Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa Halus Disertai Artinya

Ucapan selamat pagi Bahasa Jawa halus atau kromo seperti halnya " sugeng enjing atau wilujeng enjing, mugi-mugi kita tansah ginanjar karaharjan" adalah hal yang lumrah kita ucapkan ketika kita bertemu dengan orang tua kita atau orang yang usianya lebih dari diri kita. Meskipun seringkali kita tidak mengerti artinya secara pasti, tidak ada salahnya kita mengucapkan salam tersebut sebagai salah satu bentuk perhatian kita terhadap orang-orang di lingkungan sekitar kita.

Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa

Berbeda lagi apabila kita ingin mengucapkan selamat pagi untuk pacar, teman atau sahabat kita. Kata-kata Jawa yang romantis, lucu, serta bersifat jenaka bisa saja kita gunakan. Harapannya kita bisa menambah motivasi di pagi hari dengan menyisipkan kata-kata bijak tersebut.

Bagi kamu khususnya generasi muda yang seringkali memberikan salam / ucapan selamat pagi namun tidak mengerti arti dan penggunanannya, sebaiknya kamu mulai belajar tentang tingkatan bahasa Jawa terlebih dahulu. Karena apabila salah dalam menggunakannya, maka orang lain mungkin saja akan menganggapmu berbicara tidak sopan.

Baca juga : Kata Ucapan Belasungkawa Bahasa Jawa

Di artikel ini, admin akan memberikan beberapa contoh ucapan selamat pagi bahasa jawa halus / kromo yang romantis ataupun lucu disertai dengan gambarnya. Kamu bisa mengambil baberapa kata-kata dibawah ini dan mengeditnya, untuk dikirimkan kepada orang tua atau teman-teman di  group whatsapp kamu. Berikut contohnya : 

Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa Halus

Sugeng enjing...Mugi para kadang tansah ginanjar ing kawilujengan, saha tansah manggih kabegjan. Tinebehna saking goda rencana lir ing sambekala. Mugi kamudugen sedaya engkang sinedya Aamiin
artinya :  Selamat pagi. Semoga saudara sekalian diberikan keselamatan, juga keselamatan. Dijauhkan dari segala cobaan.   

Sugeng enjing kadang sedaya. Sampun ngantos kesupen, memuji syukur dumateng Gusti ingkang murbeng dumadi. Amin 

Sugeng enjang kadang kinasih. Mugi enjang meniko Gusti tansah paring kanugrahan, bagas kewarasan dumateng kulo panjenengan, saha budaya Jawi meniko saget lestantun.....
artinya : Selamat pagi saudara-saudara yang terkasih. Semoga pagi ini Tuhan memberikan berkah, kesehatan untuk saya dan anda sekalian, dan juga budaya Jawa terus lestari.

Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa



Sugeng enjing. Mugi kita tansah pinaringan rahayu wilujeng. Caket ing rejeki. Tansah manekung mring Gusti.
artinya : Selamat pagi. Semoga kita selalu diberikan kesehatan. Cukup dalam rejeki dan selalu dibimbing oleh Tuhan.


Sugeng enjing kadang kula sedaya, sugeng anindakaken jejibahan makarya. Mugi pangeran tansah amayungi dumateng kita sedaya kanti kebak nikmat ugi barokah ing sedaya pakaryan ingkang kita lampahi.
artinya : Selamat pagi saudara semuanya. Selamat melaksanakan pekerjaan. Semoga Tuhan selalu melindungi diri kita semua, memberikan berkah dan kelancaran dalam segala pekerjaan yang kita lakukan.


Wilujeng enjing. Mugi mugi enjing meniko anak puthu tansah pikanthuk pangayoman lan berkah saking Gusti....Amien.
artinya : Selamat pagi. Semoga pagi hari ini, anak cucu kita diberikan perlindungan dan berkah dari Tuhan. Amin


Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa Lengkap & Unik 

Sugeng enjing. Mugi-mugi kita tansah ginanjar karaharjan. Swara jago sesautan, Kumandang kidung sagatra tembang mijil kairing rasa panuwun Mring sang murba jagat. Ingkang kebak asih lan Tresna, angin midit nggawa rasa adem kumelaping embun pasuketan kang pindha berilian kaya-kaya ngucap Good Morning Selamat Pagi Wilujeng Enjing Para Kadang


Sumonggo kito sambut enjing puniko kanti renaming penggalih lan wenining pikir. Mugi-mugi Gusti kang akaryo jagat tansah memayungi langkah kito sedoyo tumuju ridho lan barokahipun.

