Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

50 Contoh Tembang Gambuh [ Pendidikan, Budi Pekerti, Buatan Sendiri ]

Tembang Gambuh adalah salah satu contoh dari 11 tembang macapat yang melukiskan perjalanan hidup manusia ketika sudah mencapai kedewasaan. Gambuh sendiri merupakan kosa kata dalam Bahasa Jawa yang artinya menyatu. Ada pula yang mengartikannya sebagai mengetahui. Tembang ini menggambarkan fase dimana seseorang telah banyak pengalaman dan akan memasuki kehidupan berumah tangga. Dalam tradisi Jawa, untuk mencapai suatu keseimbangan dan kebahagiaan dalam menjalani kehidupan maka diperlukan banyak pertimbangan. Sebagai contoh saat hendak memilih pasangan hidup, maka sebaiknya kita mempertimbangkan konsep bibit, bebet dan bobot. Tradisi Jawa masih mempertimbangkan persamaan derajat agar perjalanan rumah tangga dapat berjalan dengan baik dan memperoleh bahagiaan.


Dalam beberapa contoh tembang gambuh dengan tema pendidikan, lingkungan, budi pekerti, dan sosial kita bisa mendapati petuah atau nasehat baik itu untuk anak muda, anak cucu atau orang lain berkat banyaknya pengalaman yang dimilikinya. Adapun pesan-pesan tersebut dapat kita jumpai dari contoh tembang gambuh yang telah kami rangkum dari berbagai tema. Namun sebelumnya, alangkah lebih baik kita mengenal watak, guru lagu, guru wilangan dan guru gatra dari tembang gambuh itu sendiri.

  • Watak tembang gambuh : ramah tamah, persahabatan
  • Guru gatra tembang gambuh : 5
  • Guru wilangan tembang gambuh : 7, 10, 12, 8, 8
  • Guru lagu tembang gambuh : u, u, i, u, o

 Berikut ini adalah contoh tembang gambuh  :

 

 

Contoh Tembang Gambuh Buatan Sendiri

Ngaran mudha puniku
Unggah-ungguh dhateng tiyang sepuh
Rinten dalu datan kendhat nggen marsudi
Utami ngelmu puniku
Linambaran ing waspaos

Akeh kang samya matur
Wong kang jujur jare malah kojur
Kadhang nyata ing jaman globalisasi
Dhandhang kawastanan kuntul
Kang kuntul jarene blekok

Ana maneh kang matur
Wong kang sabar cabar kang ginayuh
Kalah dhisik kalah mburog antuk sithik
Kasep nyrondhol nora ngandhut
Mbuh resiko waton klakon

Rebutan tuwuh subur
Kalungguhan kang terus den bujung
Batal haram mbuh ra weruh tan ginubris
Waton kacckel butuhku
Tan ngurus urusaning wong

Niku pakartinipun
Tumrap janma kang imane luntur
Nunjang palang nuruti krenteg ing ati
Ilang rasa jiguh kewuh
Nggayuh karepe mrih klakon

Contoh Tembang Gambuh Tema Budi Pekerti

Tindak-tanduk puniku,
nyata bener utusaning kalbu,
urip tentrem linambaran ati suci,
Adoh saka sarusiku,
lair batin sapatemon.

Becik lamun ginayuh,
urip tata kebak unggah-ungguh,
rina-wengi kautaman denpepundhi,
nora duwe rasa mutung
tresna asih andhap asor.

Ruruhira tinuntun,
nadyan sira maksih magang laku,
ulat manis katindakna saben wanci,
apa wae kang dinulu,
ingkang luhur dudu asor.

Tutur kang wus lumuntur,
tumindaka laku temen jujur,
aywa nganti gawe gelaning sasami,
becik suka luru ilmu,
sari-sarining dumados.

Ginelunga ing laku,
sirik lamun akarya panyendhu,
jroning srawung sinarawung bener becik,
sanyatane tan tumpangsuh,
waspaos kang sarta bobot.

Caket mring mitra karuh,
mekrok kadi sekar arumndalu,
petang jangkep tan ana kang cicir,
ingesuh tangguh lan puguh
datan dheprok ing lelakon.

Contoh Tembang Gambuh Tema Pendidikan

Kakang gambuh yen purun
Aku nyuwun urun-urunipun
wurukana ajar maca lawan nulis
Dimen aku bisa maju
Ora pijer plonga-plongo

Yen tansah buta huruf
Aku ora bisa ngerti rembug
Apa jane koran mlebu desa kuwi
Dadi uwong kok le cubluk
Lir kodhok kurungan bathok

Kepengin maca kidung
Ngidungake bocah arep turu
Ana koran isine kok sajak wasis
Kaya sing kok waca seru
Aku seneng lamun enjoh

Pak dukuh uga tau
Dadi guru aparing sesuluh
Apa-apa jare kena dicatheti
Wiwit iku aku bingung
Kapiadreng emoh bodho

Saiki pancen perlu
Uwong wadon kudu ngudi elmu
Ora kaya wong wadon dhek jaman wingi
Akeh kang tansah pun kurung
Aneng pawon nguleg lombok    

Contoh Tembang Gambuh Tema Lingkungan

Yen teka mangsa tandur
Mbakyu-mbakyu tani podho rukun
Rame-rame menyang sabin nyekel winih
Neng ler-leran banjur nyemplung
Ora wedi karo blethok

Wiwite umun-umun
Nganti tekan wis meh wayah surup
Nanging iku linakonan kanthi tliti
Mrih gampang anggone matun
Kudu lempeng ora bengkong

Pak tani nggowo kenur
Kanggo ngentheng manut marang ukur
Mbakyu tani jejer-jejer pating jrengking
Iki pancen wajibipun
Sedulur-sedulur wadon

