Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pidato Sambutan Bahasa Jawa Acara Pernikahan Disertai Teks MCnya

Tidak semua orang bisa melakukan pidato sambutan acara pernikahan dalam bahasa Jawa. Hal itu karena bahasa Jawa itu relatif lebih susah karena mempunyai tingkatan tidak seperti bahasa Indonesia. Namun semua bisa dipelajari, apabila kita sering berlatih maka niscaya kita akan bisa. 

Sebagai sarana untuk berlatih, maka kita memerlukan teks pidato sambutan yang didalamnya berisikan  hal-hal yang ingin disampaikan seperti ucapan terimakasih kepada hadirin, harapan dari penyelenggara, permohonan doa dan restu dari para tamu serta harapan agar acara bisa berjalan dengan lancar tanpa suatu kendala apapun.

Sambutan Bahasa Jawa Acara Pernikahan

Di kesempatan kali ini admin akan memberikan contoh teks pidato sambutan acara pernikahan dalam bahasa Jawa yang bisa anda pergunakan apabila anda dipercaya sebagai perwakilan dari keluarga penyelenggara acara, ataupun sebagai mc suatu acara pernikahan. Berikut contohnya :


Pidato Pembukaan Acara Pernikahan Bahasa  Jawa 1

Assalamu'alaikum WR. WB. 

Kawula nuwun, panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Panjenenganipun para priyagung dharahing nata, para sarjana sujaneng budi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning negari, mangka pandam pandoming para kawula dasih, ingkang pantes, katuran sagunging pakurmatan. 

Para alim ulama, para rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, minangka panuntun keblating manembah, ingkang satuhu linuluhuring budi. Para baraya wira wiyata, ingkang marsudi ing reh kridhaning budaya  myang karya.

Para puma karya lebet praja, ingkang rhahambeg luhuring darma, miwah para kadang sutresna mudha wredha ingkang pantes sinudrsana, punapa dene para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging aksama. Mugi pinarenga kawula hambuka wiwaraning suka wenganing aksama dwaraning kandha, nun inggih mradapa awit saking keparengipun ingkang hamangku gati, kawula piniji hanjejeri minangka pangendhaliwara, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwahan prasaha ing hari / ratru kelenggahan punika.

Saderengipun kawula ngaturaken mengdah reroncening tata adicara, kinarya hamurwani lekas wekasing karti gatining karya, murih purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambekala, sumangga langkung rumiyin kawula dherekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmad lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, sahengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha kaperluan rawuh kempal manunggal wonten sasana pawiwahan / pahargyan mriki, saperlu hanjenengi saha paring berkah pagestu dumateng panjenenganipun Bapak / Ibu....( ingkang mengku gati ) anggenipun hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para rawuh kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpaka dening para kaluwangsa nun inggih :

Minangka purwakaning adicara, tinarbuka sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasana rinengga. Tanggap risang duta apamethuk dupi hamirsani atmaja temanten putri lenggah anggana raras, tumunten bidhal dhumateng palemanipuri : putra temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju dhumateng sasana pawiwahan.

Sasampun putra temanten kakung rawuh wonten ing sasana rinengga, tumunten kalakengaken adicara pasrah panampi. Paripurna adicara pasrah panampi, kalajengaken dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan.

Madyaning suka ing kalenggahan punika boten kekilapan kadang besan sutresna, lekasing sedya ugi nderek mangayubagya keparengipun ingkang hamengku gati, mila lajeng manjing wonten sasana pawiwahan, ginaruyung sagunging para kadang santana, tumunten kalajengaken upacara sungkeman.

Ing salajengipun, panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharha  katur panjenenganipun sagung para tamu. paripurna atur pambagyaharja katur panjenenganipun sagung para tamu.

Paripurna atur pambagyaharja, temanten sarimbit badhe kalengser saking madyaning sasana wiwaha, manjing sasana busana, saperlu rucat busana kanandran. Santun busana kasatriyan. Sesampunipun temanten sarimbit paripurna hangagem busana kasatriyan, tumunten kasowanaken malih wangsul ngabyantara para tamu, saperlu nyenyandhang pudyastawa mrih widadanin bebrayan.

Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasana rinengga, tumuju wiwaraning, tandha yekti pawiwahan sampun paripurna.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing hari / ratri kelenggahan punika. Ing salajengipun keparenga para tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kula dherekaken hanyrantos tumapaking adicara, sinambi nglaras rarasing gendhing-gendhing saking paguyuban karawitan.....ingkang dipun pangarsani dening panjenengan Bapa...Nuwun, nuwun, maturnuwun.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.     



Pidato Pembukaan Acara Pernikahan Bahasa Jawa 2

Assalamu'alaikum WR. WB

Dhumateng panjenenganipun para sesepuh, pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating praja satriya ning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wi-ra tamtama, para para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bapak....sekalihan garwa, kula ingkang kapidhetan sinarya hambuka wawaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kaluwangsa ingkang tamtamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahana punika. Nun inggih panjenenganipun Bapak...netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.

Para rawauh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging pancasila sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung-langkung para pinisepuh ingkang sampun handung kaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa pujin hastuti wonten ngarsanipun Gustu purbaningrat, karana agung barokah saha. Rahmatipun ingkang rumentah dumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing puri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu niring sambekala.

Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara :

  • Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng humarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga dening para ingkang piniji.
  • Pasrah panampining putra temanten kakung dening para tetuwangga ingkang piniji.
  • Panggihing putra temanten kakung dening para tetuwangga ingkang piniji.
  • Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.
  • Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa
  • Ingkang salejengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih winastan upacara kirab 1.
  • Kirabing putra temanten ingkang angka 11 winastan kirab kasatriyan.
  • Wondene prathanda cetha paripurnaning pahargyang prasaja ing mangke hambok bilih sampun wonten prathanda saking kaluwarga minangka paran para.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing puri kelenggahan punika, mila hawit sakung punika mugi wontena suka lilaning penggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika. Nuwun, nuwun maturnuwun.

Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karama sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadai salira mulas wadana, kapering sedya sri atmaja tematen putri bahe humarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu....saha Ibu hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggaaken dhumateng para-para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling ketawang puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga nun nuwun.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.



Contoh Pidato Acara Pembuka Pasrah Pengantin 1

Wus sumekta ing gati, nun inggih sri atmaja temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara pawiwahan, kepareng badhe hanetepi wonten sangejenginng wiwara pawiwahan, kepareng bahe hanetepi upacara pasrah. Cucuking cundaka ingkang dipun sarirani panjenenganipun Bapa.....miwah pengapiting putra temanten kakung, panjenenganipun Bapa.....saha Bapa.....kados sampun sumekta, kepareng badhe masrahaken risang pinanganten kakung dhumateng ngarsaipun Bapa / Ibu ( ingkang mengku gati ) ingkang kalenggahan mangke badhe dipun sarirani panjenenganipun Bapa....Wondene ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bapak...saha Bapak...Ing salajengipun dhumateng panjenenganipun para-para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken, sumangga. Nuwun.


Contoh Pidato Acara Pembuka Pasrah Pengantin 2

Wus tinata tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara, kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun Bapak...minangka sulih salira panjenenganipun Bapak...( ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman ) Bapak.....( Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak ). Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bapak....Jumenengipun Bapak....ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bapak....ingkang sarta Bapak....hambok bilih sampun sumekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji sumangga nun. Nuwun. 


Demikian beberapa contoh teks MC pidato sambutan Bahasa Jawa dalam suatu acara pernikahan yang bisa anda gunakan untuk berlatih. Contoh teks diatas diambil dari buku Tuladha Tanggap Wacana Bahasa Jawi yang ditulis oleh Bp.Wignyo Soedirjo, S.Sn terbitan Grafika Mulia. Silahkan anda membeli bukunya dan anda akan bisa mendapatkan banyak sekali contoh tanggap wacana dalam berbagai acara. Terimakasih.

Posting Komentar untuk "Pidato Sambutan Bahasa Jawa Acara Pernikahan Disertai Teks MCnya"