Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

100 Contoh Tembang Macapat Lengkap dengan Watak, Guru Gatra & Wilangan

Tembang macapat adalah salah satu bentuk karya seni dalam budaya Jawa yang menggunakan media olah suara dan sastra. Tembang ini berisikan tiap fase kehidupan manusia. Diawali ketika manusia masih dalam kandungan  ( maskumambang ) hingga ketika manusia harus kembali ke sang pencipta serta harus  mengakhiri peziarahannya di dunia ini ( tembang pocung ).

Contoh Tembang Macapat

Dalam setiap tembang macapat memiliki nilai-nilai moral, budi pekerti, yang berisikan tuntunan tentang perilaku utama manusia, dimulai kerika dia lahir sampai menjelang ajal agar nantinya mendapatkan kemuliaan kekal di akhirat.  

Di artikel kali ini, admin akan memberikan contoh dari masing-masing tembang macapat secara lengkap, disetai dengan watak, guru gatra, guru lagu serta guru wilangannya. Berikut contohnya :


Contoh Tembang Macapat Kinanthi

" Nggambarake olah kridaning manungsa ingkang madosi sejatining gesang kinanthen sangu kagunan ngelmu dunya lan agama "

Tembang kinanthi berasal dari kata "kanthi" yang memiliki arti tuntunan, arahan, bimbingan ataupun pendampingan. Tembang ini menggambarkan masa-masa remaja menuju usia dewasa atau menuju masa kematangan seorang pribadi. Masa dimana seseorang memerlukan bimbingan yang dilakukan oleh orang tua. Disini peranan orang tua sangatlah penting karena mereka memiliki tanggung jawab untuk bisa menuntun atau mendampingi anak-anaknya supaya semua perilaku anak tersebut tidak melenceng dari jalan lurus/kebenaran, norma, ataupun adat istiadat yang berlaku di dalam masyarakat.

  • Watak tembang kinanthi : Senang atau katresnanan, kasmaran, kasih sayang, keteladanan hidup, kemuliaan, tauladan kang becik.
  • Guru gatra tembang kinanthi : 6
  • Guru lagu tembang kinanthi : u-i-a-i-a-i
  • Guru wilangan tembang kinanthi : 8-8-8-8-8-8
Adapun contoh tembang macapat kinanthi diantaranya :


1.
Aja pisan darbe kayun
Tan lambaran ati suci
Wit iku bakal rekasa
Ora wurung gawe rugi
Aneng ati'ra kepenak
Lawas nganti tekan mbenjing

2.
Dadine ketoyong toyung
Mentingke butuh pribadi
Iku cirine wong gesang
Kang adhakan gampang lali
Kene was lara lapa
Nyambut gawe rina wengi

3.
Nanging aja grusa-grusu
Becike dipikir dhisik
Diteliti ditimbang-timbang
Uga taren iku mesthi
Tanggung jawab ora gampang
Ora ngawur
waton wani

4. 
Dumeh keranjingan butuh
Ora mawas murih becik
Iku merga ati prungsang
Lali tujuane nguni
Kang kanggo pathokan gesang
Tata tentrem lair batin

5.
Amung sepisan uripmu
Dadi lan gagal mung iki
Aja malah kanggo nekat
Nekata marang kang apik
Ora nekat airing kang ala
Iku pantes dipun udi

6. 
Iki dudu amung umuk
Nanging kandha sung pepiling
Kandha ngudi mring raharja
Laras penak lamun suci
Tentrem ing kaluwarga
Numusi maring nagari

7.
Kinanthi sekar cinatur
kinidung nyurasa werdi
kinanthi lamun kajarwa
katuntun ginandheng yekti
kang kaesthi nuntun putra
karenan amardi siwi

8.
Karengga sinawung kidung
kinidungan tuntunan di
katuntun mring lakutama
kang dadi sangune urip
kajunjung asma wong tuwa
kagadhang siyang lan ratri

9.
Kabegjan jejering sunu
kagulang myang yayah wibi
karegem tuladhatama
kinidungan karoban sih
kawengku sagung kagunan
kang piguna mring sesami

