Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Cerkak Bahasa Jawa, Pengertian, Ciri dan Contohnya

Ing postingan menika, admin badhe bahas babagan Cerkak Bahasa Jawa. Sakderengipun, wonten ingkang sampun mangertos nopo niku cerkak?. Cerkak yaiku criyos cekak utawi cerpen, dados kanca-kanca ingkang sampun tepang cerpen. Cerkak menika sami kaliyan cerpen, namung mawon cerkak ngagem Bahasa Jawa.

Cerkak Bahasa Jawa yaiku setunggaling karya sastra ingkang berbentuk prosa, gadhah sipat fiktif ingkang nyriyosaken setunggaling criyos ingkang saweg dipunalami setunggaling tokoh, ringkas lan ditumuti konflik ingkang dirampungaken kaliyan solusi saking masalah kasebat. Cerkak limrahe fokus ing satunggal tokoh, ingkang gadhah / kagungan 10.000 tembung ingkang didalame wonten klimas (pucuking masalah ) saha penyelesaiane. 

Cerkak Bahasa Jawa, Pengertian, Ciri dan Contohnya
sumber gambar : pixabay.com

Criyos cerkak basa jawi didalame ndamel pinten-pinten unsur inti saking unsur ingkang dinamis : 
Pesen moral, didalam cerkak limrahe wonten pesen kesan & pesen moral saking penulis lajeng dituangkan teng criyos.
  • Komplikasi, inggih menika kedadosan bab konflik tokoh utami ingkang ditepangaken 
  • Klimaks, perangan ingkang paling wigatos lan paling puncake kedadosan konflik ingkang teng alami tokoh.
  • Eksposisi, inggih menika bab setting tokoh lebeting criyos lan kawontenane 
  • Kedadosan, inggih menika wekdal tokoh utami lan komitmen 
Criyos cerkak saged nggadahi pola utawi mboten, inggih menika keranten pendhek. Saklajengipun cerkak modern namung ngandhut setunggal kali eksposisi. Supados mboten kebingungan monggo kita waos bebarengan artikel teng ngandhap menika.


Pengertian Cerkak

Cerita cerkak yaiku gancaran sing ngandarake sarining kedadean utawa lelakon saka awal nganti pungkasan kanthi cekak wae. Ing cerkak bab kang biasane didadeake cerita yaiku bab kang dijupuk saka pangalaman kang tumanem ing ati panganggite.

Unsur-Unsur Cerkak

1. Unsur Intrinsik
  • Tema Ide pokok crita utawa sing utama kang dadi lelandhesan.
  • Latar Ngandut wektu, papan, lan swasana jroning crita
  • Sudut pandang ( Punjering crita ) carane panganggite anggone ngetrepake awake nalika nyritaake critane
  • Alur Lelakone para paraga saka wiwitan nganti pungkasan
  • Penokohan Nggambarake karakter kanggo paraga
  • Konflik  Perkara kang dadi punjere crita 
2. Unsur Ekstrinsik 
Nilai agama, budaya, politik ekonomi, latar belakang uripe pengarang, keadaan sosial pas cerita iku diceritakake.


Ciri-Ciri Cerkak

  1. Cacahing tembungipun madeg saking kirang 10.000 tembung. 
  2. Wonten setunggal alur utawi alur tunggal. 
  3. Ngagem ukanten utawi tembung-tembung ingkang gampil dipunpahami. 
  4. Sifatipun fiktif
  5. Penokohan prasaja sanget.
  6. Isi criyos lebet cerpen, nggambaraken kegesangan [KESUGENGAN] sadinten-dinten. 
  7. Seratanipun langkung [MIYOS] enggal lan padat daripada novel. 
  8. Kesan pesanipun lebet , mila pamaos ngraosaken isi saking criyos kasebat. 
  9. Dipunwaos dumugi bibar namung sapisan lenggah [PINARAK]. 
  10. Namung nginggahaken pinten-pinten peristiwa lebeting gesang. 

Sinopsis Cerkak

Fungsi sinopsis cerkak utawa reringkesan  crita saka cerkak
  1. Menehi gegambaran ringkes ngenani urut-urutane lan isining crita
  2. Dadi prolog utawa epilog sawijining naskah kang arep dipentasake
  3. Kanggo pathoking para paraga nalika arep improvisasi. 
  

