Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

30 Contoh Tembang Asmarandana dan Artinya [ Disertai Guru Gatra, Lagu & Wilangan ]

Tembang Asmarandana - Adanya kasusastran Jawa macapat yang menjadi media tradisional atau kesenian tradisional mempunyai unsur-unsur komunikasi yang bertujuan untuk menyampaikan pesan. Pesan yang dimaksud adalah nilai atau norma yang keberadaannya dalam kehidupan kita sehingga tercipta kehidupan yang tertib dan dinamis. Nah dikesempatan kali ini kita akan sedikit mengulas salah satu tembang macapat yakni tembang asmarandana. Tertarik dengan tembang ini? Ikuti artikel ini sampai selesai ya...   

Tembang macapat asmarandana berasal dari kata asmara dan dana yang berarti cinta dan memberi [senang memberi ]. Dalam mitologi Jawa, asmara merupakan nama dewa percintaan. Dalam Kamus Bahasa Indonesia memberikan definisi kata asmara sebagai (1) perasaan senang kepada lain jenis atau kelamin; rasa cinta, (2) kekasih. Sedangkan kata dana sendiri merupakan kependekan dari kata dahana, yang artinya: api. Jadi, kata asmaradana berarti: api percintaan atau api asmara. Dalam perkembangan selanjutnya, asmarandana dapat diartikan sebagai "bara cinta yang berapi-api", "percintaan yang menggebu-gebu" serta "sangat mencintai seseorang yang berlainan jenis".

 

Dalam urutannya tembang ini berada di urutan ke 5 dalam tembang macapat setelah kinanthi. Sering disebut juga sebagai "Semaradahana" atau "Semarandana, tembang ini menggambarkan atau ditujukan untuk anak yang mulai menginjak masa remaja dimana pada fase itu mereka mulai memperhatikan dan tertarik pada lawan jenisnya. Di masa-masa ini mereka mulai mengenal cinta atau asmara. 

Filosofi dari tembang ini adalah tentang perjalanan hidup seorang manusia telah tiba waktunya untuk memadu cinta kasih bersama jodoh atau pasangan hidupnya. Pada hakikatnya, kehidupan cinta merupakan kehendak Tuhan Yang Maha Kuasa sesuai kaidah penciptaan manusia, yakni secara berpasangan-pasangan. Tembang ini diciptakan oleh Sunan Giri pada abad ke XV dalam upaya penyebaran agama Islam di tanah Jawa. 

Tembang asmarandana nduweni watak sedih, rindu, mesra, gundah. Guru gatra tembang ini ( jumlah larik dalam satu bait) = 7 larik.

Guru lagu wilangan tembang asmaradana

Guru wilangan tembang asmaradana ( jumlah suku kata tiap larik) = 8888788, dan guru lagu ( bunyi akhir vokal tiap larik ) = i, a, e/o, a, a, u, a. 

Untuk lebih mengerti tembang ini, berikut merupakan contoh tembang asmaradana dalam beberapa tema yakni pendidikan dan percintaan baik itu buatan sendiri maupun dari beberapa serat kasusastran disertai dengan artinya :  

30 Contoh Tembang Asmarandana 

1. Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wurubhisma
Karia mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra.

 artinya :

Anjasmara Adindaku
permata hati carilah berita
kekasihmu tak urung jadi mayat
berada di kota Prabalingga
bertempur melawan Wurubhisma
tinggallah berbahagia wahai kekasihku
Kakanda memohon diri untuk mati.

2. Gegarame wong akrami
dudu bandha dudu rupa
amung ati pawitane
luput pisan kena pisan
yen gampang luwih gampang
yen angel angel kalangkung
tan kena tinumbas arta.

 artinya :

Pedoman orang berumah tangga
bukan harta, bukan raut muka
hanya hati modal ketulusannya
sekali salah memilih, sekali benar pula
apabila mudah terasa lebih mudah
apabila sulit terasa lebih sulit
tidak dapat dibeli dengan uang

3. Marma mung salah sawiji
Endi ingkang lineksanan
Ywa ngantya mandheg tumoleh
Neng praja yen tan mangkana
Aluwung sumingkira
Mring wanarga guwa samun
Aywa kulina neng praja

4. Dene tingkahing dumadi
Kang akarya gara-gara
Kagiri-giri gorareh
Yeka ing jaman sangsara
Dudu tingkahing jagad
Yektine mung patrapira
Manungsa kang ngaku guna

5. Samya mawaa tatawing
Awarana neka-neka
Ambabarung ing wawarnen
Micara kaduk gumuna
Kuminter kumasura
Amedharaken wuwuruk
Ngaku wasis wicaksana

6.  Angkuhe arsa ngayomi
Mring para papa kasimpar
Kang aneng ngarga mnyang ngare
Saupaya rahayunira
Satemah para papa
Samnya bingung ting balulung
Rebut dhucung salang tunjang

7. Ting garubyug amarani
Ngrubung ingkang wara-wara
Arsa ngreksa raharjane
Anilar preluning wisma
Wusana tanpa tanja
Mung gumrudug anut grubyug
Nora weruh rembugira

8. Mangsuli suwiteng aji
Yen ana karsaning nata
Kudu sumarah ambodho
Saature mung tumadhah
Andherek sakarsendra
Karana sri naraprabu
Kawasa sung pejah gesang

9. Kudu tuhui angastuti
Santa susetya ing driya
Nalangsa srah trus atine 
Rumangsa nyen kawula
Kapurba kawasesa
Marah panjenengane ratu
Ngrasa tan darbe gesang

10. Setu Wage ri puniki,
Ing kawi Tumpak Cemengan,
Mandhiri watak dinarbé,
Datan remen parisuka,
Suka ijèn nyarira,
Hambeg gemi seneng nulung,
Grusa-grusu lalèn uga.