10.
Aywa ragu jroning laku
lamun wus tumindak becik
angaraha urip tata
siyang pantaraning ratri
urip aywa padha ngangsa
mamrih tentrem jroning ati
  


 

Contoh Tembang Macapat Pocung

Tembang pocung berasal dari kata "pocong" memiliki arti kain kafan yang biasanya dikenakan saat seseorang sudah meninggal sebelum dikebumikan. Tembang ini merupakan urutan terakhir dari kasanah tembang macapat. Makna dari tembang ini adalah mengingatkan kepada manusia akan datangnya kematian, saat dimana dia kembali berpulang kepada Tuhan Yang Maha Esa. Tembang ini juga menjadi pengingat kita bahwa kehidupan ini hanyalah sementara, dan semua akan kembali berpulang kepadaNya.

  • Watak tembang pocung : Dukacita, rasa sedih, jenaka, penuh dengan teka-teki, tegas, memberi nasehat, kegembiraan.
  • Guru gatra tembang pocung : 4
  • Guru lagu tembang pocung : u, a, i, a
  • Guru wilangan tembang pocung : 12, 6, 8, 12
Adapun contoh dari tembang pocung diantaranta :
     
11.
Thole kuncung
Lamun sira ngudi elmu
Ja pisan sembrono
Awit ngelmu migunani
Tanpa iku uripmu bakal rekasa

12.
Wit wong sepuh
Ingkang wus bodho kebacut
Anane mung pasrah
Ora bisa anggetuni
Marga ngerti getun mburi ora guna

13.
Anak putu
Ora kena melu-melu
Dadi wong kluyuran
Awit marakake lali
Gaweyanmu kudu rampung saben dina

14.
Disinau
Awak aja nganti ngelu
Amrih kabeh lancar
Mula kudu ngati-ati
Saben dina ulah raga dimen kuwat

15.
Lamun esuk
Aja pisan wegah wungu
Banyu aneng njangan
Iku pituduh sayekti
Iku lamun dipun udi apik tenan

16.
Pancen kudu
Solah tingkah ingkang cakut
Jangkahmu sing amba
Golek mulya jaman mangkin
Isih akeh dham idhaman ingkang mulya

17.
Yekti kojur
Uwong bodho kaya aku
Sasat gawe klasa
Aji godhong jati akingEman-eman yen urip ditinggal jaman

18.
Rumangsamu
Apa jaman ora maju
Iki dudu tanggap
Ngelmu perlu kanggo urip
Pawitan kang tanpa tandhing ajanira

19.
Kucing niku yen kaingu kanthi tuhu
Nengsemaken manah
Kalung krincing katon manis
Mrana-mrene krincang-krincing dhemenakna. 

20.
Kucing niku yen kabucal suku wulu
Minangka tetedhan
Bumbu bawang langkung gurih
Klethak-klethik telas kathahtan rinasa


Contong Tembang Macapat Pangkur

Tembang pangkur berasal dari kata "mungkur" yang memiliki arti arti mengundurkan diri. Dalam tembang ini memberikan gambaran kepada kita bahwa manusia memiliki fase kehidupan dimana dia akan mundur dari kahidupan ragawi dan beralih ke kehidupan jiwa atau kehidupan spiritual. Pangkur juga dapat diartikan menyingkirkan hawa nafsu duniawi, atau nafsu negatif yang menggerogoti jiwa manusia.

  • Watak tembang pangkur : gagah, kuat, perkasa, berbesar hati, tidak mudah menyerah serta mau menerima kekurangan diri sendiri
  • Guru gatra tembang pangkur : 8
  • Guru lagu tembang pangkur : a, i, u, a, u, a, i 
  • Guru wilangan tembang pangkur : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Adapun contoh dari tembang pangkur diantaranya : 

21.
Iring kulon Lawu arga
Sisih wetan njenggeleg ardi Wilis
Anenggih kutha Mediyun
Tetedhan kang mirunggan
Sega pecel sambel cinampur ron purut
Lawuh peyek kang mirasa
Pincuk saking godhong jati 

