Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

200 + Contoh Tembung Entar, Pengertian dan Artinya

Dalam Bahasa Jawa kita banyak mengenal bermacam-macam jenis kata atau dalam istilah Jawanya disebut juga sebagai tembung. Beberapa jenis tembung seperti halnya tembung entar, tembung garba, tembung saroja ataupun tembung basa kawi adalah jenis tembung yang seringkali digunakan, meskipun dalam kesehariannya seringkali kita tidak menyadarinya. Kenyataannya jenis-jenis tembung tersebut melekat dengan kehidupan kita sehari-hari terutama dalam acara yang tidak formal.

200 + Contoh Tembung Entar

Dari kesekian banyak jenis tembung yang telah disebutkan, dikesempatan kali ini kita akan sedikit membahas mengenai tembung entar.

Pengertian Entar

Entar tegese silih utawa ampil ( meminjam ). Dikatakan meminjam karena memang dalam penggunaan tembung entar tidak ada sangkut pautnya dengan makna sebenarnya. Tembung entar bisa memakai nama benda, nama hewan, ataupun keadaan yang digabungan menjadi satu rangkaian kata. Meskipun keduanya tidak memiliki hubungan sama sekali, namun apabila beberapa kata tersebut dijadikan satu, maka akan membentuk makna yang baru

Pengertian Tembung Entar 

Tembung entar yaiku tembung kang tegese ora kaya makna salugune / ora padha karo sanyatane ( Bahasa Indonesia : Bermakna konotasi atau kiasan )

contohnya tembung entar :

" Le, tulung tukuo linthingan ning warung, sisane gawanen. 

" Woooh siap, sisane tak gawe tuku gundam. 

" Nek ngene wae sregep. Atia-ati mengko dadi mata duwiten.

Mata duwiten : mata duwitan : Nuduhake yen seneng karo opo wae sing nyangkut duwit.

Masih banyak lagi penggunaan tembung entar dalam bahasa sehari-hari sebagai contoh : Jembar segarane yang berarti orang yang memiliki sifat penyabar atau sugeh pangapurane, atau bahasa entar nggegem tangane yang berarti emoh temandang, keset, males ( tidak mau bekerja dan memiliki sifat malas ).  

Mengapa harus menggunakan tembung entar??

Ada banyak alasan seseorang menggunakan tembung entar / makna kiasan dalam sebuah percakapan. Salah satunya adalah ingin secara halus menyampaikan suatu pendapat / menegur seseorang tanpa harus menyakiti perasaannya. Alasan yang kedua adalah kultur dari orang Jawa itu sendiri yang tidak suka berbicara terus terang karena dirasa tidak sopan dan harus berbasa-basi terlebih dahulu. Oleh karena itu, khusus bagi kamu yang berasal dari luar Jawa. Kamu harus mengerti tata kebiasaaan terutama bahasa Jawa, agar tidak menjadi salah persepsi ketika menemukan beberapa beberapa ungkapan, salah satunya menggunakan tembung entar itu sendiri.

Baca juga : 

Berikut ini adalah beberapa contoh tembung entar  yang biasa digunakan dalam kehidupan sehari-hari orang Jawa, semoga bisa menambah wawasan anda :   


Tembung Entar Awalan Huruf A

Abang kupinge tegese nesu banget
Ngabangke kuping tegese gawe nesu
Abang-abang lambe tegese ora temenan, mung, lelamisan
Abang raine tegese nandhang isin ( wirang )
Adol ayu tegese ngandalake ayune
Adol bagus tegese ngandalake baguse
Adol gawe tegese ngatonake penggaweane
Adol kringet tegese nyambut gawe
Adol kwanen  tegese ngandalake kewanenane
Adol krungon  tegese golek-golek warta / kabar
Adol sendhe tegese adol barang menyang gadhen
Adus getih  tegese tatune temen banget
Adus luh  tegese nemen anggone nangis
Akeh sadhungane tegese akeh alangane
Ala jenenge tegese kurang dipercaya
Ala kandhutane tegese ala watake
Ala tembunge  tegese tembunge kasar / saru
Amba jangkahe tegese bisa ikhtiyar mrana-mrana
Apus krama tegese dibujuk / diapusi kanthi alus
Asor budine tegese bebudene ala
Asor yudane  tegese kalah
Ati ndondhong  tegese atine ala
Atine ana wulune tegese tine ala / dengki


Tembung Entar Awalan Huruf B

Balang miring tegese nglirik mripate
Bau suku tegese abdi / batur
Bau tengen tegese ong kang dipercaya
Bening atine tegese sumeleh
Buang sangkal  tegese ngilang / mbuang apes
Mbukak wadi  tegese ngandhakake wewadine
Buang tilas tegese nutupi tumindake sing ala