Lan ing mpriku bakal tinemu.sinten sing kiat bakale nikmat. Sinten sing sambat tetep kesrakat. Sapa sing lulus bakale uwuh. Sapa sing ngundhamana tetep bakal di welehna. Sugeng pagi kadang kinasih ing Gusti. Berkah dalem kagem sedaya kemawon.

Muga Dina iki sampean tansah pinayungan keberkahan dening Allah Subbhanahu WaTa'ala satemah bisa ngenggoni rasa sabar Kuwat Slamet Kuwat ngadepi kanyat lan pacobaning Urip. 


Rahayu....... sugeng enjing bapa , Langgeng kados tanduran gedhang yen durung uwoh ora bakal mati, yen ora mati mati kersane Gusti Kang Maha Panguripan 


Sugeng enjang para kadang, mugi berkah karaharjan sami, tinampi kagem sadaya sanak kadang wontena pundi kemawon

Wilujeng enjang kadang kinasih. Mugi tansah keparingan kanugrahaning Gusti ingkang akarya jagat. Wilujeng ngayahi jejibahan ing dinten menika. Mugi dipun gampilaken ing samudayanipun. Amin.

Sugeng enjing...mugi katentreman lan kasarasan tansah nyawiji mring kita sami

Wilujeng enjing para kadang. Mugi sageda kinabul panyuwunan kula lan penjenengan sami.

Sugeng enjing poro kadang ing ngendi wae, mugi tansah pinaringan pangayomane Gusti


Sugeng enjing para kadang. Mugi ing dinten meniko tansah pinaringan seger kesarasan. Lancar rejeki lancar sakabehane . Rahayu


Ucapan Selamat Bekerja Bahasa Jawa

Sugeng enjang poro Mitro..Monggo sesami makaryo mugi Gangsar lancar pikantuk rejeki ingkang halal barokah. Amin
artinya : Selamat pagi saudaraku.  Mari kita sama-sama bekerja. Semoga semuanya lancar, mendapat rejeki yang halal dan bisa membawa berkah. Amin


Sugeng enjing sedulur mugi-mugi dongo panjenenga dipun jabah deneng Gusti. Amin
artinya : Selamat pagi saudara". Semoga doa anda semua dikabulkan oleh Tuhan. Amin


Sugeng enjing. Enjing menika berkah engkang endah,, badhe mendung badhe cerah menika mboten dadhos masalah.. Sababipun enjang menika wekdhal kanggem ngawiwiti gesang.
artinya : Selamat pagi. Pagi ini adalah berkah yang indah. Mau mendung, mau cerah, tidak akan menjadi masalah. Karena pagi ini adalah waktu untuk memulai kehidupan.   


Wilujeng enjing para kadang sedaya, sugeng hanindakaken pakaryan ing dinten niki. Mugi tansah hamanggih beja mulya, rahayu kanti rahmat ugi barokah. Salam silaturahmi pasederekan.
artinya : Selamat pagi saudara semuanya, selamat melanjutkan pekerjaan hari ini. Semoga selalu diberikan keberuntungan, keselamatan dan keberkahan. Salam silaturahmi persaudaraan.




Sugeng Enjang ... Karahayon miwah kawilujengan Mugi tansah lumuntur ing samudayanipun.
artinya : Selamat pagi. Berkah keselamatan semoga diberikan kepada kita semua.


Sugeng enjang sedulur sedoyo. Kacaketaken rejeki engkang halal ugi cekap, Tinebehno saking beboyo Ing pungkasanipun mugi kito sedoyo slamet Fidunya wal akhiroh.


Tetepa semangat kanggo kekuatane Brayat lan putramu. Wilujeng enjang Nook Donga pujiku muga lumuntur ing sliramu satuhu.

Kalau ada sumur di ladang, bolehlah kami menumpang mandi. Dulur-dulurku sugeng enjang. Ayo tangi lan golek rejeki.

Mlebu jeding nganggo lulur. Mangan srikoyo sendenan papan. Sugeng enjing dulur. Sugeng makaryo ngayahi kewajiban.