22.
Rebo Legi kawursita
Jarwèng kawi kawuwus Buda Manis
Galak watak hambeg jagur
Waspada bèr wawasan
Milangoni kèh kanca widigda srawung
Ngayomi gemi sembada
Yen tetulung kanthi pamrih

23.
Damar ratri ing akasa
Sarung jagung wibi ingkang jinarwi
Rasa abot jroning kalbu
Wlulang rinéka janma
Gumawang datan ilang wewayanganmu
Kepiting kang sobèng rawa
Dhuh wong ayu kang kinasih

24.
Jarwaning rasa asmara
Sekar jambé menyan pita ing ardi
Katresnanku myang sliramu
Penyu matirtèng sendhang
Tresna tuhu kang tulus telenging kalbu
Wastra cangkanging kalapa
Tresna tekèng tepet suci

25
Tan samar pamoring suksma
Sinukmaya winahya ing asepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep alaping ngaluyup
Pindha pesating supena
Sumusuping rasa jati

26.
Bapak tani udan-udan
Nanging datan suwe tyas wigih-wigih
Kadereng ndang bisa nandur
Ketungkul macul lemah
Nggarap sawah mrih bisa urip kang makmur
Anenandur palawija
Pala kesimbar lan pari

27.
Mangkono slami-slaminya
Gesang lulut kalawan sawah tegil
Nggawekke pangan sedulur
Ingkang manggon ing kutha
Dadi cagak adeging nagri kang baku
Apa ora jeneng mulya
Mring negara diajeni

28.
Ayem tentrem ora nggrangsang
Najan ana jaman nganeh-anehi
Mung siji ingkang dipun suwun
Panenan tansah ningkat
Sarap sawan ama kabeh padha sumyur
Iku kang tansah den mengsah
Kang ora bisa dibedhil

29.
Mula pamrentah surnadya
Kabutuhan rabuk alat lan wiji
Uga obat amanipun
Koprasi tani sisan
Kanggo njaga paceklik wus gawe lumbung
Gawe wadhuk agraria
Ben bisa ngoncori tegal

30.
Ngébar pangkur ri punika
Dhawahipun dinten Respati Manis
Kemis Legi kang kawuwus
Sasmita hambeg dina
Wicaksana sembada pamer tan purun
Emane sukeng ngeyelan
Sinawung murinan ugi 


Contoh Tembang Macapat Maskumambang

Tembang ini merupakan urutan pertama dari tembang macapat. Terdiri dari dua kata yakni "mas" dan "kemambang" = kumambang yang memiliki arti emas yang terapung. Maskumambang memberikan gambaran kepada kita bahwa kehidupan manusia dimulai sejak dalam kandungan ibu kita berupa janian dimana terjadi pembentukan organ-organ tubuh. Maskumambang sendiri juga ada yang menafsirkan bahwa tembang ini merupakan gambaran arwah di alam barzah yang masih dalam teka-teki.

  • Watak tembang maskumambang  : nelangsa, sedih, ketidakberdyaan, maupun harap-harap cemas dalam mensikapi kehidupan
  • Guru gatra tembang pangkur : 4
  • Guru lagu tembang pangkur : i, a, i, a  
  • Guru wilangan tembang pangkur : 12, 6, 8, 8
Adapun beberapa contoh tembang macapat maskumambang diantaranya : 

31.
Menep nenging tirta sung bening lan wening 
Mung tan gege mangsa
Kagayuh ingkang nlateni
Lan dadya lereming liya

32.
Yèn kumambang kéntir ing duhkita, kaki
Dèn simpen ing panglimbang
Lebet ngimbu waskithadi
Tembé murwati mring mitra.

33.
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
sadulur myang sanak
kalamun muruk tan becik
nora pantes yèn dèn nut ta

34.
Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis,
sambaté mlas arsa,
luhnya marawayan mili,
gung tinamèng astanira.