11. Den manteb tumekeng pati
Nglabuhi karsa narendra
Kang tanpa mangsa kalane
Dene ta pranatanira
Lamun sinihan nata
Yaiku lamun den utus
Datansah inga lembana




12. Lan kang dadi tandha yekti
Katrimanya dinuta
Srih tampi ganjaran katong
Ananging yen wus mangkana
Aywa sira sembrana
Tyas nulya apasang surut
Lire pasang surut ika

13. Sumanggemira ing kardi
Sregep nulu salewengan
Amalincur klencar-klencer
Ngendelaken yen wus katrima
Iku aywa mangkana
Karana asihing ratu
Tan keni ingandelena

14. Supayanira sang aji
Aywa kacuwan ing karsa
Ing wekasan sang akatong
Aniteni jroning nala
Lamun tuhu ing dirya
Dene ta yen sira anggunng
Mijilken kagungan nata


15. Dene yen sira tan bangkit
Anindakken kang mangkana
Amung calangana bae
Yen ana karsaning nata
Manawa kukurangan
Den lakonana saestu
Adol suta rabinira

16. Manah ingandel lulungit
Tata krama kadyatmikan
Anatapi kabisane
Lamun ingandel wanodya
Den kadya tigan gesang
Iyeku tekading kalbu
Meneng lir wong binincihan

17. Yektine arang kang bangkit
Kang awas wosing pamawas
Kaya kang kawuwus kabeh
Yen tan antuk wahyuning Hyang
Trahing lelatur kadar
Yektine durung amangguh
Wong waskhita tanpa tapa

18. Kajaba mung Kanjeng Nabi
Mukhamad Nayakaningrat
Kang tuhu dutaning Manon
Yen satedhak turunira
Praptaning jaman mangkya
Wastu tan ana kang tiru
Yen tan tapa puruhita

19. Muwah ingandel lulungit
Tata krama kadyatmikan
Anatapi kabisane
Lamun ingandel wanodya
Den kadya tiga gesang
Iyeky tekading kalbu
Meneng lir wong binincihan

20. Myang dasih yekti tan bangkit
Sawala karseng Narendra
Pan muhung kedah andherek
Lumuring sakarseng Nata
Upamanya mangkana
Kadya wayang kang amuwus
Sayekti mawa imbalan

Contoh Tembang Asmaradana


21. Pra priyayi sanagara
Ingkang mangka kelinira
Wayang kang nulat solahe
Kuciwane wong suwita
Lamun kesed leleda
Salewengan tan tuwajuh
Wadine ingkang mangkana

22. Saking datan niniteni
Tan wruh teraping watara
Tansah ngumbar swara rame
Ngawur pelenging wardaya
Ura ukaranira
Awit kadhinginan tuwuh
Rumangsa yen wus kepama

23. Tur durung mantra udani
Teraping kang lukirarja
Kasusu kuminter tyase
Paranta mergane tampa
Sihing Sri Naranata
Tangeh yen wusananipun
Umanggiha Yogyatama

24. Yen anuju amarengi
Wruh kedhap kilating Nata
Ukatira den asareh
Namani dhawuh sasmita
Den cundhuk candhakira
Tindakira kang tinanduk
Ngungingaken ing Narendra

25. Beda kang manteb ing budi
Cinoba datan tumawa
Mung mantheng ing pangesthine
Pangarsa arsaning karsa 
Sihing Sri Naranata
Kang tumerah ywa kalentu
Trus saking titi pariksa



26. Sang putri Banoncinawi
Peparap Dyah Bratajaya
Yen cinandra suarane
Kurang candra luwih rupa
Nyata tan ana padha
Slira sedhet singset lurus
Pindha gambar wewangunan

27. Dhasare putri linuwih
Susila tyase ngumala
Yen cinandra suarane
Slira srenteg ngawak dara
Pamulu lir sasangka
Rikma memak ngembang bakung
Sesinome micis wutah

28. Larapan nila cendhani
Wimba ananggal sepisan
Kekincange nggiwangake
Ibing tumenga ing tawang
Netra ndamar kanginan
Liringe weh wayang wuyung
Mblalak kocak lir mutyara

29. Grana ngrungeh ngudhup eri
Pindha kencana pinatar
Ngudhup turi kekeninge
Nyangkal putung uwangira
Lathi manggis karengat
Eseme apait madu
Waja sinisik nglar kombang

30. Pamekak anawon kemit
Pamidangan anrajumas 
Anglunging gadhung janggane
Pepacange manjang ilang
Wentis angembang pudhak
Racikan merit angrayung
Asta nggendhewa pinenthang


Penutup

Itulah beberapa contoh tembang asmarandana disertai dengan pengertian, guru gatra, guru lagu dan guru wilangannya. Semoga dengan artikel ini bisa menambah wawasan anda. Terimakasih

Posting Komentar untuk "30 Contoh Tembang Asmarandana dan Artinya [ Disertai Guru Gatra, Lagu & Wilangan ]"