Contoh Cerkak Bahasa Jawa

Wonten kesempatan menika admin badhe mbagikaken pinten-pinten tuladha cerkak lebet pinten-pinten tema inggih menika tema bab budi pekerti lan lingkungan sekolah, menika tuladhane : 

Cerkak Bahasa Jawa Budi Pekerti

Becik lan Ala 

Ing sawijining kutha ing Mojokerta. Ana desa sing tasih asri, yaiku desa claket. Ing desa kuwi manggon kaluarga Pak Agung kang nduwe anak sepuluh tahun jenenge yaiku Bagus. Ing desane, bagus akeh sik nyenengi, amarga grapyak semanak lan sopan. Bagus iku nduwe adik, jenenge Doni. Sifate Doni iku beda banget karo mase, amarga nduweni sifat sing ala.

Ing sawijining dina, bagus ngejak adhike dolanan layangan ana ing lapangan. Sawise dolan ing dalan, Bagus lan Doni ketemu Mbah Yati nggawa gedhang akeh banget. Bagus spontan langsung mbantu Mbah Yati. Beda meneh karo Doni. Doni banjur mlayu dolan maneh, ora peduli kaliyan Mbah Yati. Sawise mbiyantu Mbah Yati, Mbah Yati ngewenehi Bagus oleh-oleh kanggo dheweke. Bagus awale nolak amarga dheweke ora njaluk oleh-oleh. Mbah Yati nyanjung ketulusane Bagus.

Ing ngomah Bagus ngewenehi oleh-oleh mau kanggo kaluwargane. Doni ketok iri marang Bagus. Doni nduwe rencana jahat marang kangmase ben para warga ora nyenengi kangmase iku. Sepinter-pintere Doni nyembunyikno bakale ketauan. Bagus iso ngerteni menapa adhike iso nglakoni tumindak iku. Bagus nyepurani adhike, lan bakal berubah kaya kangmase.

Ngangkat Derajate Wong Tuwo

Ing sawijining dina ana arek sing jenenge Ridho, bocah kelas sanga SMP kalangan wong ora nduwe. Sanajan ora nduwe, dheweke tetep sregep sinau supaya isa pinter lan ngangkat derajate wong tuwane. Ing sawijining isuk, Ridho arep budhal mangkat sekolah lan pamit karo Ibuke. " Buk, Ridho ajeng mlampah rumiyin nggeh " wangsulane ibune " O..yo le...ati-ati nang dalan, ojo aneh-aneh nang sekolahan " wangsulane ibune. " Nggih bu, kula nyuwun pamit " ucape Ridho...

Ing dalan, ridho pethukan kancane sing jenenge Kiki. Arek sing senengane ngece Ridho ing sekolahan lan nduweni sifat gumedhe. Kiki ngece Ridho, lan Ridho mangkel, nesu karo Kiki. Kiki banjur mlayu nang sekolahan, lan Ridho tetep mlaku biasa. Tekan sekolahan, Ridho njaluk kejelasan saka Kiki, kenapa kok bisa ngomong koyo ngono.

Kiki sansaya nggarai Ridho mangkel. Nang kelas Ridho banjur tukeran karo Kiki amarga Ridho ora trima. Ora suwe Pak Eko rawuh banjur ngglerai arek loro kui. Ridho lan Kiki banjur diceluk ing ruangane Pak Eko kanggo dijaluki kejelasan. Pungkasane Kiki banjur njaluk ngapura marang Ridho lan dheweke janji ora bakal mbaleni meneh tindak-tanduke iku mau. 

Dina iki dina kang marai deg-degan amarga dina iki Ridho lan Kiki ngadhepi Ujian Nasional. Sakdurunge ujian, Ridho lan Kiki golek papan ana ing ngarep sekolahan, lungguh bareng lan sinau bareng. Ridho ora owel lan kanthi sabar ngajari Kiki materi sing deweke ora ngerti.

Ora suwe swara bel uwis muni. Ridho lan Kiki banjur mlebu ing ruangane dhewe-dhewe. Ridho lan Kiki nggarap soal ujian kanthi serius. Sakwise ujian Ridho mlayu marani Kiki. Ridho deg-degan mbok menawa bijine elek. " Ki aku deg-degan, piye iki nek bijine elek " ucape Ridho. " Uwis to, optimis wae ora usah deg-degan, sing penting awake dhewe wis usaha" wangsulane Kiki.