35.
Nenggih sekar rukmi tumimbul ing warih
Amengku surasa
Wiwitan gesang puniki
Aneng guwa garba rena

36.
Kang kinandhut sangang candra dasa ari
Biyung tan ngresula
Abote angrumat rukmi
Kang kumambang jroning garba

37.
Biyung niku pindhane Gusti kaeksi
Nuli bektenana
Lamun siya mring keng wibi
Bebendu bakal sinandhang

38.
Ana ngendi papane ruh wong kang mati
Manungsa tan pana
Kjaba ntuk rohmating Gusti
Alantaran wahyunita

39.
Saben-saben kang nduweni nyawa iki
Tan luput ing sirna
Sun ( Allah ) teter ala lan becik
Mung mring Allah balinira
 
40.
Ruh-ruh janma sigra pinaringan panti
Laras ngamalira
Tatarannya datan sami
Mung Allah kang Maha Priksa

Contoh Tembang Macapat Sinom

Kata sinom merupakan kata dalam Bahasa  Jawa yang memiliki arti pucuk daun yang baru tumbuh dan bersemi. Sesuai dengan maknanya, kata sinom memberikan gambaran fase kehidupan manusia dimana seseorang yang mulai beranjak dewasa, dimulai dengan perubahan fisik, perilaku serta perubahan sikap. Masa-masa ini terjadi pematangan fungsi-fungsi se*ks*al. Peran dan pendampingan orang tua sangatlah penting karena masa inilah seorang anak sedang mencari identitas dalam diri mereka.

  • Watak tembang sinom : sabar, ramahtamah
  • Guru gatra tembang sinom : 9
  • Guru lagu tembang sinom : a, i, a, i, i, u, a, i, a 
  • Guru wilangan tembang sinom : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
Adapun contoh dari tembang macapat sinom sebagai berikut : 

41.
Wiwit cilik bocah tansah
Kepengin barang kang becik
Tangane wiwit kranggehan
Sasat menek ancik-ancik
Tan leren anyedhaki
Najan durung bisa mlaku
Ora ketang kethawilan
Pralambang uripnya yekti
Janmi iki tansa duwe dham-idhaman

42.
Si enom munndhak diwasa
Gegayuhan saya inggil
Pengin nyandhaj kekarepan
Gregete ashundul langit
Ra wegah ora wedi
Ati tatag ora mundur
Ruwet renteng dipun udhar
Sagung palang den putungi
Rawe-rawe den rantasi kanggo dalan

43.
Ora sithik coba godha
Ingkang tansah den prangguli
Nanging wekasane bisa
Tampa kanugeahan kasil
Kechandak kang den esthi
Idhamanira ginayuh
Mula para mudha sira, cancut matak aji-aji
Nora wegah marang pait gethira

44.
Kalamun sira kuwasa
Ing kono sira den uji
Lamun urip dadi rakyat
Ing kono iya den uji
Spira pamone ati
Gegetih munggwing wit pohung
Lemah banyu saupama
Den butuhke wong sanagri
Iku kena kanggo sangu golek ngamal

45.
Nanging sira den elinga
Jaganen nggenira urip
Tindak-tandunk solah bawa
Iku kudu ngati-ati
Pangaruh ala kuwi
Luwih lembut, luwih alus
Nanging yen sira waspada
Bakal dadi wong kang suci
Ngger putraku dadio wong kang piguna

46.
Roning kamal winursita
Wasita sinom winerdi
Werdine mudha taruna
Jati dhiri denupadi
Marsudi kehing ngelmi
Anggayuh saliring kawruh
Kang dadya kekudangan
Myang ginadhang yayah wibi
Muga dadya wong piguna mring sasama

47.
Samangsane maksih mudha
Durung jejeg nalar budi
Tumindak gampang kagewang
Kirang ing pangati-ati
Adreng senenging galih
Lamun ta mung anut grubyug
Gegrubyugan tan pedah
Wusanane mitunani
Tan wurunga asor drajat yayah rena

48.
Lamun maksih tumaruna
Sarananen ing pangudi
Angudiya kautaman
Utameng budi pakarti
Bebuden kang utami
Utamaning bebrayan gung
Ywa anggung myang ugungan
Tan piguna nglelingsemi
Sengsema mring luhuring asma wong tuwa

