Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Geguritan Gagrak Anyar, Pengertian, Ciri dan Contohnya

Puisi modern dalam sastra Jawa disebut juga sebagai geguritan gagrak anyar. Geguritan gagrak anyar keluar dari aturan seperti dalam tembang, parikan, wangsalan, dan lain-lainnya. Berkembangnya geguritan gagrak anyar bersamaan dengan perkembangan kesusastraan Indonesia. Keindahan geguritan gagrak anyar tidak pada pergulatan bahasa, tetapi lebih pada isinya untuk mengekspresikan perasaan jiwa. Beberapa tema yang diusung dalam geguritan gagrak diantaranya : geguritan tema perjuangan, tema sekolah, pendidikan, guru, alam serta lingkungan. 

Geguritan Gagrak Anyar, Pengertian, Ciri dan Contohnya


Geguritan gagrak anyar sering dibacakan di beberapa aneka lomba dan festival budaya Jawa. Kreativitas karang-mengarang puisi Jawa semakin semarak. Para pengarang giat dalam mencurahkan karya gagasan mereka. Di dunia pendidikan, sering diadakan loma geguritan antar sekolah. Selain itu perkembangan dunia informasi seperti media sosial juga menjembatani penulis-penulis geguritan dalam mencurahkan karya mereka seperti ada group geguritan di facebook dan lain sebagainya.


Bagi anda yang saat ini sedang mencari contoh geguritan gagrak anyar, berikut ini adalah beberapa karya geguritan dari beberapa penulis.  Berikut contohnya : 
  
 
Ngiwi-iwi

E, bocah kuwi kok nggregetake ati
Ngece ngiwi-iwi
Renea dak kandhani
Aja kemayu!
Bocah mono apik prasaja
Prasaja itu aweh ayu
Ayuning budi
Endahing laku


( Kuntara Wirya Martana )


Mbarang

Bocah cilik manis, kakang adi
Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung
Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
Runtang-runtung mbarang separan-paran
Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nista kang lunga teka wira-wiri, nrenyuhi
Nembangi lagu-lagu, memelasi
Mbukak babad ngenesi ati
Koncatan bapa biyung, dheweke tininggal keri
Bocah cilik manis, kedhana-kedhini
Runtang-runtung nyang endi-endi
Dina-dina uripe kaliput ayang-ayangane mega.


(Dyan Annimataya Soer, 1959)



Kawruh

Salwiring kodrat kang tinan mripat
Apadene kang tan kasat mata
Kabeh tumindak miturut mripat
Garis angger-anggering jagad raya
Wit lumrahing janma neng jagad
Tan sepi anane para sarjana
Rina lan wengi tan kendhat-kendhat
Marsudi anggering tribawana
Sarana pakarti lawan semadi
Sanityasa ngetog mengulir budi
Wohing permadi tanata titi
Ginelar ing kandha sarwa teteh
Murih gampang kutampa ing akeh
Murakabi uripe janma kabeh

(R. Intoyo, Balai Pustaka, Kejawen no. 29/30,15 April 1941)


Panggodha

Tan mawa cacala
Praptaning panggodha
Tan kinira-kira
Yun ngrabaseng driya
Tan mawa sabawa
Praptaning panggodha
Lir duratmaka
Ing wanci ratya
Umanjing jroning kalbu
Rinusak marganing ayu
Ngrabasa rehing silarja
Ngreridu tentreming driya
Miluta, memalat sih
Ngrerepa, ngasih-asih
Swaraning panggodha
Memikat jiwa
Tinukup teteping ati
Linarut santosaning budi
Ngalumpruk, tanpa daya
Kataman ing panggodha
Pepesing tyas pinupus
Alon wahyuning wuwus
“Baya wus takdire
Cinoba mangkene ………”
Kumriciking tirta wening
Lan siliring samirana
Kadi sung pepeling
Ning tyas nadhang roga
Kinen tetep tuwayuh
Manembah ring suksma
Sakeh godha tan keguh
Ngandhemi reh utama

(Nirmala, Kejawen no. 8, 23 Agustus 1942)



