Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

101 Kata Ucapan Ulang Tahun Bahasa Jawa [ Kromo Alus dan Ngoko ]

Kata-Kata Ucapan Selamat Ulang Tahun  Bahasa Jawa - Satu hal yang menjadi kebiasaan kita sehari-hari pada saat orang terdekat atau rekan kita berulang tahun adalah, kita memberikan ucapan selamat ulang tahun dan mendoakan mereka agar mereka mendapatkan berkat melimpah dalam kehidupan mereka.

 Kata Ucapan Ulang Tahun Bahasa Jawa Kromo Alus



Bagi yang tinggal dengan kultur atau budaya Jawa. Akan lebih baik apabila dalam mengucapkan hari ulang tahun, kita menggunakan bahasa Jawa entah itu bahasa Jawa halus maupun bahasa Jawa ngoko, tergantung dengan kebutuhan kita dan dengan siapa kita berbicara.

Yang menjadi masalah adalah ketika kita hendak mengucapkan hari kelahiran seseorang, namun tidak bisa menggunakan bahasa jawa yang benar. Sebagai contoh ketika orang tua kita berulang tahun. Sudah sepantasnya kita menggunakan bahasa Jawa halus atau kita menyebutnya dengan bahasa krama inggil.

Berbeda lagi jika teman atau orang yang umurnya sepantaran dengan kita berulang tahun. Maka tidak ada salahnya jika kita menggunakan bahasa Jawa ngoko. 

Akan jauh lebih baik lagi apabila anda menciptakan kartu ulang tahun dengan menyisipkan kata - kata selamat ulang tahun dalam bahasa Jawa agar lebih berkesan dan bisa disimpan di dalam galeri ponsel masing-masing.


Bagi anda yang saat ini sedang mencari kata ucapan ulang tahun bahasa Jawa halus maupun ngoko. Berikut admin berikan contoh kata-kata ucapan selamat ulang tahun dalam bahasa Jawa untuk orang tua, teman dan pasangan baik itu suami ataupun istri.  

Ucapan / kata-kata ulang tahun bahasa Jawa untuk orang tua 


 Kata Ucapan Ulang Tahun Bahasa Jawa  Kromo Alus

Wilujeng ambal warsa bapak / ibu. Nyodong agunging pangapura bok bilih kula tasih jangkar tatakrama tebih saking subasita. Ing suluk lan kidung-kidung sun tansah memuji ing ngarsa sang Hyang Widi. Mugi Gusti tansah paring panjenengan kabegjan, gegayuhan lan prajangka kajibah. Amien.

Nderek mangayu bagya ingkang kebak sih sukarena amargi dinten menika kaparingan kanugrahan tambahing 1 warsa yuswa, mugi tansah kaparingan kekiatan, kasantosan, tuwin karahayon wontening panggesangan, menapa ingkang ndadosaken gegayuan tansah dipun ijabahi dening Gusti ingkang maha welas asih. Berkah Dalem Gusti.

Wilujeng ambal warsa...Mugya tansah pinayungan berkah, rahayu wilujeng saking ngarsanipun Gusti Allah swt. Ugi pinaringan yuswa ingkang panjang, mirah sandhang pangan, lancar rejekinipun.
Sugeng ambal warsa dening bapak. Mugi pinaringan wilujeng slamet lan lubering rejeki kaliyan pinaringan kasihatan dening ingkang murbeng dumadi Allah SWT. Amin 

Katur Bapak / Ibu..Sugeng ambal warsa...mugi sedaya tindak lan lampah saklajengipun tansah jinangkung berkahing Allah ingkang Maha Kuwaos. Amin.

Ndherek mangayubagya ambal warsa Panjenengan. Dirga yuswa, sehat, semangat, bahagia, mirah rejeki ayem tentrem

Kepareng ngaturake Sugeng tanggap warsa mugya tansah kinaroban ing sih lan berkah dalem Gusti kang linuber makimplah-kimplah, sumrambah garwa, kanca,kadang lan putra wayah

Wilujeng ambal warsa. Mugi gusti tansah paring kanugrahan wujud kasarasan panjang yuswa murah rejeki katekan kang jinangka kasembadan kang sinedya. Amin

Nderek mangayu bagya Ambal Warsa. Mugi karahayon tansah kajiwa, kasarira wontening manah, tansah kaparingan bagas kuwarasan lan menapa ingkang dadosaken gegayuhan tansah kaleksanan. Panjang Yuswa Kebak Sih Sukarena. 