49.
Roning kamal winursita
Wasita sinom winerdi
Werdine mudha taruna
Jati dhiri denupadi
Marsudi kehing ngelmi
Anggayuh saliring kawruh
Kang dadya kekudangan
Myang ginadhang yayah wibi
Muga dadya wong piguna mring sasama

50.
Samangsane maksih mudha
Durung jejeg nalar budi
Tumindak gampang kagewang
Kirang ing pangati-ati
Adreng senenging galih
Lamun ta mung anut grubyug
Gegrubyugan tan pedah
Wusanane mitunani
Tan wurunga asor drajat yayah rena

Contoh Tembang Macapat Gambuh

Tembang gambuh berasal (tambuh, embuh, gambuh, jumbuh) yang memiliki arti sesuai, tepat, cocok, dan imbang. Tembang ini merupakan tembang macapat yang berisikan berbagai ajaran kepada anak - anak khususnya kaum muda tentang nasihat, bagaimana kita bisa menjalin hubungan antara manusia satu dengan manusia lainnya.

  • Watak tembang gambuh : ruku, kekeluargaan, dan kebersamaan
  • Guru gatra tembang gambuh : 5
  • Guru lagu tembang gambuh : u, u, i, u, o 
  • Guru wilangan tembang gambuh : 7, 10, 12, 8, 8
Adapun contoh tembang macapat gambuh diantaranya :

51.
Pitados kalamun
Urip iki gampang yen dietung
Kanthi nalar sebab kabeh iku yekti
Ditandangi bisa rampung
Yen awak tan gampang nglokro

52.
Yen sira grasa-grusu
Sakeh tindak mesthi gampang kleru
Mangka jeneng kleru iku mbebayani
Tumrap urip bisa kojur
Ora wurung dadi repot

53.
Ndedonga iku perlu
Ngrumangsani yen manungsa iku
Kabeh kagungane ingkang Maha Widi
Sabar narima lawan nyebut
Ora kena srota-sroto

54.
Sing kudu disinau
Kang baku kadewasan dhirimu
Marga sira iku padha karo uwit
Ora pijer miyur-miyur
Ngadeg jejeg kudu bakoh

55.
Yen ati bingung
Petanana sakehe tingkahmu
Kang kapungkur kudu enggal den beresi
Aja nandho urusanmu
Awit iku bisa ngendhog

56.
Murwani sekar gambuh
Abot-enheng sajroning panggayuh
Aywa miyur tetep madhep jroning galih
Bener-becik jroning laku
Murih urip datan bobor
  
57.
Pangangen jroning kalbu
Lan pikir lathi pakarti tuhu
Tansah ngener dalan padhang lan nyawiji
Kanyatane kabeh iku
Dadya pepethinganing wong

58.
Yen kabeh podho jumbuh
Urip adoh saka sarusiku
Kang tinulad amung angger kang utami
Cak-cakane tan tumiyung
Sumunar lir sesoyta byor
  
59.
Ngedohana panyendhu
Dhemen ngrasuk marang wulang wuruk
Anyingkur mring pakarti darsilajuti
Tatakrami jroning laku
Bener luput wis ginolong

60.
Aywa kalantur-lantur
Jroning beda aja padha udur
Iku kabeh sing peparingipun Gusti
Becik lamun padha munjuk
Kaparingana karahayon

Contoh Tembang Macapat Mijil

Tembang mijil merupakan urutan kedua dari tembang macapat setelah tembang maskumambang. Tembang mijil mempresentasikan fase kehidupan manusia ketika dia dilahirkan di dunia ini berupa seorang bayi setelah dikandung ibunya selama 9 bulan lamanya. Adapun terdapat penyataan lain yang mengartikan bahwa tembang mijil merupakan wujud keinginan yang kuat untuk menjadi pribadi lebih baik.