Sakwise sewulan ngenteni, nilai ujian metu lan dibagekake marang murid-murid. Para siswa wis padha spaneng, wedi nilaine elek. Amplop kang isine nilai dibagekake, Ridho lan Kiki seneng  amarga etuk nilai apik. Ngerti kabar Ridho oleh nilai apik. Ibuke Ridho langsung sujud syukur marang Gusti Allah.

Akhir cerita, Ridho ketampa ing SMA favorit lewat jalur prestasi. Sanajan Ridho saka kaluwarga ora nduwe lan ora mampu. Nanging Ridho isoh dadi anak kang nduweni budi pekerti lan isoh ngangkat drajate wong tuwo sing wis kanthi susah payah nggragati anggene sekolah.      
       

Cerkak Basa Jawa Lingkungan Sekolah

Bersih-Bersih Lingkungan Sekolah

Ing sawijining dino, sekolahanku ngadakake Jumat bersih. Jumat bersih sengaja diadakke supaya lingkungan sekolah tetep resik lan asri. Mben siswa wajib nggowo alat kanggo ngresiki lingkungan sekolah. Kepala sekolah nyengkuyung lan setuju anane kegiatan Jumat bersih, amarga lingkungan sing resik iku disawang bakal ayem tentrem.

Dina iki aku budal sekolah seuk. Dekwingi bengi udan deres banget lan dalane  isih teles. Aku budal sekolah alon-alon penting kelakon lan menyang sekolah numpak sepeda. Aku seneng, amarga pelajaran pertama yaiku olahraga dilanjutake resik-resik sekolahan.

Alat-alat sing digawe resik-resik dibagi ben kelas. Kelasku kebagian gawa cikrak, sapu sada lan pel. Mbe kelas dibagi tugas ngresiki lingkungan sekolah. Ana sing kebagian ngresiki latar sekolah. Ana sing kebagian ngresiki parkiran motor. Lan kelasku kebagian ngresiki kelas.

Satekone sekolah, aku ngenteni bel masuk lan shalat dhuha. Sakwise bel masuk, aku mulai pelajaran olahraga. Pas iku kancaku akeh sing telat, amarga telat, guruku olahraga menehi hukuman tegas yaiku mlayu ngubengi lapangan ping 5.

Sakwise olahraga rampung, para murid kaliyan guru-guru banjur ngresiki lingkungan sekolah bareng-bareng. Guru-guru kanti sabar ndampingi murid lan ngaruhke apa sing durung pener. Aku lan kancaku sak kelas ngresiki kelas kanti seneng. Awake dewe podo ngewangi karo kanca liyane kanti guyup rukun. Aku ngresiki lantai kelas, nyapu ngepel lan wenehi wangi-wanginan ono ing ruangan kelas.

Mari ngunu, awake dhewe podo gotong royong nglebokne meja lan kursi ning kelas. kancaku podho enthenng tangane lan ora owel babagan tenogo. Sakrampunge kegiatan bersih-bersih kelas, kelas katon resik, rapi lan wangi. Sekolahanku angsal penghargaan sekolah paling resik lan endah, amarga para warga sekolah yaiku murid-murid guru lan staf tanggung jawab njogo lingkungan sekolahan. 

Lingkungan sekolahan sing resik iku penting, amarga yen sekolahan kita resik, kita warga sekolah saget konsenntrasi,  betah lan fokus anggene ngangsu kawruh. Lingkungan sekolahan sing resik kuwi ibarat nggambarake atine awake dewe. Sinau ora bakal isoh lancar nek awake dewe ora nduwe ati lan pikiran sing resik. 

Kegiatan Jumat bersih iku nduweni tujuan yaiku njogo lingkungan sekolah supaya resik. Liyane kuwi, kegiatan Jumat bersih uga nglatih awake dewe supaya anggadahi rasa tanggung jawab lan nduweni rasa handarbeni, rasa semangat gotong royong kaliyan sanesipun. 

Baca juga : 

Kala wau sakedhik gambaran bab cerkak Bahasa Jawa, mugi-mugi saged nambah kawruh. Sumangga kita lestantunaken Basa Jawa dados salah satunggaling basa laladan indonesia. 

Posting Komentar untuk "Cerkak Bahasa Jawa, Pengertian, Ciri dan Contohnya"