Tembung Entar Awalan Huruf C

Cegah melek tegese Camilan supaya betah melek
Cagak urip tegese Kanggo mencukupi kebutuhan uripe
Cancut taliwanda tegese Kanggo mencukupi kebutuhan uripe 
Cangkem gatel tegese Seneng ngrasani / nggunem
Cendhak umure tegese Gelis mati
Cepak jodhone tegese Gelis oleh jodho
Cepak rejekine tegese Gampang golek rejeki
Cilik atine tegese Kuwatir / wedinan
Cupet atine tegese Gampang nesu
Cupet budine tegese Ora bisa nggayuh kautaman
Cupet jangkahe tegese Ora bisa golek sarana
Cupet nalare tegese Ora bisa mikirake werna-werna
Cupet pangadel tegese ora percaya        
Cegah melek tegese camilan supaya betah melek
Cagak urip tegese kanggo nyukupi kebutuhan uripe
Cancut taliwanda tegese kanggo nyukupi kebutuhan uripe
Cendhak umure tegese gelis mati
Cepak jodone tegese gelis oleh jodho
Cilik atine tegese wedinan
Cupet atine tegese gampang nesu
Cupet budine tegese ora bisa nggayuh kautaman
Cupet jangkahe tegese ora bisa nggolek sarana
Cupet nalare tegese ora bisa mikirake werna-werna
Cupet pengadel tegese ora percaya


Tembung Entar Awalan Huruf D

Dadi gawe tegese ngrepotake
Dawa-dawa ula tegese perkara kang ora mari-mari
Dawa tangane tegese seneng nyolong jupuk
Ndedhar kautaman tegese golek kebecikan
Dhuwur atine tegese gumedhe
Dhuwur pangkate tegese dadi wong pangkat / panguwasa

Tembung Entar Awalan Huruf E

Empuk rembuge tegese guneme enak dirungokkake
Entek atine tegese kaweden / kuwatir banget
Entheng sanggane tegese ora rekasa
Entheng tangane tegese seneng tandang gawe


Tembung Entar Awalan Huruf G

( Ng) godha ati tegese gawe susah ati
Gantung kepuh tegese sandhangane ora tau ganti
(Ng) gantung untu tegese selak kepengin mangan
Gedhe atine tegese tatag, ora kuwatir
Gedhe endase tegese sombong ( kemlungkung )
Gedhe tekade tegese tekade ora bakal mundur
( Ng ) gilud kawuh tegese golek ilmu kanthi mempeng
Golek slamet ati-ati supaya ora cilaka
Golek urip tegese nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhane


Tembung Entar Awalan Huruf I

Idu geni tegese omongane tansah kelakon
Ilat mati tegese ora bisa ngrasakkake
Ilang klilipe tegese ilang mungsuhe


Tembung Entar Awalan Huruf J

Jaka lara tegese rikala nome rekasa
Jembar dhadane tegese sugih pangapura / sabar banget
Jembar kawruhe tegese akeh ilmune
Jembar kubure tegese mlebu swarga
Jembar segarane tegese sugih pangapura / sabar
Jero kawruhe tegese akeh ilmune / pinter


Tembung Entar Awalan Huruf K

Kadaluwarsa tegese kasep / wis kliwat
Kandel kulite tegese digdaya, sekti
Kandel kupinge tegese ora nggugu pitutur
Kaku atine tegese tansah ora sarujuk / sulaya
Kasar tembunge tegese tembunge saru
Katon dhadhane tegese wani adu arep
Kegugah atine tegese sadar / eling
Kelepetan ala tegese katut ala
Kembang lambe tegese tansah digunem kebecikane
Kakehan tangan tegese kakehan sing nyandak
Kembange urip tegese lelakone wong urip warna-warna
Kena tinenga-tenga tegese kena disambati
Kenceng karepa tegese kekarepane kudu keturutan
Kenceng tekade tegese tekade ora bakal mundur
Kulak warta tegese golek kabar / warta
Kuwat drajat tegese cocok dadi pemimpin / panguwasa
Kuwat isin tegese mlebes / ora isinan
Kuwat mangan tegese mangane akeh


Tembung Entar Awalan Huruf L

Lampe tipis tegese criwis / akeh ngomonge
Landhep dengkul tegese kethul banget
Landhep pikirane tegese pinter banget / gampang ngerti
Lara ati tegese serik atine
Lara ayu tegese lara cacar
Lara owah tegese edan / gendheng
Lara pangan tegese paceklik
Lobok atine tegese sabar
Luhur budine tegese kalakuane becik / apik
Luhur drajate tegese dadi wong pangkat / panguwasa
Luhur lakune tegese jujur
Lumah tangan tegese ora gelem cawe-cawe
Lunyu ilate tegese geneme mencla mencle