Mangkono critanipun
Ganti-gantu sabulak wis kemput
Yen sinawang amba nganti kethip-kethip
Katon iju riyu-riyu
Desane katon yen adoh

Ing kono papanipun
Kanggo ajang rejeki kang thukul
Murakabi mring sedulur sanagari
Papan Dewi Sri Tumurun
Paring tedha marang uwong

Wis tiba mangsa labuh
Wis wayahe padha muwur jagung
Kanggo jagan sadurunge panen pari
Prayogane uga nandur
Mbayung bayem, lombok terong

Contoh Tembang Gambuh Tema Kekancan

Warna-warna ping iku
Abang enom sinebut kancaku
Warna karemenane pra rumaja putri
Mligi nggo sing lagi gandrung
Gandrung kasmaran mring jodho

Warna ijo puniku
Lir warni tanem lagya gumadhung
Sarta geghodongan ing sadhengah wukir
Ngresepake ing pandulu
Tumraping sedaya mawon

Warna coklat iku
Kangge campurane kopi susu
Yen den unjuk cetha maremake
Atiku tuwin atimu
Awak sehat ora nglokro

 

Contoh Tembang Gambuh Tema Agama / Ketuhanan

Wayah sonten meh surup
Tengara maghrib kapireng bedhug
Enggal-enggall pradandosan lan sesuci
Nuju masjid sholat fardhu
Yen jamaah langkung afdol

Lamun sholat wus rampung
Sampun kesesa tumuli kondur
Umbul donga, dzikir lan wiridan ugi
Sunnah bakda sholat fardhu
Den tindakna aywa lowong

NDedonga iku perlu,
ngrumangsani yen manungsa iku,
kabeh kagungane Ingkang Maha Widi,
sabar nrima lan nyebut,
ora kena srota-sroto.

Contoh Tembang Gambuh Tema Sosial

Ingkang perlu cinatur,
tembang gambuh kang maweh sesuluh,
najan amung sembur-sembur adas nanging,
luwung kena kanggo sangu,
aneng urip dadi conto.

Yen ati lagi bingung,
petanana sakehe tingkahmu,
kang kapungkur kudu enggal den beresi,
aja nandho urusanmu,
awit iku bisa ngendhog.

Sing kudu disinau,
kang baku kadewasan dhirimu,
marga sira iku padha karo uwit,
ora pijer miyur-miyur,
ngadeg jejeg kudu bakoh.

Yen sira grasa-grusu,
sakehing tindak mesthi gampang kleru,
mangka jeneng kleru iku mbebayani,
tumrap urip bisa kojur,
ora wurung dadi repot.

Pitadosa kalamun,
urip iki gampang yen dietung,
kanthi nalar sebab kabeh iku yekti,
ditandangi bisa rampung,
yen awak tan gampang nglokro.

Tembang Gambuh Nasehat Untuk Anak

Wajib sak lajengipun
Tumrap bapa tuwin biyungipun
Mulang wuruk unggah-ungguh tata krami
Tan cukup amung amuwus
Tuladha becik tan towong

Pamong prayoginipun
Tindak-tanduk sarta tuturipun
Yen busana lan dhahar sopan mantesi
A ninggal laku kang saru
Ywa mung anut grubyug ing wong

Ala becik puniku
Tumrap lare saka bapa biyung
Jroning srawung kang kulina den lampahi
Becik mangga dipun emut
Jroning srawung ngatos-atos

Lamun tuture saru
Nora becik yen samya diguyu
Dadya bombong tuture trus wola wali
Prayoga alon kasendhu
Mrih lare nora kajlomprong

Nyendhu lare puniku
Nganggo tembung kang becik kaprungu
Lamun ala njalari runtik ing ati
Lare suka tiru-tiru
Yen tinulat dadya awon

Contoh Tembang Gambuh Tema Ekonomi

Mrih aja pijer mumbul
Kabeh sesanggan jrone uripmu
Butuhira den titi angati-ati
Aja kongsi waton antuk
Utang banjur gampang tledor

Utang-utangan iku
Pakulinan kang banger saben ari
Tansah goreh rasanipun
Marakake awak loyo

Upamane kebacut
Sing diarah aja ngganti imbuh
Tan wurung ingkang nyaur sira pribadi
Iya lamun sira iku
Isih waras tan ketanggor

Lamun pesthi pinundhut
Yuswanira wis wanci dipuput
Mati iku ora teges anglunasi
Utang nalika uripmu
Kang dadi gawan sing abot

Wiwir iki wis kudu
Karo utang tansah nganggep mungsuh
Awit iku nguripi bangsa rentenir
Uripe padha den emut
Konomi jan nganti bobrok

Contoh Tembang Gambuh Tema Pertanian

Nalika umur pantun
Sampun cekap lan sami tumungkul
Wayahipun kadang tani panen sami
Bebarengan guyub rukun
Ngarit pantun nuli nggepyok

Saweneh ingkang buruh
kanthi sengkut ngarit nggepyok pantun
Lamun rosa kathah opahira mesthi
Sampun sok kulino ngurup
Kajaba yen nggawe bawon

Gabah kabekta wangsul
Tinimbang kanthi timbangan bandhul
Kangge bawon sapraenem pinisah riyin
Dados pasrah sisanipun
Ingkang nggaeap sapretelon

Pangupakaranipun
Kepepe nalika boten mendhung
Kalih dinten tiyang dinten sampun garing
Kasimpen mblebet ing lumbung
Raos ayem gadhah tandhon

Itulah beberapa contoh tembang macapat gambuh dalam berbagai tema. Semoga artikel ini bermanfaat bagi anda.

Posting Komentar untuk "50 Contoh Tembang Gambuh [ Pendidikan, Budi Pekerti, Buatan Sendiri ]"