sedela
Kanggo alam sing sengsara

Corona kayane tandha
Dikirim dening Pangripta
Kanggo mbatasi manungsa
Saka kabeh tumindak rakus

Amarga virus iki
Akeh wong sing gugur
Akeh wong sing sengsara
Mung sing tuhu sing slamet
Sajrone pandemik iki
Supaya ora ana sing gugur maneh
Ayo padha nyawaji kabeh
Nglawan virus corona




Perusak Swasana
Stefanus Kevin S.
X mipa 8 / 32

Heh corona
Tekomu ora diarepna
Gawa lara lan susah
Agawe bubrah rasa bungah

Taun iki mlaku ora samestine
Sing kudune iso mudik
Mung iso nang omah lan sare
Garai kuciwa lan loro ati

Kana kene ditutupi
Toko toko pada sepi
Jalanan dijagani
Ora isa ing endi endi

Nanging Kene ora oleh nyerah
Manut kabeh aturan pemerintah
Berkarya lan tandang gawe saka omah
Ojo metu yen raono gawe sing genah

Nyedek gusti lan sembayang
Muga muga korona iso ilang
Ben kene iso lunga
Dalan dalan nyawang indahing dunya



Swara Atiku

corona
kowe kok teka sacara tiba tiba
kok nempuh wektu kami lalen
lalen karo pangandel jero dhadha
wektu kami keliwat bahagia karo gemerlap donya

corona
dadekne taun iki
taun sing beda
lan tenan aku kesal banget
lan ora paduli neh karo dirimu

corona
kowe kudu eling awak
kahananmu ngrekasakne manungsa
kapan awakmu arep lunga
daktunggu pamit terucap sakamu

nangging kuucapno maturnuwun
amargamu, kami ngurung awak jero omah
awake dhewe tambah akrab karo keluarga
awake dhewe eling arep pentinge keresikan

kensasih kirana


CORONA
Ganestiana Diah M.
X MIPA 8/14

Corona..
Kowe teka nyentak para warga bumi
Kabeh digawe gelisah amarga wedi mati
Guyon lan guyu sing krungu lantang saiki sepi
Amarga rasa keweden sing mendekati

Corona..
Kowe ora kedelok nanging kok ketok medeni
Ana sing ngomongke kowe luwih kejam saka setan
Ana uga sing ngomongke kowe iku elingan Tuhan
Amarga awake dhewe wis kekerepen nglakoke kezaliman

Embuh lah? Sing aku ngerti saiki kabeh wong keweden
Senajan ora ana suwara bedhil utawa pun dentuman meriam karo dene perang
Nanging elinga malaikat pencabut nyawa ora arep mundur amarga lockdown

Kabeh ora ana sing kabeneran
Tuhan mesti nduwe rencana sing wis digariskan
Ana siji misteri sing kadang disisipkan Tuhan
Ben awake dhewe eling Tuhan nduwe sabenan



Wes Kenal, Nanging Ora Sayang
M Indra Faizin
X Mipa 8/21

Corona
Mulane ora ana seng kenal kowe
Ananging kowe nyerang sapa wae
Nyengsarake akeh manungsa
Lan nyebabake akeh perkara

Coronaa...
Asalmu saka negeri Cina
Nanging saiki iso tutuk Amerika
Penyebaranmu cuepet, secepet The Flash
Nyebabake akeh manungso sengsara

Corona.. Oh Corona
Saiki kowe wes dikenal ing penjuru dunyo
Nanging, masio wes kenal ora ana seng sayang kowe
Amarga kowe, Sing cidek dadi ngadoh
Amarga kowe, Sing adoh tambah ngilang

Amarga kowe,
Kita kudu meneng nak omah
Sekolah, Nyambut gawe, Ibadah lan Sakliyane kudu dilakoni saka omah
Kita ugha kudu jogo kesehatan nalika pandemi, Supaya ora ditekani kowe

Yaa.. Gusti
Kula nyuwun corona cepet diilangake
Supaya kahanan dunyo normal maleh
Supaya iso kumpul-kumpul maleh



Corona
Anisah Rona/06
X MIPA 8

Corona
Cilik nanging nggumunake
Tekanmu gegerno sosial media
Virus mu nyebar ing saindenging jagad

Corona
Saben dina kula ngenteni
Kaya urip ing kunjara
Nganti kapan kaya ngene?

Corona
Dina-dina ku mbosenake
Korban-korban mu ngenesake
Kapan kabeh bali nyenengake?

