Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

15 Contoh Geguritan Jawa Tema Pendidikan

Geguritan atau puisi Jawa bertema pendidikan dibawah ini adalah sebagai contoh apresiasi siswa terhadap dunia pendidikan dan bentuk hormat siswa terhadap tenaga pendidik mereka yang tidak lain adalah profesi guru. Selain itu ada pula contoh geguritan yang berisikan tentang lingkungan sekolahan, geguritan tentang pengalaman saat menimba ilmu di bangku sekolah, geguritan tentang lika-liku kehidupan seorang pelajar serta harapan mereka untuk kemajuan dunia pendidikan saat ini.

Geguritan Jawa Tema Pendidikan

Geguritan Jawa bertemakan pendidikan juga seringkali dibacakan untuk memperingati hari pendidikan nasional yang diperingati setiap tanggal 2 Mei. Biasanya guru Bahasa Jawa akan memberikan tugas kepada siswa untuk membuat sebuah geguritan yang akan dibacakan di depan kelas. Kamu dapat mengambil contoh geguritan bertemakan pendidikan dibawah ini sebagai referensi. Berikut ini adalah beberapa contoh geguritan Jawa bertemakan pendidikan yang berhasil kami rangkum dari berbagai sumber : 

Baca juga : Contoh Geguritan Jawa Dalam Berbagai Tema

Geguritan Pendidikan Sekolah



Ujian Sekolah

Apa ingkang kudu sira udi
Dimen bisa lolos
Yen wus cedhak wektu ujian sekolah
Aja dolan kang ora migunani
Antuk biji becik,ayo sinau
Tanggung jawab bisa lulus
Aja nglokro yen durung kasil
Bisane kelakon
Gegayuhan kang di karepake
Kulinakno tumindak kang becik
Aja kanggo pribadi
Wajib lung tinulung

HP

Saiki wus jamane
Saben titah duwe HP
Prasasat dadi kebutuhane
Saben rina lan wengine
Bocah-bocah ing pawiyatan
Lan sapa wae kang ngayahi pakaryan
Nggunakake HP dadi padinan
Yen kelalen dadi klabakan
Anane HP suwe-suwe kaya candu
Yen ora ana HP menyang sirah ngelu
Malah kepara agawe nesu
Wong saomah bisa padu
Krana HP bocah sekolah lirwa sinaune
Mung dolanan kagawa dening sakancane
Nora nggape sapa kang ana sakiwa tengene
Lali mangan lan sembarange
HP minangka srana pratandha majune jaman
Migunani uga nuwuhake kapitunan
Kudu ngati-ati lan aja nganti sembranan
Murih HP dadi srana anggayuh kautaman.


Sekolah

Saben esuk aku budhal menyang sekolah
Mung ngandhalake sepeda kunaku
Kepinginanku bisa entuk pendidikan kang faedah
Kanggo nggayuh cita-citaku
Aku seneng dadi bocah sekolah
Bisa entuk ilmu ingkang berkah lan manfaat
Kang migunani kanggo nusa lan bangsa
Kang bisa nerusake cita-citane bangsa



Sekolahku
Panggonanku nuntut ilmu
Budhal ora tau nesu
Tangi esuk kui wis kewajibanku
Nyangklong lan nggawa buku

Tanpa sarapan lan sangu
Ora lali sragam lan nganggo sepatu
Mlaku bareng-bareng kancaku

Panas lan udan tak lakoni
Kali tansah dak sabrangi
Tekan sekolah banjur nggeret kursi
Ora akeh wong kang mangerteni

Kabeh kui gawe semangat ing ati
Aku penerus bangsa sejati
Muga-muga Gusthi Allah ngijabahi
Lan peduli


Geguritan Tema Pendidikan Guru

Guruku

Aku saben dino nganggo seragam
Aku arep budhal sekolah
Tekan dalan dipoyoki kancaku
Guruku saben dino kesel
Amarga aku ora tau mlebu sekolah
Aku sering bolos lan colut
Guruku saben dino tekan sekolah
Kanggo menehi tugas lan ngajar
Supaya murid-murid dadi pinter


Kelingan Guruku

Guruku.....
Panjenengan sing dadi pepujanku
Paring elmu ora nyawang wektu
Wayah esuk tekamu
Panase srengenge ora dadi opo
Kesele ragamu ora dirasa
Larane atimu tansah ditampa
Nanging panjenengan tetep sereh lan sabar
Tansah kelingan swaramu
Pituturmu ora bakal dak lali
Supaya aku dadi bisa dadi bocah kang migunani
Kelingan paribasan
Ing ngarsa sung tuladha
Ing madya mangun karasa
Tut wuri handayani
Ora bisa mbales kabecikanmu
Kabeh kuwi kerana ikhlasing ati
Matur agunging panuwun guru 

Pangorbanan Guruku

Guruku, panjenengan mulang tanpa pamrih
Panjenengan mulang kanthi sabar
Panjenengan dijuluki pahlawan tanpa tanda jasa
Panjenengan ngurbanake jiwa lan raga
Panjenengan mulang kanthi welas asih

Guruku
Panjenengan nduweni jasa kang gedhe
Tumrap para siswa
Maturnuwun guruku
Lir ombake banyu
Nyurung kabecikan lan ilmumu
Pancen gedhe pangurbananmu


Marang Guruku

Guruku...
Panjenengan mulang sabendino
Kadya pepadhang sing ora kesel
Panjenengan mulang kanthi tenanan