Biyungku

Ing tengah tengahing jagad raya
Ing antarane para wanodya
Ana sawiji kang daktrisnani
Nganti ana sangisoring Hyang Widhi
Adheming sorote netrane
Alusing kulite astane
Dakgagas, dakpikir, dakrasa
Aweh ayem, tentrem lereming nala
Mula yen aku ngantia koncatan
Tininggal wanodiya kang tinresnan
Kaya apa bakal nggonku kekitrang
Atiku wis tamtu pindha rinajang
Mula tan angon mangsa lan wektu
Nora kendhat donya panuwunku
Muji marang ngarsane Pangeran
Supaya biyugnku binarkahan
Sarana watak sabar lan nrima
Sarta dinirgakna ingkang yuswa
(Soebagijo Ilham Notododjojo, Panji Pustaka no. 14,
15 Juli 1943)


Kasampurnaning Dhiri

Tiru-tiru adatitng pujangga
Yen arsa medhar isining nala
Kanggo rerenggan pasrening taman
Timrap ing tembung guritan
Tontonen isining jagad jembar
Kang sinengker sarta kang gumelar
Kang ana ing salumahing bumi
Lan kang tinemu ing jalanidhi
Yen ginagas kanthi ati kang ning
Kabeh mau mung kanggo pepeling
Tumraping janma kang duwe ati
Bisa gawe gandrung mring Hyang Widhi
Yen manungsa wis dha ngawikani
Marang kwasaning Robbul Izzati
Tartamtu tan padha gelem kari
Ngudi mring kasampurnaning dhiri
(Soebagijo Ilham Notododjojo, Panji Pustaka no. 20/21, 1 Agustus 1943)



Ilat
Amung sawelat
Ambaning ilat
Pradene wasis murba misesa
Gawe begja cilakning angga
Away kendhat
Ngreksa ilat
Njaga wetuning wicara saru
Kang njalari tatuning kalbu
Obahing ilat
Darbe kasiat
Lamun nuju prana bisa mikat
Yen tan pener gawe oreging rat
(Soebagijo Ilham Notododjojo, Panji Pustaka,1 September 1944)


Eranging Kagunan

Andika lajeng mengajeng
O, ra kagunan kula
Sampeyan bekta jiwa mudha
Mider-mider ngubegni bawana
Minggah redi, mandhap jurang
Angslup bumi, napak ngawang-awang
Nggambar sadaya kawontenan
Kababara sarana kaendahan
Andika pigunakaken peparing Widhi
Kangge memuji kuwasaning Ilahi

(Soebagijo Ilham Notododjojo, Panji Pustaka no. 20,15 Oktober 1944)


Napisah

Napisah kembang dhukuhan
Ayune pinunjul tandhing
Gedhe dening kali bening
Rerungkudan, glagah alasan
Enggon dolane lan blusukan
Napisah sabane sawah
Tegalan wangkitan alas
Capinge dawir pinggire
Lan ebor cangkingane
Tugas sadina natas
Utawa ngindhit mbriyet
Mudhun, dhasar ana pasar
Napisah yen angin dumeling
Ing wengi sepi wening
Dikut nuding pa, ndumuk la, wa, ga …….
Sandhing ubik melip-melip
Lan ebun kremun-kremun tumiba
Alam wangi ing ganda
Kekayon lan cempaka wana
Mabluk urut epang metit
Napisah kembang dhukuhan
Ora mung pinter dandan
Ora mung paesan alam

(St. Iesmaniasita, Balai Pustaka, 16 September 1954)


Pawai
Yen jejantung
Tinutukan keketeg
Gegawangan
Lakuning tamtu
Abra mangalat sunaring obor
Ngumandhang
Lagu-lagu kaprajuritan
Ngububi plitik-pletiking jiwa
Mubaling geni
Mukading ati
Geni gatraning gesang
Tangeh yen cutela
Obor lan lagu terus maju
(Rahmadi K, Jaya Baya, XII, 10 Desember 1957)