Nderek mangayu bagya ambal warsa. Mugi tansah kaparingan bagas kwarasan saha kinayungan karahayon ayom - ayem. Menapa ingkang dadosaken gegayuhan tansah kaijabahi Gusti ingkang Maha Wikan. Panjang Yuswa Kebak Sukarena.
Sugeng ambal warsa. Mugi tansah pinaringan rahayu widada. Tutug anggenipun momong putra wayah.

Katur bapak / ibu ingkang kalawingi nampi berkah mirunggan saking Gusti ingkang murba ing Dumadi...Ngaturaken " Sugeng Ambal Warsa " Mugi panjang yuswa...tansah sehat...awet nom..dados Berkah kasaenan kagem keluarga..masyarakat..Amin..

Katur bapak / ibu...Dinten menika dinten mirunggan..amargi panjenengane nampi berkahing Gusti kang Maha Asih...Wilujeng ambal warsa dak aturke..muga-muga krana sih Dalem iki..ing gesang saklajengipun tansah manggiha bagas waras...tentrem lan tinemu beja. Gangsar olehe golek pangupa jiwa. Tansaya dadi berkah kangge kelurga.. lingkungan saha masyarakat..

Ngaturaken sugeng ambal warsa Ibu...Mugi tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, panjang yuswo, ugi tansah pinaringan karahayon lindungan saking Gusti Allah SWT. Aamiin yaa Robbal'alamin.

Ngaturaken " SUGENG AMBAL WARSA " muga panjang yuswa..tansaha bagas waras jiwa lan raga..jembar manah..rejeki..tansah dadia berkah kanggo kulawarga...sesami...

Nderek mahargya ambal warsanipun bapak / ibu... engkang ngancik yuswa 58 th. Mugi tansah pinaringan kesehatan. 

 Kata Ucapan Ulang Tahun Bahasa Jawa  Kromo Alus



Ngaturaken wilujeng ambal warsa kagem bapak. Mugi tansah pinaringan karahayon, kasaenan, kawilujengan..nir ing sambikolo tuwin kebak barokahipun Gusti Allah. 

Ngaturaken sugeng ambal warsa kagem bapak. Mugi-mugi tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan panjang yuswo, lan tansah keturutan punapa ingkang dipun gayuh. Mugi Gusti tansah nganti lampah panjenengane wonten bebrayan. Amin

Ngaturaken sugeng ambal warsa ingkang kaping....Mugi-mugi Allah ingkang maha asih saget nyembadani nopo ingkang dipun gegayuh. Tansah dipun pinaring ayu hayurahayu kanti wilujeng. 

Sugeng ambal warsa ibu. Mugi Gusti Allah paring bagas kasarasan, panjang yuswa ingkang barokah. Amin.
Sugeng ambal warsa ibuku. Mugi tansah diparingi sehat lan kaluberan berkat.  


Ucapan / kata -kata ulang tahun bahasa Jawa untuk anak
November pinuju dino selikur iki. Kairing lakune gatri. Nora kroso nemlikur warsa kalakon kanti suka bagya nemai. Kanti tambaing yuswa iki, mugia Gusti tansah paring yuswa ingkang mugunani, kagem bapa, biyung, agami lan nagari.

Wis tahun sira dakkekudang ngger anakku. Sasuwene iku akeh solahbawamu kang ndadekake bungahing rama ibumu. Dakcecadhong rumentahing kang amurwabumi bisaha sira dadi wanitatama / striyatama. Sugeng ambalwarsa ngger anakku. Dadio putratama kang wicaksana, wasesa ing samubarang perkara. Amin

Dina iki tanggap warsamu ngger anakku. Wolulas warsa kapungkur kowe pinangka titipane Gusti kang maha asih. Digegulang kanthi rasa tresna lan kebak pangarep-arep. Muga mbesuke dadi satriya tama lan bebentenge kaluwarga. Sing kebak tanggung jawab sarta tangguh ing karya.  

Kata ucapan ulang tahun untuk suami / istri tercinta


Ana tresna kang kasimpen ing ati. Ana donga kang dak kidungake. Ana janji kang dak genggem rapet. Kanggo sliramu wong manis. Tan rinasa wektu lumaku. Kairing tangis lan esem. Sliramu tansah dadi kekuatanku. Tan ana intan opomaneh permata. Nora ana gurit. Hamung sak ukara kanggomu. Sugeng tanggap warsa pepujane ati. Ake marem nresnani sliramu. Mugi Gusti paring yuswa kang panjang lan berkah kanggo sliramu.