  • Watak tembang mijil : Belas kasih, perhatian, cinta, menasehati, pengharapan, kekuatan, ketabahan dalam menjalani hidup 
  • Guru gatra tembang mijil : 6
  • Guru lagu tembang mijil : i, o, e, i, i, o
  • Guru wilangan tembang mijil : 10, 6, 10, 10, 6, 6

61.
Kinen mlebu wong kang lagya prapti
Pra murit matur lon
Dhuh Kiyai punika wangune
Badhe priman patrapnya katawis
Angesorken dhiri 
Pangangge tan patut
 
62.
Kados mboten perlu ngong wewarti
Paduka wus ngertos
Marma sanget panuwun ngong mangke
Mugi-mugi kiyai paring sih
Nadyan anglampahi
Sakit tekeng lampus

63.
Wong kang kurang jembar ing pangarti
Denanggep wus gathok
Gama kuna mantep pamanggepe 
Kukuh bakuh denira nyungkemi
Nadyan tekeng pati
Tan mengeng tyasipun

64.
Nanging akeh wong kang tan ngawruhi
Lamun Rusul gantos
Kangjëng Rasul dadi panutupe 
Saka pungkurnya tan na Rusul malih
Tuměka ing ari 
Kiyamat puniku

65.
Mung sakadar denya nambut kardi
Tan pamrih bandhen wong
Wiknya nahan kang dudu mukrime
Batal karam kang kawustheng ati
Mung ingkang kaesthi
Antuk surga besuk

66.
Pinaringan supangating lair
Jenjem ayem ayom
Ambleri mring Pakarangane 
Tinon ijo rèsëp résik asri 
Saras ingkang jisim 
Tan grangsang tyasipun

67.
Tinandurab jeruk, pisang, cengkih
Nyatane yo awoh
Uga klapa genjah, kopo kates
Sakabehe giriawe linuwih
Nanging tetep asri
Nora katon njembrung
 
68.
Lamun dhusun papan uwis dadi
Seneng ingkang manggon
Thetukulan sajak sarwa pamer
Woh-wohane pancen ngiming-iming
Amung kari methik
Kanggo tambah butuh

 69.
Sejatine sinten datan ngerti
Lamun dhusun mono
Sumber butuh sedina-dinane
Awit butuh ora kudu dhuwit
Kebon wus cumawis
Dadi " warung hidup"

70.
Bekicot kang tansah sabeng warih
Kanthi gotong royong
Iki cara ingkang langkung sae
Nyata bakal bisa amungkasi
Ing desamu mesthi
Swargane gnawe ayu

Contoh Tembang Macapat Megatruh

Megatruh merupakan penggabungan dari dua kata yakni megat dan ruh. Megat memiliki arti berpisah sedangkan ruh memiliki arti nyawa. Dari kedua kata tersebut megatruh dapat diartikan sebagai terpisahnya nyawa dari jasad. Secara filosofis, megatruh menggambarkan fase perjalanan hidup manusia yang menemui ajal kematiannya.

Watak tembang megatruh : kesedihan dan duka cita, rasa putus asa dan kehilang harapan
Guru gatra tembang megatruh : 5
Guru lagu tembang megatruh : u, i, u, i, o 
Guru wilangan tembang megatruh : 12, 8, 8, 8,8

Adapun contoh dari tembang megatruh diantaranya :

71.
Para mudha dohana saking panyendhu
Ywa mungkur mring tata krami
Aywa ninggal sopan santun
Ywa ninggal duga prayogi
Nyingkiri pocap kang lekoh

72.
Lamun becik wulang wuruke pra sepuh
Pra mudha wajib nuhoni
Tata krama tindak-tanduk
Becik ing budi pakarti
Punika estu wigatos

73.
Para mudha lamun cengkeh ing panemu
Ywa gampang trus panas ati
Kawruhe tumrap pra sepuh
Mumpuni lair lan batin
Nyendhu marga tresna yektos

74.
Yen pra sepuh tan kersa a nyendhu sunu
Estu badhe mbebayani
Cubluke kang anom wutuh
Yen kawruh ngelmune tipis
Gampil kacelu kajlomprong

75.
Lamun puguh kang sepuh gumrumung terus
Becik den tinggal sumingkir
Tan becik a nyaru wuwus
Kang sepuh amrih menggalih
Mrih becik ingkang dumados
GURU SEJATI TUMRAPING PUTRA



Contoh Tembang Macapat Durma

Tembang macapat durma merupakan tembang yang berisikan gambaran manusia yang mendapatkan nikmat dari Tuhannya berupa kecukupan. Oleh karena itu, seharusnya dia banyak berbagi kepada sesama dan bersyukur atas segala nikmat ang telah diterimanya. Tembang durma berasa dari kata "darma" atay weweh yang berarti dermawan / senang barbagi / senang memberikan sumbangan.

