Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Contoh Pidato Acara Kematian Bahasa Jawa ( Hangkating Layon )

Pidato Kematian Bahasa Jawa - Di dalam hidup bermasyarakat, seringkali kita diberikan kepercayaan untuk memberikan sepatah dua patah kata dalam acara-acara tertentu. Tidak terkecuali di dalam suatu acara duka atau kematian.

Berpidato di tengah para hadirin dan keluarga yang berduka tentu saja kita harus mempersiapkan diri, serta mempersiapkan kata-kata yang mewakili diri kita sebagai orang yang ikut berduka cita. 

Contoh Pidato Acara Kematian Bahasa Jawa


Apabila anda tidak fasih berbahasa Jawa, dikesempatan kali ini saya akan memberikan contoh Pidato Kematian Bahasa Jawa yang bisa anda gunakan ketika anda menghadiri acara kematian. Anda bisa menyimpannya atau membookmark tautan ini agar sewaktu-waktu anda butuh, anda langsung bisa menemukannya. Berikut contohnya : 


Contoh Pidato Acara Kematian Bahasa Jawa ( Hangkating Layon )

Para sesepuh lan pini sepuh ingkang hangkung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating nagari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes kinurmatan. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana.

Madyaning panandhang ing ri kalenggahan punika. Kulo piniji dening para kaluarga panandhang inggih panjenenganipun Bapak / Ibu.... Kinen njejeri minangka pambiwara, ingkang tartamtu kaeneraken wontenipun tata upacara badhe bidhaling layon.

Innalilahi waina illahi rojiun. Sampun murut dhumateng kasedan jati suwargi Bapak / Ibu.... Awit saking lantaran nandhang...ingkang punika saksampunipun pangruktining layon sampun paripurna. Kaperengipun kaluwarga ingkang nandhang dhuhkita inggih panjenenganipun ..... ing hari kalenggahan punika dipun wonteni tata upacara sawatawis ingkang sampun lumampah.

Saderengipun kula ngaturaken lekasing sedya, sumangga nun dhumateng para pembela sungkawa kakung putri tansah kula dherekaken hangluguraken asmaning Gusti Ingkang Maha Kawasa, karahana rohmat saha sin wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya, dalasan kula, saengga maksih saged nderek bela sungkawa kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Para pembela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana / sinubeng pakurmatan, wahyaning mangsakala upcara hangkating layon kaleksanakaken, wondene reroncening adicarakados sampun karakit dening para kaluwarga, ingkang punika panatacara ngaturaken reroncening adicara : 

  1. Tinaruba sholat / jenazah dening para kadang ingkang piniji, kalajengaken tanggap pasuryan
  2. Atur pambagya harja saking para kaluwarga ingkang sami nandhang dhuhkita.
  3. Atur panglipur dening tetuwangga ingkang sumandhing keblating panembah
  4. Donga dening tetuwangga ingkang piniji
  5. Paripurnaning upacara prathanda yekti bidhaling layon ( dipun wonteni brobosan menawi keparengipun kulawarga netepi adhat )
  6. Para pambela sungkawa ingkang pantes kinurmatan, mekaten reroncening  adicara ingkang rinakit dening para kulawaega. Maturnuwun

Itulah contoh pidato untuk acara layatan / kematian dalam bahasa Jawa. Semoga bermanfaat bagi anda semua. 

Posting Komentar untuk "Contoh Pidato Acara Kematian Bahasa Jawa ( Hangkating Layon ) "