Kalajengking sikile limo. Kanan kiwo rupane podo. Sugeng enjing sedulur sedoyo. Ayo podo giat makaryo.

Dasare udan. Hawane adem pisan. Mboten pareng dolan-dolan. Ten ndalem mawon kalian ngemil jajanan. Mboten pareng galau nopo baperan. Enjing niki bersama kita lewati kawan.

Bismillah mugo wae rejeki dina iki luweh saka wingi, mugo bisa nyukupake kanggo kebutuhan keluarga.

Bismilah budal makarya, mugi rejeki ing dina iki bisa nyukupi kabutuhan keluarga, ugi yen ana lebih e bisa kanggo sedekah marang sasama. Sugeng nglampahi pakaryan, mugi tansah lancar.

Sugeng enjing. Bismillah niat ingsung budal makarya, mugo wae tansah pinaringan berkah lan lancar, budal slamet mulih slamet.

Sugeng enjiing kadang. Pripun kabare ing enjiing meniko ?. Akhir pekan tetep makarya kanti kebag semangat ya poro kadang. Mugi tansah pinaringan kelancaran lan berkah. Amin. 


Mboten perlu gething. Biar kepala tidak pusing
Awak dadi gering. Mulo sing eling ati kudu tetep wening
Mboten perlu sengit
Mboten perlu ngimpi sundul langit
Nopo malih nganggo njerit
Mboten perlu nglunjak nopo malih jinjit
Sadar diri namung kawula alit
------- Sugeng enjing ------- 



Kata Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa Lucu

Babat dicicipi  bareng es tawar. Sugeng enjing para sahabat. Mandi pagi ben badan segar.

Bolang-baling motere ngoyo. Lakere nggereng le tepak mumet. Sugeng enjing sugeng makaryo. Mugi sugeng diparingi slamet.

Bolang-baling model persegi. Bentuke persis gagang pancing. Sugeng enjing selamat pagi. Jare wong inggris kuwi good morning.


Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa



Baling-baling bentuk persegi. Barang asli dikasih temen. Sugeng enjing selamat pagi. Coro Jermane Guten Morgen.

Mangan klanthing lungguh kursi. Karo medingkrang entek telu. Sugeng enjing selamat pagi. Coro Jepang ohayogosiumasu

Jangan bening dicampuri telo. Sugeng enjing sederek sedaya.

Mlebu jeding jangan berempat. Sugeng enjing ayo semangat. 

Sugeng enjing sederek sedaya. Urip seneng. Wonge mokong ketok kendel. Mbokne tekek arep dicekel. Rasane bokong koyo diganjel. Tanggale tuek dompet sik kandel.

Mangan emping nang pinggir sumur. Wilujeng enjing para sedulur.

Klambi kuning lengen dowo. Sugeng enjing sedoyo.


Sugeng enjing sederek kula sedoyo. 
Kupu gajah kog nang kayu jambu
Kembange jambu ambune kecut
Atiku bungah mbok ajak ketemu
Kelingan emakmu atiku ciut



Puisi Pagi Bahasa Jawa

Wilujeng enjing
Esuk kang tinemu
Aku ora bakal kelangan panyawang
Aku uga kudu lilo lan legawa
Nalika lintang kang ambyar ing sak kedhep kedheping Mega
Aku isih bisa nyawang sajroning esemmu kang suminar esuk Iki
Saka pasuryanmu kang sedhela noleh saka panggraitaku


Gambar Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa


Sugeng enjing bahasa jawa

sugeng enjing

Ucapan sugeng enjing


Demikianlah beberapa contoh ucapan selamat pagi Bahasa Jawa halus, lucu, memotivasi dan menghibur. Kamu bisa menggunakan kata-kata diatas, mengedit, menambahkan atau mengganti dengan kata-katamu sendiri agar terdengar lebih  sopan ataupun lebih keren lagi.

Baca juga : 


Jangan lupa untuk mengirimkan gambar atau ucapan yang telah disediakan kepada teman-teman di kontak ponselmu masing-masing. Kamu juga bisa mengirimkannya melalui status wa, story instagram ataupun facebook agar orang lain semakin bertambah motivasinya untuk memulai pagi dengan penuh semangat.

Posting Komentar untuk "Ucapan Selamat Pagi Bahasa Jawa Halus Disertai Artinya"