  • Watak tembang durma : galak, nantang, nesu, muntab
  • Guru gatra tembang durma : 7
  • Guru lagu tembang durma : a, i, a, a, i, a, i 
  • Guru wilangan tembang durma : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7

76.
Duh begjaku urip pisan dadi kewan
Saben dina nyang sabin
Najan wareg mangan
Yen mangsa labuh teka
Hiya aneng wektu kuwi
Aku den peksa
Luku kudu sun tarik

77.
Seneng wedhus padha-padha dadi kewan
Tinimbang dadi sapi
Wedhus ora susah
Mangane ora bedha
Kena apa ora adil
Awakku lara
Tansah dipun pecuti


78.
Kebangetan uwong kog ora rumangsa
Yen aku mrebes mili
Nyebut kang kuwasa
Kapan biasane bisa luwar
Ingsun datan pun cecenggring
Mbok tepa-tepa
Mesakna aku iki

79.
Aku bisa nyambut gawe golek pangan
Ngrewangi kadang tani
Nanging mbok iyoa
Padha enggal gelema
Asih mring bangsaku iki
Aja den jajah
Sun ngrewangi prihatin

80.
Jan jane kang aran wong jawa punika
Dudu suku sanes etnis
Nanging wong kang nyata
Bener,sae weruh tenan
Luhur ing budi pekerti
Kados tuladha
King leluhur rumiyin

81.
Mula najan wong kang lair saka bangsa.
Landa arab pa itali
Yen kelakuane endah
Watake bener, temen lan tenan
Budi pekertine becik
Iku wong jawa
Jati diri jawa asli

82.
Nanging najan wong kang lair ana jawa
Wong tuane jawa asli
Yen watake ala
Nista gak duwe duga
Ra weruh pranatan urip
Lan sobasita
Mesti dudu wong jawi

83.
Mula dulur, kanca uga kadang kula
Yen sira turun wong jawi
Ayo ugemana
Watak karakter wong jawa
Kang minangka jati diri
Bangssa kita
Lestarikno lan ugemi

84.
Sugeng enjing para dulur ugi kadang
Hamugnya tansah manggih
Rahayu widada
Den pangestonani rama
Bagas waras lair batin
Na ing kabegja
Deres arta lan rejeki

85.
Nateng Siyem kalawan nateng Manila,
prapta tunggiling kardi,
harsa amisesa,
marang randha Dhadhapan,
yata risang sarpa uning,
yen praptanira,
rising narpati kalih.

Contoh Tembang Macapat Asmaradana

Tembang asmaradana adalah tembang yang menceritakan manusia yang sedang dilanda kasmaran atau jatuh cinta kepada lawan jenisnya. Secara umum, tembang ini berisikan kisah cinta yang dialami oleh anak mudah. Arti tembang asmaradana berasal dari kata "asmoro" yang berarti asmara atau cinta  dan kata dhana yang memiliki arti api yang menyala. Dari kedua kata tersebut apabila digabungkan akan memiliki pengertaian aspi asmara yang menyala. 

Watak tembang asmaradana : sengsem, welas, tresnam asih, sedih lan prihatin
Guru gatra tembang asmaradana : 7
Guru lagu tembang asmaradana : i, a, e, a, a, u, a 
Guru wilangan tembang asmaradana : 8, 8, 8, 7, 8, 8, 8



86.
Poma-poma wekas mami
Kang tumrap mring para putra
Aywa weya mring wajibe
Becik sira angupadya
Bab ngelmi kapinteran
Nadyan ina yen kadulu
Mring tan kaduwung tembenya

88.
Lekas ira ngelmi iki
Kelakone kanthi lampah
Lampah baku satemene
Kang dhingin kudu narima
Dwi bekti mring wong tuwa
Tri manembah Hyang Agung
Catur setya mring pamarentah