Ucapan / kata -kata ulang tahun bahasa Jawa untuk teman :


Ora nyana lan ora ingira...yen saiki panjenengan nampa berkah kabingahan saking Gusti kang murba ing dumadi. Nderek ngaturaken puji syukur lan nderek mangayubagya ambal warsa. Mugi panjang yuswa, tansah bagas waras dados berkah kasaenan lan dados malaekat kagem keluarga...ugi kagem sesami ing lingkungan sarta kita sadaya. Amin


Nderek mangayubagya ambal waras. Mugi pinaringan panjang yuswa murah rejeki lan tandai bagas waras. 

Tambah yuswa tambah tuwa. Akeh panjangka kang durung nyata. Tambah umur dadi uzur. Lara pacoba dadi dewasa. Wilujeng ambal warsa mbak / mas. Mugi pinaringan dirga yuswa saha tansah jinangkung dening Gusti. 

Wilujeng ambal warsa. Mugi Gusti kang hanyipta jagad tansah paring lumunturing sih kawelasan, tansah pinanggih kabagyan karaharjan saha kawilujengan. Nir widada kalis ing sambikala.

Sugeng Ambal Warsa, panjang yuswa...sehat lan gangsar anggenipun pados pangupajiwa..kasembadan kang dados angen-angenipun..dados berkah kangge keluarga sesami ...Amin..
Sugeng ambal warsa. Mugi tansah pinaringan karaharjan, sehat lan panjang yuswa sarta rejeki ingkang lumintu.

Syukurku marang Gusti. Mugi panjenengan diparingi yuswa kang migunani. Kanggo agami, kaluwarga lan sesami. Mugi tinebehna saking rubeda kang yekti. Kalis ing sambikala mring sadawaning mergi.

Sugeng ambal warsa ingkang kaping 40 tahun. Pangucap syukurkumring Gusti kanf akarya jagad. Wondene sliramu wis bisa ngancik tambahe yuswa. Pandongaku. Muga-muga kapirangan sih rahmate Gusti lan sehat, sarta rejeki ingkang gangsar.  

Halo kao sing ambal warsa. Sepurane yo lagek isoh ngucapke saiki.Selamet dungo lan ati-ati. Kudu akeh ibadah ben ora kakean sambat. Wes tambah tuwo, tambah gerang, ojo lali atimu yo njaluk disayang.  


Ucapan / kata -kata ulang tahun bahasa Jawa Singkat


 Kata Ucapan Ulang Tahun Bahasa Jawa [ Kromo Alus dan Ngoko ]


Sugeng tanggap warsa. Mugi tansah pinaringan kasarasan lan kabahagyan. 

Sugeng ambal warsa. Tansah kinabulna kang sinedya. Pinaringan rahayu. 

Sugeng ambal warsa mugi pinaringan sehat, kamulyan lan barokah. Amin 

Nderek mengayubagya ambal waras. Mugi pinaringan bagas waras, gangsar rejekinipun.

Sugeng ambal warsa. Mugi tetep kasinungan karahayon, katentreman, kabahagiaan tuwin kabagaskwarasan  

Ngaturaken sugeng ambalwarsa. Mugi tansah kinembeng kamulyan, kinembong ing karahayon. Amin 

Saat ini tidak jarang kita jumpai orang Jawa namun tidak bisa berbahasa Jawa. Sungguh sangat disayangkan apabila sampai terjadi bahasa Jawa mati di tanah Jawa sendiri. Banyak orang yang enggan, malas atau yang lebih parah masa bodoh dengan budayanya.

Sebagai orang yang peduli akan budaya bangsa, marilah kita melestarikan budaya kita, salah satunya dengan menggunakan bahasa daerah kita masing-masing.






Dengan menggunakan kata ucapan ulang tahun berbahasa Jawa seperti yang telah disebutkan diatas. Setidaknya kita bisa turut berbangga dan bisa melestarikan salah satu budaya bangsa Indonesia.

Posting Komentar untuk "101 Kata Ucapan Ulang Tahun Bahasa Jawa [ Kromo Alus dan Ngoko ] "