Paman Tani
Apa kang tiran cebake ing bumi
Winih-winih kang bakal nguripi
Nyawa sabrayat
Tangane wis padha kisut-kisut
Paradene isih tansah bikut
Nggarap-ngolah lemah satebah
Gandhulan uripe wong sasomah
Apa kan tinancebake ing bumi
Winih-winih saka ati kang murni
Turun maturun

(Basuki Rahmat, Jaya Baya no. 47, XVII, 27 Juli 1963)


Ibu Suci
Lawang-lawang tutupan rapet
Lan panyendu kanan kering ngiris-iris ati
Maryam lungsed gelunge
Lungseding gelung kapulet lesus
Cundhuke mlathi durung paya-paya wigar
Seger putih metur-metur
Maryam!
Cundhuk mlathimu wigar pating slebar
Ilang kautamaning prawanmu
Wigaring cundhuk mlathiku
Takona ki jabang kang ana ing bendhulan
(Jaya Baya No. 18, XVII, 5 Januari 1964)


Jakarta
Nembe wae dak ungkurake layang pamitan
Paman aku klilan ninggal pabaratan
Nuju menyang gubug-gubug dhuwur
Kelonan gunung lan lungur
Lan eseme tanah-tanah ngaew
Ning saiki aku bali
Ngrangkul dhadhamu pengkuh
Kanthi ngepeli gegaman kukuh
Aku bali saiki, bibi
Nyantosani barisan wingi
Jakarta baweraning bangsa
Dak luruhi yen nuju mlaku-mlaku
Jenggerening gedhong-gedhong lan puncak sugi
Ngatirah langit ateping kutha
Gerenging pabrik lan keliling sumitra
Aku bali saiki, paman
Gegamanku idhaman lan kekarepan

(Susilamurti, JayaBaya no. 36, XVIII, 3 Mei 1964)


Gunung Kidul
Perihing jeritmu iya jeriting atiku
Anakmu lanang sing nglembara luru tresna
Sing lair saka ngeraking garbamu
Lungaku nggawa asating tlagamu
Wis dak wilang pira cacahe
Saka pesisir pacitan urut mangulon
Punung-Pracimantara-Barun-Petir-Kemadang
Nganti pesisir Imogiri
Tlagamu sing asat ing saben mangsa
Iya sating jiwaku kang nglembara luru tamba
Bakal dak luru nganti ketemu
Ingendi sumbering banyu langgeng
Dimen tlagamu agung ing salawase
Bakal dak-luru nganti ketemu
Ing sadawane umurku
(Trim Sutija, Gotong Royong no. 15, II,November 1964)


Panggah

Ajeg andon jurit
Panguripan sombyang-sombyang
Kebak panantang
Ing sisihe wengi-wengi kabuntel pedhut
Dalane anglangut
Suprandene
Embun-embun nelesi ati
Dak piyak pedhut-pedhut esuk sumilak
Ngajak lumayu
Denyuting jantung
Ora sirna dinulu
Panggah isih andon jurit
Dak pandeng
Gendera sing kumlebet
Mantheng
(Anjrah Lelanabrata, Kumandang no 62, Januari 1975)

Maturmuwun

Matur nuwun priyagung
Marang pawewehmu lan pakaryamu
Supaya aku lan sumitraku
Ora goreh lan rangu-rangu
Gandholan ana bis-bis kota
Lan lesehan ana sarasehan-sarasehan
Wis jamak lumrahe
Bawoning laku iki ucapmu
Yen sliramu bisa lenggah ing sandhingku
Dak wacakake geguritan-geguritan biru
Kang kebak pangarep-arep rakyatmu
Kang padha lungguh sidheku Ngantu-antu rawuhmu Matur nuwun priyagung Kang sepi ing pamrih Adoh saka sesuker lan reretu Lan bisa ngrasukake dhuhkitaku Dhuhkitamu Dak gegem kenceng tangan-tanganmu 
(Susilomurti, Kumandang no 83, Juni 1975) 

Posting Komentar untuk "Geguritan Gagrak Anyar, Pengertian, Ciri dan Contohnya"