89.
Madhep mantep kang taberi
Nora kena salewengan
Apa maneh nganti mlenceng
Padha rukun karo kanca
Tan becik memungsuhan
Iku saru yen kadulu
Pelajar mungsuh pelajar

90.
Ywa gampang nuruti meri
Kabrongat karep sanira
Nuruti panas atine
Ninggal petung dadi bubrah
Rusak asma myang ra8
Temah gabug kang den kukup
Muspra kang dadi panjangka

91.
Ana nalar dha dipikir
Ana rembug musyawarah
Dipurih amrih becike
Tan cukup mung gontokan
Pepaline pra wredha
Mundur ajur maju tatu
Dadya bungah sing ra genah

92.
Banget krasa lara isin
Pelajar mungsuh pelajar
Adoh saka kudangane
Calon panerus bangsa
Dhemen padha gontokkan
Piye nasib negaramu
Kang mbutuhke persatuan

93.
Kasmaran laku utami
Marsudi murih sampurna
Dimen kepenak uripe
Najan manungsa tan ana
Kang datan darbe cacat
Nanging kabeh tindak-tanduk
Iku bisa den gegulang

94.
Apa dene swara ati
Dadia woting tumindak
Sabab lamun datan nate
Mulat sarira manungsa
Bisa dadi sangsara
Tangeh lamun bisa luhur
Kepara tumibeng nistha

95.
Bathara Wisnu punika,
Anitis ana ing kene,
Ing Sang Prabu Jaya Baya,
Nalikane mangkana,
Pan jumeneng Ratu Agung,
Abala para narendra.

Contoh Tembang Macapat Dhandanggula

Tembang ini berasal dari kaata "gegadhangan" yang berarti harapan, angan-angan attau cita-cita. Sedangkan kata gula memiliki arti manis atau indah. Dhandanggula sendiri memiliki kebaikan atau harapan.   

Watak tembang dhandanggula : luwes, menyenangkan, merasuk hati
Guru gatra tembang dhandanggula : 10
Guru lagu tembang dhandanggula : a, i, u, a, u, a, i 
Guru wilangan tembang dhandanggula : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8. 12, 7

96.
Damar ingkang paring tuduh janmi
Iki ana jrone pancasila
Ing kono pepak isine
Uwis bener ditanggung
Tumrap kadang wajib ingudi
Ngerti lawan isinya
Lair batinipun
Tanpa iki janma rusak
Bubrah babreh anget banget den dandosi
Donya bajak kiyamat

97.
Sarung jagung godhong gedhang garing
Ora abot sanggane wong gesang
Bisa kepenak larase
Nanging yen lira purun
Amarsudi laku utami
Ngenggoni kalumrahan
Padha-padha srawung
Pamrihmu den limbangana
Ora nggugu marang karepnya pribadi
Ing minangka jimat

98.
Padang mbulan purnama ndadari.
Awit saking dayane hyang Candra.
Hingga warata padange.
Dasare tengah ndalu
Samirono kroso sumilir.
Angger kang pada seba.
Tata lan tumungkul.
Kabeh pada lenggah sila.
Arsa nyadong dawuh sabda sang resi
Ainun Nadjib sanyata.

99.
Bebasane Padangmbulan Iki
Dadiya kedung lan ilining Toya
Anyeger kang pada ngombe
Kedung kawruh lan ngilmu
Datan asat Salami kami
Akeh kang pada prapta
Nimba sarta ngangsu
Ngangsu kawruh kang utama
Amemangun bebrayan silaturahmi.
Maiyah angrembaka.

100.
Ana kidung sun angidung wengi,
Bebaratan duk amrem winaca,
Sang Hyang Guru pangadege,
Lumaku Sang Hyang Bayu,
Alambeyan asmara ening,
Ngadeg pangawak teja,
Kang angidung iku,
Yen kinarya angawula,
Myang lelungan Gusti gething dadi asih,
syaitan sato sumimpang.


Posting Komentar untuk "100 Contoh Tembang Macapat Lengkap dengan Watak, Guru Gatra & Wilangan "