Corona
Tekanmu apik kanggo bumi
Nanging ora kanggo manungsa sing manggoni
Tulung, ndang lunga nggih




Ala nanging Becik
Nanda Vista P.
X Mipa 8 / 24

Corona
Koe cilik lan ora ketok
Nanging koe iso nyebar neng donya
Ewunan nyawa wes lunga
Kabeh podo ngomongke koe
Kabeh donya podo waspada

Corona
Wes lereno
Leren koe golek korban
Leren koe mateni manungsa
Leren koe ngganggu donya

Opo ora pegel
Wes cukup
Cukup semene wae
Nyingkrio saka bumi

Nanging matur nuwun
Amarga koe bumi luwih becik
Polusi kanggo nyuda
Nggawe kita ing omah wae
Luwih cedek karo kaluwarga




CORONA

Corona...
Kowe ora katon kasat mata
Kowe ora bisa dirasa yen didhemok nganggo tangan
Senajan kaya ngana kowe dianggep dadi hambatan

Wis rong wulan
Kita sinau saka omah
Wis rong wulan
Wong-wong nyambut gawe saka omah

Corona...
Anane kowe tuwa enom dadi sambat
Kagiatan kita sabendina terhambat
Urip kita dadi luwih sengsara

Corona...
Ndang buyara...
Ndang balia...
Ndang muliha...
Wis cukup kasusahan sing kowe gawe
Kita pengin bali maneh kaya biyen
Bali menyang wektu sadurunge kowe teka
Menyang wektu nalika kita bisa bebas ngelaksanaake kagiatan

Annisa Rahmah H. / 07
X MIPA 8



CORONA
Annisa Shafa D.
X Mipa 8/08


Wis pirang wulan
Ing bumiku iki wong pada sengsara
Wis pirang wulan
Bumiku iki ngadepi teror tan kasat mata
Tekan virus sing jenenge corona

Ora kerasa
Ramadhan yo wis teka
Nanging corona isih ing endi-endi
Isih betah neror bumi iki

Biyen,
Bukber dadi pakulinan
Nanging saiki,
Malah dadi larangan

Biyen,
Mesjid wektu Ramadhan mesti rame
Nanging saiki,
Malah sepi amarga nak omah kabeh

Corona...
Wes cukup kowe nak bumi iki
Wes cukup dadi teror tan kasat mata
Wes cukup yo... sak mene wae



Corona

Corona, amargo corona ..
manungso nglakoni kangelan
manungso ora iso mulyo
manungso sumpek lan rumongso ora ayem tentrem

sing kudune iso kumpul sedulur
dadi ora iso kumpul
sing kudune iso ngumbar katresnan
kudu ngedem katresnan
ning, njur kepriye meneh

Nanging, kabeh paringane Gusti Allah
Sakabehe ono hikmahe
Kudu Nyukuri corona
Ojo mung cuo ae

amargo corona
awake dhewe podo ning omah ae
Gusti Alloh paring kamulyan iso kumpul dulur kabeh
Seng sabendinane podo repot dewe dewe
Neng saiki iso kumpul dadi siji
Matur nuwun duh Gusti Engkang Moho Suci

Ayo podo mawas diri
Nyedakno tirakat marang Gusti
Ayo podo nyukuri kahanan iki
Gusti Alloh ngresiki jagat royo iki
Mugo mugo kito slamet
Saking sambi kolo corona iki

Matur nuwun Gusti ing kahanan meniko
Mugi mugi Alloh pareng kamulyan
dumateng poro sedoyo
Selamet rahayu selaminipun
Aamiin




Nalika

Dalan suwung, ora ana swara
Ora ngambah urip ing njaba, ora ana
Saben manungsa dikurung ing omah,

Panggonan dolanan kang padhang, saiki katon suram.
Napa jagad kita katon sepi saiki?

Pitakonane bodho, sanajan bocah cilik yo bakal erti wangsulane
Amarga, ana monsters ing njaba,
Monster ra due rupa
Nanging nggarai perkara
Luwih cilik saka sel, nanging nyebabake pandemi gedhe,

Yen mlebu awak , bisa nyebabake kacilakan.
Watuk utawa wahing kaya jet pribadi,
Lan kanggo paru-paru , iku ancaman.

Kita, sing tansah ngobrol lan mangan bareng2
Saiki luwih milih tetep adoh,
Lan karo masker ing lambe kita

Ora ana sing sekolah maneh,
Ora ana bocah sing dolanan ing taman,
Ora ana sing mbukak lawang
Saiki, kita dikurung ing omah Nalika kita bisa bebas?
Nalika kita bisa napas ?
Nalika wayah esuk teka?
Ayo, ayo kita tunggu dina kasebut


Demikian beberapa contoh geguritan tema corona bahasa Jawa yang berhasil penulis rangkum. Mohon maaf apabila ada penulisan yang kurang tepat. Semoga artikel ini bermanfaat dan anda diperbolehkan mengcopy contoh geguritan diatas dengan sayarat harus menyertakan linknya. Terimakasih  

Posting Komentar untuk "20 Geguritan Tema Corona Bahasa Jawa Terbaru. Wajib Kamu Tahu !!!"