Guruku...
Kanthi sabar panjenengan mulang
Panjenengan mulang tanpa tandha jasa
Maturnuwun guruku

Nalika aku rame
Panjenengan kanthi sabar mulang muridmu
Maturnuwun guruku
Aku bakal ngeling jasamu

Geguritan Tema Lingkungan Sekolah

Panggon Pamulangan

Bangunan kang megah
Ngadeg ing kecamatan kawedanan
Dadi tujuwane siswa-siswa
Sing arep golek ilmu kanggo sangu tuwa

Saben dina
Aku tansah ana njero ruanganmu
Ngrungokake piwulange bapak ibu guru
Apa sing kudu digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku
Sekolah neng SMP Negeri satu
Sing kawentar gurune




Kapang Sekolah

Kursi kelasku..
Wis sawetara aku kaya ora tepung marang Kowe
Kamangka wingi uni
Saben dina daklungguhi
Ngancani aku maca buku
Dadi mitraku kalaning nyemak piwulang guru 
Saiki...
Embuh wujud kaananmu
Mbokmenawa minangka gantiku
Kemangga kang ngrajut sawang
Dak entha ing pangangenku
Reget...
Babar pisan nora resep dinulu
Muga wae luput ing pikirku
Dhuh Gusti.....
Mugi enggal Paduka racut bebendu puniki
Wangsul ayom ayem anelahi
Kula sampun kapang sekolah
Kepingin pinanggih guru
Gegojegan para kanca
Ngupadi ngelmi kanthi Sayekti
Rikala sinau ing pawiyatan..
Duk semana...
Saben-saben kepingin bali
Saben-saben kepingin prei
Nanging nyatane...
Kesuwen ing omah, sumpeg
Kadangkala guru katon galak paring piwulang
Nanging maksih cinampur guyon maton...
Nyatane, piwulang saka mamak
Saka Bapak...
Luwih kebak galak
Dhuh kahanan..
Aku pengin bali ing pawiyatan


Sepatuku

Sepatuku sing elek dhewe
Sing tak gawa mrana-mrene
Sepatu iki tansah lethek
Ora koyo rupane sepatu meneh
Tapi sepatu iki sing paling berharga
Kanggo aku
Yen esuk tak gawa sekolah
Gawe nuntut ilmu
Yen awan tak gawe kerja
Gawe nguripi keluargaku
Sepatuku sing elek iki
Tak simpen nganti tekane pati
Sepatuku...sepatuku
Kowe gawe ayemme atiku

Geguritan Jawa Tema Pendidikan Singkat

Sinau Mandiri

Byar ...mripat iki nyawang padhange surya
Nyaut andhuk bablas ning jedhing
Dina iki dina kang tak anti- anti
Mangkat sekolah kanti bungahing ati
Dalan-dalan kang tumapak ,katon asri ijo royo- royo
Gawe tentreme ati
Kae...papan kang tak tuju, papan kanggo sinau
Katon endah nyemsemake ati
Ya ing kene iki aku digladhi
Dadiya pemudha kang mandiri



Sekolahku

Sekolahku...
Kepriye kabarmu Sekolahku?
Apa kowé ora kangen marang aku Sekolahku?
Aku wis kangen banget marang sliramu
Sekolahku...
Kapan aku bisa ketemu sliramu?
Mapan ing bangkumu?
Ketemu kanca kancaku
Lan ngudi kawruh sareng bapak ibu guruku
Sekolahku...
Panggonanku nuntut ngilmu,
Ngilmu kanggo sanguku bebrayan
Ngilmu kanggo budi pekerti
Ngilmu kanggo nelukake donya...
Aku kangen sliramu sekolahku



Kridanipun Sang Guru


Saderengipun wanci bangun
panjenengan sampun wungu
luru ilmu
kangge kawula angsu
Dumugi sekolah, regol dereng kabikak
bapak ibu sigrak tumindak
cecawis samukawis sarwa pepak
supados wawasan samsaya ngeblak
Bapak ibu guru kang satuhu
asring kawula mboten nggugu
sih tresna panjenengan estu
paring pangaksama lan pangestu
Sakehing budi ndadosna daya
sakehing upaya ndadosna karya
sakehing karsa ndadosna digdaya
guru juru jejeging bangsa

Geguritan Tema Pendidikan 2 Bait

Mengeti Dino Pendidikan

Saben tanggal loro Mei
Utamane ing kalangan pendididikan
Mengeti dino kang kebak sejarah

Amarga...
Saka perjuangane Ki Hajar Dewantara
Kabeh bangsa Indonesia 
Ora mung wong kang
Pangkat dhuwur, sugih banda
Nanging kabeh lapisan masyarakat
Bisa ngangsu kawruh
Golek ilmu kang dhuwur


Sekolahku

Sekolahku
Anggonku ngudi ilmu
Anggon konco-koncoku ngudi ilmu lan
Anggon guru-gurukuu menehi ilmu

Sekolahku
Saben dino aku tumeka
Nitih sepeda
Mangkat isuk mulih awan
Mengkono saben dinane
Sekolahku
Ora bosen aku tumeka
Kanggo ngudi ilmu
Kanggo nggolek prestasiku
Kanggo mbesok masa depanku
 

Penutup

Demikian beberapa contoh geguritan bertemakan pendidikan yang bisa kami berikan sebagai referensimu. Semoga informasi ini bermanfaat. Terimakasih

Posting Komentar untuk "15 Contoh Geguritan Jawa Tema Pendidikan "