Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

5 Contoh Geguritan Bertema Ibu Untuk Memperingati Hari Ibu

Ada banyak cara bagi kita untuk mengungkapkan rasa cinta kita kepada kedua orang tua kita masing-masing terlebih kepada Ibu kita. Salah satu cara yang bisa kita lakukan adalah membuat puisi / geguritan khusus untuk ibu kita di hari spesialnya.

5 Contoh Geguritan Tema Ibu Untuk Memperingati Hari Ibu

Geguritan Jawa / Puisi Jawa yang bertemakan tentang Ibu seringkali dibacakan untuk memperingati hari-hari tertentu. Sebagai contoh hari Ibu yang setiap tahunnya kita peringati setiap tanggal 22 Desember atau hari Kartini. 


Bagi beberapa orang yang sudah terbiasa membuat geguritan mungkin akan terasa mudah menulis geguritan dalam berbagai tema. Namun bagi seorang yang baru beberapa kali atau yang sama sekali belum pernah membuat geguritan mungkin untuk menulis sebuah geguritan merupakan hal yang sangat susah. 

Nah, bagi anda yang saat ini mencari contoh geguritan bertemakan ibu atau orang tua, kami mempunyai beberapa contohnya, berikut ini beberapa contoh geguritan bertema ibu khusus bagi anda :  

5 Contoh Geguritan Tema Ibu 

IBU

Lumintiring asihmu,kadya cahya lintang ing angkasa,gumebyar
Gawe padhanging tyasmu...
Tan kendhat pudyamu,pepujimu kanggo aku
Lir pradipta rumeksa ing wengi,rinenggo pupus'ing rembulan
Ibu
Kang kinasih ...sih kawelasan'mu nyirna'ake sadhaya
Luptaku,luputku marang laku kadarman kang pinerak
Ibu...
Sewu atur ora bakal cukup,bandha donya ora bakal
nutup,katresnan'mu marang aku
Ibu...
Aku bakal lelaku,ngudi laku utomo,nyebar tresna marang
Sapadha-sapadha ,kanggo esem'mu kang ngebaki kalbuku
Sungkem lan salaam taklim kagem ibu.
Selamat hari ibu

IBU
( Nano Gelendoh )
Romo...ibu ....
Aku kangen....
Nganti tumus ing panglindurku...
Apuranen anakmu iki....
Durung bisa mulya ake asmamu....
Romo ibu ....
Aku nangis nalika srengenge angslup....
Angin wiwit alon tumiyup....
Dhuh suk kapan bisa bekti mikul duwur mendem jero asmo Romo kelawan ibu....
Romo ibu.... Aku kangen kidungmu....
Nalika wengi tumapak ing ratri tansah sumeleh ing pangkonmu....
ngugemi welingmu ....Romo.. Ibu
Aku aweh bukti ora janji....
Aku bakal gawe mukti ora mbrebes mili....
Nggedek akeh pamuji marang Gusti....
Ugo kepingin ngabekti marang Romo lan ibu ....
Dak suwun dongo pamuji panjenengan mugo di ijabah dening pangeran/ Alloh romo... Ibu



EMAK
( Adi Nordin )

Emak
Tresna asihku mak!
Ora ana kang bisa nggantekke
KesabaranMU kang kebak wutuh
PandongaMU Mak!
Kang tulus tansah ngiring laluku
PangorbananMU kang tanpa wates, ora bisa tak bales
Tresna lan welasMU marang aku ora bakal puput,
PangapuraMU yo mak! PituturMU bakal tak rungu,
Pamujiku mak! Muga GUSTI nyembadani,
Kagem IBU, sungkem kulo ingkang putro, pangapunten mbok bilih riyadin puniko mboten saget sowan mantuk 



 IBU JIWAKU
( Ipan Nurdiana )


Ibu....
Panjenengan sing tak sayangi,tak hormati lan tak patuhi
Tanpa panjenengan ora bakalan ana aku iki
Nang donya lan buwana iki

Ibu....
Panjenengan mergawe banteng tulang
Tanpa pamrih,tanpa kesel kanggo lare-laremu
Jasane panjenengan kaya keswa ora bisa diitung

Ibu....
Panjenengan enek terus kanggo aku
Tanpa rasa kesel lan rasa pamrih
Ngrungokake crita curhatanku

Ibu....
Kasihmu kanggo lare-laremu pindha lebuh
Tapi kasihku marang panjenengan ora bakalan iso
Amarga kasihku mung pindha gothek

Ibu....
Panjenengjan ora bakal tergantekake
Kanggo sak iki lan sakteruse
Panjenengan sak lawase enten ing pikiran lan ingatanku

Ibu....
Meski panjenengan sampun luput ing bawana
Asmane panjenengan tak inget lan tak ukir ning wardaya ku sak niki lan sak teruse


SIH KATRISNANE IBU
J sumarto

Ibu,
lumunture sih,
kagawa ing lumakune umurmu
, tumeka ing pungkase wektumu.

Ibu
sih trisnamu datan kendat ing wektu
najan ragamu ajur mumur
lebur ing panandang
kanggo ngrungkebi lan mbelani aku

Nanging
aku tanpa nduweni salah
wis gawe laraning atimu

Sliramu
tan pegat ing sihmu
tansah njaga aku
kalane wathuk
adem panas ing ragaku

Sumedot rasa
Ingkalane wengi wis tumiba ing netraku
 kang nuwuhke pangangen
nalika sliramu gendong lanngudhang aku
isih ndak rasa tumeka saiki

Ibu
weninge waspa kang lumuntur ing netra iki
mratandha, menawa aku kangen marang esemu,
marang pasuryanmu
apa maneh katrisnanmu
.
lan saiki
aku amung bisa mrapagi papan palereman
lan nyawang watu nisan kang tinulis asmamu

wanda-wanda donga
lan gatra-gatra pepujan
ndak suwunke marang Gusti
supaya slliramu tansah sumanding ing kasuwargan

Baca juga :



Geguritan dengan tema Ibu diatas semoga bisa sebagai referensi bagi anda. Terimakasih

Posting Komentar untuk "5 Contoh Geguritan Bertema Ibu Untuk Memperingati Hari Ibu"