Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Contoh Pasrah Lamaran Bahasa Jawa Singkat

Acara lamaran di daerah Jawa Tengah dan Yogyakarta masih mempertahankan adat istiadat setempat dengan tatacara dan bahasa Jawa sebagai bahasa pengantarnya. Acara yang sakral dengan tetap menjunjung adat istiadat setempat diharapkan bisa melestarikan budaya kita yang diwariskan turun temurun oleh leluhur kita orang Jawa.

Contoh Pasrah Lamaran Bahasa Jawa Singkat


Karenanya, admin di kesempatan kali ini akan memberikan contoh pasrah lamaran bahasa Jawa secara singkat yang bisa anda gunakan dan pelajari secara pribadi. Adapun contoh teks pasrah lamaran sebagai berikut : 

Tuladha Atur Pasrah Lamaran Bahasa Jawa


Pasrah Lamaran Bahasa Jawa Singkat

Assalamu”alaikum Wr.Wb.

Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung kalian putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti. Mugi Rahayuna Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulaksarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan penjenengan sadaya ingkang katemben wawan pangandika, inggih awrahtipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji. Minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapak….sekalihan.

Panjenenganipun Bapak…..sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenanipun Bapak….sekalihan, ingkang sepisan, ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumarambah para kulawarga samudayanipun.    

Jangkep kaping kalih , ing nguni sampun wonten pirembagan, ing antawisipun Bapak…sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg………kaliyan Bp…..sekalihan garwa ( ingkang mengku gati ) hanggadahi Kenya siwi sesilih Rr….

Gulomonging pirembagan nedya hangratekaken balung pisah daging arenggang, babasan ngebun-ebun anjejawah sonten, ndodhok latar, ndodok lawang sumendya nginang jambe suruhe. Kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anngenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun Bapak….sekalihan, anngenipun katampi panglamaripun Pramila ing kalenggahan punika, ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkepipun tatacara salaki rabi.

Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bapak…sekalihan garwa inggih punika :

Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudtipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah racketing kekadhangan, saengga mboten saged pisah salami-laminipun.

Kasoking tresna Bapak…..sekalihan dhumateng Bapak….sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ….ing pangajab pinangka agemanipun badhe / calon penganten putri. 

Mboten kekilapan Bapak….sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngenteng-enthengi anggenipun Bapak….sekalihan garwa ( Ingkang mangku gati ) netepi darmanipun sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika, panyuwunipun Bapak…sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titi wanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggija anut, satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. 

Minangka, pungkasaning atur, hambok bilih Bapak….sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun. Bapak….sekalihan, menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singkar ing reh tete krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami. Akhirul kalam. Billahi taufik wal hidayah, Wassalamu”alaikum Wr.Wb 
    


Pamitan Lamaran

Panjenenganipun para pinisepuh ingkang kulo kurmati. Para sesepuh ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapapadene panjenenganipun para tamu kakung sumawarna putri ingkang pantes katuran sagu-sagunging pakurmatan.

Ngaturaken sewu agunging aksama, dene kawula parikedah angridhu, anggen panjenengan katemben wawan pangandikan, saperlu sumela atur ing ngarsanipun Bapak……sekalihan ( ingkang mengku gati ) sumarambah para tamu sadaya.

Kula ingkang piniji minangka talanging basa sulih sarira saking panjenenganipun Bapak….sekalihan, rehning adicara pasrah sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salakirabi, samudayanipun sampun paripurno boteri ingkang satunggal punapa, pasilan, daya-daya maturing ngarsanipun Bapak..sekalihan, bab purnaning sadaya ingkang dados sesanggeman kula. Ingkang punika, nyuwun tambahing puji pangestu, mugi-mugi lampah kawula sakrombongan punika tansah manggih rahayu wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.

Minangka pupating atur, hambok bilih anggen kula matur wonten tutur ingkang kalantur-lantur miwah kiranging subasita ingkang mboten hanuju prana, kula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. 

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah. Wassalamu”alaikum Wr.Wb 


Baca juga :
Itulah contoh pasrah lamaran Bahasa Jawa secara singkat yang bisa anda praktekkan dan pelajari secara mandiri. Semoga barmanfaat.    

Posting Komentar untuk "Contoh Pasrah Lamaran Bahasa Jawa Singkat"