Tembung Entar Awalan Huruf M

Manis eseme tegese eseme ngresepake ati
Manis rembuge tegese guneme nyenengake ati
Mara tangan tegese seneng gawe lara / milara
Masa bodhoa tegese pasrah
Mata dhuwiten tegese srakah marang dhuwit
Mata loro tegese mangro tingal
Mateni pangane tegese gawe ilang panguripane
Mateng kawruhe tegese mumpuni, kawruhe wis tutug
Mateng rembugane tegese gunemane wis disarujuki
Mati sandhang pangane tegese ilang dalane golek panguripan
Mati raga tegese prihatin, tapa, tirakat
Medhot dalan tegese ora diterusake
Metani lupute tegese nggoleki salahe
Meres kringet tegese nyambut gawe mempeng
Meres pikir tegese temenan anggone mikirake
Mogel ilate tegese mangan sing sarwa enak
Mogol sinaune tegese ora tutug sekolahe
Murang tata tegese kurang ajar, ora duwe duga


Tembung Entar Awalan Huruf N

Nandhang sungkawa tegese lagi susah
Nanndur kebecikan tegese gawe kebecikan
Ngadu wuleding kulit tegese adu kekuatan
Ngangsu kawruh tegese golek ngelmu, meguru / sekolah
Ngatonake siyunge tegese nuduhake kekuatan / kawuwanene
Ngatonake dhadane tegese umuk / sesumbar
Ngekep dengkul tegese nganggur / ora nyambut gawe
Ngendhaleni hawa / nafsu tegese nyegah kekarepan sing ala
Ngepuh kringet tegese nyambut gawe mempeng
Ngemut driji tegese ora oleh apa-apa
Nyolok mata tegese ketara banget

Tembung Entar Awalan Huruf O

Oleh ati tegese disenengi
Oleh gawe tegese kaleksanan
Oleh wirang tegese kisinan
Oleh lara tegese kalaran
Ora duwe ati tegese kuwatir banget / wedi
Ora melek tegese ora ngerti
Ora ngunduh tegese ora oleh apa-apa
Nyolok mata tegese ketara banget



Tembung Entar Awalan Huruf P

Padhang dalane tegese mlebu swarga
Padhang hawa tegese lair nang donya
Padhang langite tegese seneng
Padhang ulate tegese sumeh
Pait getire urip tegese warna-warna lalakone wong urip
Pait lelakone tegese uripe rekasa
Panas atine tegese nesu banget
Pecah pamore tegese wis ngancik diwasa
Pecah pikire tegese wiwit bisa golek srana
Pedhes rembuge tegese guneme gawe serik
Perih atine tegese susah
Pingget atine tegese serik
Pulih getih tegese pak-puk, ora kalah / menang
Puput yuswa tegese mati / seda



Tembung Entar Awalan Huruf R

Rai gedheg tegese ora duwe isin
( Ng ) rengga praha tegese njaga negara
( Ng ) rengga salira tegese dandan / macak
Runtuh atine tegese tuwuh welase
Rupak atine tegese cugetan / ora gampang ngapura
Rupak jagate tegese judheg, ora bisa mrana-mrana


Tembung Entar Awalan Huruf S

Sabuk gelang tegese sawahe akeh banget
Sepi kawruh tegese bodho / ora nduwe ilmu
Seret rejekine tegese ora gampang goleki rejeki
Sesak dhadane tegese mangkel / anyel
Sumpeg atine tegese susah / sedih


Tembung Entar Awalan Huruf T

Tadhah kalamangsa tegese dipangan
Tadhah udan tegese lirangan gedhang sing dhuwur dewe
Tatu atine tegese serik banget
Tanpa tilas tegese entek blas
Thukul pikire tegese nduwe akal
Thukul tuurune tegese nduwe anak


Tembung Entar Awalan Huruf U

Udan tangis tegese akeh sing padha nangisi
Udan peteng tegese katon kesusu
Ulat manis tegese sumeh
Utang lara tegese tau nggawe larane wong liya
Utang nyawa tegese tau nggawe patine wong liya
Utang wirang tegese tau nggawe wirange wong liya


Tembung Entar Awalan Huruf W

Walang ati tegese sumelang / kuwatir
Wani mati tegese nekad / kendel banget
Wani silit wedi rai tegese ora wani terang-terangan
Weteng kadut tegese dremba / ora tampikan
Weteng karet tegese panganane akeh
Wedi getih tegese jirih / ora wani
Wedi kelangan tegese lumuh / keset             

Beberapa contoh tembung entar diatas adalah tembung entar yang lumrah / biasa kita temukan dalam kebiasaan berkomunikasi orang Jawa. Semoga bermanfaat dan bisa menambah wawasan anda.  

Posting Komentar untuk "200 + Contoh Tembung Entar, Pengertian dan Artinya"